khutbah jumat bahasa jawa hikmah iman marang takdir dakwah.id

[PDF] Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Hikmah Iman Marang Takdir

Terakhir diperbarui pada · 4,878 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Hikmah Iman Marang Takdir

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

  • Link download PDF materi khutbah Jumat ada di akhir tulisan.
  • Jika ingin copy paste materi khutbah Jumat ini untuk keperluan repost di media lain, silakan baca dan patuhi ketentuannya di sini: copyright

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sadaya puji naming kagunganipun Allah subhanahu wata’ala piyambak. Inggih punika Dzat kang nguwaosi alam semesta menika. Allah subhanahu wata’ala menika Dzat kang Maha Welas lan Maha Asih, ingkang sampun, taksih lan tansah maringi nikmat, taufik lan hidayah dhumateng hambanipun.

Shalawat lan salam mugi tansah dipun paringaken dhumateng junjungan kita, panitan sadaya manungso, nabi akhir zaman; Muhammad bin Abdillah shallallahu ‘alaihi wasallam. Ugi dhumateng para kulawarga, shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun.

Kulo tansah wasiati dhumateng badan piyambak, kawulo ingkang alit lan faqir ugi dhumateng para jamaah sadayanipun, mangga sami-sami ningkataken takwa wonten ing dalem Allah subhanahu wata’ala.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Kita menika wajib pitados bilih Allah subhanahu wata’ala menika ingkang nguwaosi sedaya titah. Manawi Allah subhanahu wata’ala ngersakaken satunggalipun perkawis kedah kedadosan, cekap Allah ngendika: “Wujuda” bakal wujud sadayanipun.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: 4 Sifat Tiyang Ingkang Khusyuk

Allah subhanahu wata’ala menika ingkang mangertosi sadaya obah lan tingkahe manungso sanajan taksih wonten saklebetipun manah, perkawis napa kemawon wonten ing astanipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

اِنَّمَا قَوْلُنَا لِشَيْءٍ اِذَآ اَرَدْنٰهُ اَنْ نَّقُوْلَ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ

“Sanyata pangandikanipun Ingsun Manawa Ingsun karsa anithahake sawijining barang, iku cukup Ingsun dhawuh: “Anaa !” barang mau banjur ana.” (QS. An-Nahl: 40)

Wonten ing ayat sanes Allah ugi dhawuh:

لِلّٰهِ الْاَمْرُ مِنْ قَبْلُ وَمِنْۢ بَعْدُ ۗ

“…Kagungane Allah sakabehing perkara (pitulung lan giliran), sadurunge lan sawuse…” (QS. Ar-Rum: 4)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Allah subhanahu wata’ala menika ingkang nentokaken perkawis sakderengipun nitahaken sadaya kedadosan lan ingkang ngatur sadaya ingkang wonten punika kanthi ilmu, kawicaksanan, lan irodahipun.

Sadayanipun sampun dipun takdiraken Allah, lan kita manungso menika sagedipun naming ikhtiyar. Pramila sadaya perkawis wonten astanipun Allah lan ikhtiyar budi daya punika jatah kita manungso. Kita sagedipun ngolah punapa ingkang diparingaken Allah subhanahu wata’ala.

Allah gadhah pangandikan,

مَآ اَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مِّنْ قَبْلِ اَنْ نَّبْرَاَهَا ۗاِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌۖ

“Ora ana bilahi kang nempuh ing bumi, sarta kang nempuh ing sira, kajaba wus katulis ana ing Kitab (Lauhul Mahfuzh) sadurunge bilahi iku Ingsung lahirake, sanyata kang mangkono mau gampang banget mungguhing Allah.” (QS. Al-Hadid: 22)

Punapa kita kedah wajib iman marang takdir Allah, sarta mboten ninggal satunggaling upaya utawi ingkang kawestanan ikhtiyar? kranten manungsa menika diparingi kemampuan saget mbentenaken perkawis kang sae punapa kang awon.

Allah paring pangandikan,

فَمَنْ شَاۤءَ اتَّخَذَ اِلٰى رَبِّهٖ مَاٰبًا

 “Sing sapa gelem, mangka ngalapa pangungsen marang Allah Pangerane.” (QS. An-Naba’: 39)

Hikmah Iman Marang Takdir

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Iman marang takdir Allah subhanahu wata’ala menika saget dhatengaken pinten-pinten hikmah, antawisipun:

Setunggal: Ningkataken kesabaran

Iman marang takdir Allah subhanahu wata’ala menika saget ningkataken kesabaran, kranten piyambakipun tiyang Islam menika sadar bilih sadaya punapa kedadosan menika saking kuaosipun lan titahipun. Lan ijin naming Allah kemawon ingkang mangertosi napa kang sae kangge kawulanipun.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

وَمِنْ اٰيٰتِهِ الْجَوَارِ فِى الْبَحْرِ كَالْاَعْلَامِ ۗ اِنْ يَّشَأْ يُسْكِنِ الرِّيْحَ فَيَظْلَلْنَ رَوَاكِدَ عَلٰى ظَهْرِهٖۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍۙ

“Saweneh saka tandha yekti kuwasaning Allah, yaiku prahu kang padha lelayaran, ana ing tengahing segara kang wus saemper gunung-gunung. Manawa dadi kaparenging karsaning Allah, ngendheg angina, ing kono prahu kang lelayaran mau uga banjur mandheg, kumambang kampul-kampul sadhuwuring segara, meski kelakon! Sanyata kang mangkono mau dadi tandha yekti tumrap wong sabar lan akeh syukure.” (QS. Asy-Syūrā: 32-33)

Kalih: Tansah Ikhtiyar

Iman marang takdir Allah ndamel tiyang tansah ikhtiyar lan usaha hanglampahi perkawis ingkang paling sae. Lan kanthi ikhtiyar Allah subhanahu wata’ala badhe paring margi gampil.

Allah paring pangandikan,

وَقُلِ اعْمَلُوْا فَسَيَرَى اللّٰهُ عَمَلَكُمْ وَرَسُوْلُهٗ وَالْمُؤْمِنُوْنَۗ وَسَتُرَدُّوْنَ اِلٰى عٰلِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۚ

“Dhawuha sira Muhammad, Sira padha amal tumandanga ing gawe, mangka Allah lan utusane sarta wong-wong kang padha iman, bakal sumurupuwohing tindakira, lan sira bakal padha dibalekake, sowan ana ngarsaning Pangeran kang ngawuningani barang ghaib, lan kang kaseksen. Tumuli panjenengane anjlentrehake marang sira kabeh saka barang kang padha sira tindakake.” (QS. At-Tawbah: 105)

Tiga: Kaendha saking sifat sombong

Tiyang ingkang iman marang takdir Allah temtunipun ngayektosi bilih napa kemawon kedadosan ingkang kita alami menika saking titahipun Allah, pramila mboten pantes menawi kita tumindak takabbur.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Mangga Netepi Hak Al-Quran

Allah paring pangandikan,

وَلَا تُصَعِّرْ خَدَّكَ لِلنَّاسِ وَلَا تَمْشِ فِى الْاَرْضِ مَرَحًاۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُوْرٍۚ

“Lan poma sira aja malengosake pipi nira saka manungsa, kaya kalakuane wong ghumedhe, lan sira aja lumaku ana ing Bumi kalawan umuk (semangkean). Satemene Allah iku ora remen marang kabeh wong kang umuk tur kumalungkung.” (QS. Luqmān: 18)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawulo aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulyo kagem khatib pribadi lan jamaah samudoyonipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Hikmah Iman Marang Takdir ing mriki:

Mugi Manfaat!

Artikel Terbaru:

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *