Khutbah Jumat Bahasa Jawa 4 Sifat Tiyang Ingkang Khusyuk dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 4 Sifat Tiyang Ingkang Khusyuk

Terakhir diperbarui pada · 2,130 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
4 Sifat Tiyang Ingkang Khusyuk

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro S.Pd.I

 

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir postingan

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي عَلَّمَ الْقُرْآنَ وَخَلَقَ الْإِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Alhamdulillah, puji lan syukur kita aturaken dhumateng Allah subhanahu wata’ala, Dzat ingkang nyipta, ngreksa lan ngatur dhumateng sedaya ngalam kanthi qadratipun ingkang Maha Agung.

Salam lan Shalawat mugi tansah lumeber dhumateng junjungan lan panutan kita Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhumateng kita sami. Amin.

Sumangga kita tansah ikhtiyar ningkataken iman saha takwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala wonten ing margi tansah njumenengaken sadaya dhawuhipun lan nebihi sedaya pepacuhipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”  (QS. Ali Imran: 102)

 

Jamaah shalat Jum’at ingkang dirahmati Allah

Kita sami sampun asring manggihi lan maos satunggaling lafadz wonten ndalem al-Quran ananging dereng saget ngamalaken kanthi maksimal. Kita sami ugi sampun perso maknanipun lafadz meniko ananging praktek wonten ing gesang sak dinten-dinten taksih kirang.

Pramila sumangga kita sedaya sareng-sareng hanggatosaken lafadz meniko, nyinau maksudipun, ngleresaken pemangging-pemanggih kang luput lan mujudaken wonten prilaku gesang kita. Lafadz meniko yaiku Khusyuk. Menika sejatosipun syi’ar tiyang-tiyang ingkang bertaqwa dhumateng ngarso dalem Allah subhanahu wata’ala.

Allah subhanahu wata’ala ngendikakaken:

فَاسْتَجَبْنَا لَهٗ ۖوَوَهَبْنَا لَهٗ يَحْيٰى وَاَصْلَحْنَا لَهٗ زَوْجَهٗۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا يُسٰرِعُوْنَ فِى الْخَيْرٰتِ وَيَدْعُوْنَنَا رَغَبًا وَّرَهَبًاۗ وَكَانُوْا لَنَا خٰشِعِيْنَ

Ingsun nuli nyembadani panyuwune sarta ingsun paring anak, yaiku Yahya, lan batine ingsun gawe becik, sarta padha andedonga marang ingsun kalawan pengarep-arep kinabulake, lan rasa kuwatir, sarta dheweke iku padha tansah khusyuk marang ingsun.(QS. Al-Anbiya’: 90)

Saktemenipun ingkang wiwitan bakal diangkat dening Allah subhanahu wata’ala saking tiyang-tiyang Islam nggih menika babagan khusyuk.

Perkawis menika sampun cetha dipun dawuhaken Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam wonten ing satunggaling riwayat saking Abu Darda’,

لَأُحَدِّثَنَّكَ بِأَوَّلِ عِلْمٍ يُرْفَعُ مِنَ النَّاسِ؟ الخُشُوعُ، يُوشِكُ أَنْ تَدْخُلَ مَسْجِدَ جَمَاعَةٍ فَلَا تَرَى فِيهِ رَجُلاً خَاشِعًا

Temen tak wenehi khabar perkara ilmu kang sepisan bakal dicabut dening Allah subhanahu wata’ala. (yaiku) khusyuk. Menawa sliramu mlebu ana ing masjid saperlu nindakake shalat jama’ah mangka bakal ora ana siwiji wae wong kang shalat itu bisa khusyuk.” (HR. Tirmidzi No. 2653)

Ngengingi bilih perkawis khusyuk menika penting sanget, pramila kita sami sareng hanggadahi kawigatosan serius supados Allah mboten mundhut sifat sae menika saking manah-manah kita.

Jamaah shalat Jum’at ingkang dirahmati Allah

Khusyuk menika sejatose napa maknanipun, banjut tiyang-tiyang ingkang sampun diparingi sifat menika napa mawon ciri-cirinipun?

Khusyuk maknanipun lembut lan antenging manah sarta patuhipun dhumateng dhawuh agami. Manah ingkang sampun kaparingan sifat khusyuk bakal dipun dhereki khusyukipun jawarih (anggota badan) kanthi kersa taat manembah dhumateng Allah subhanahu wata’ala.

Kadosdene sabdanipun Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam,

أَلَا وَإِنَّ فِي الجَسَدِ مُضْغَةً: إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الجَسَدُ كُلُّهُ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الجَسَدُ كُلُّهُ، أَلَا وَهِيَ القَلْبُ

Ngertenana mbok bilih ning njero jasad kui ana sak gegem getih; menawa apik bakal melu apik sak kabehing jasad, lan menawa rusak bakal melu rusak sak kabehing jasad, yaiku kalbu.” (HR. Bukhari dan Muslim)

Temen sanget para rawuh sedadyanipun, bilih jejegipun manah menika agawe jejegipun anggota badan sanes. Akalipun jejeg, mripat, kuping, tangan, suku, lan sanesipun badhe tumut jejeg utawi hanglairaken amalan kang sae.

Kanjeng nabi nuntun donga dhumateng kita wekdal kita sami ruku’ wonten ing shalat,

اللهُمَّ لَكَ رَكَعْتُ، وَبِكَ آمَنْتُ، وَلَكَ أَسْلَمْتُ، خَشَعَ لَكَ سَمْعِي، وَبَصَرِي، وَمُخِّي، وَعَظْمِي، وَعَصَبِي

Duh gustiAllah, kawula ruku’, iman, lan pasrah namung dhumateng panjenengan. Duh gusti Allah menika pangrungu, paningal, otak, balung lan driji-driji kawula namung patuh dhumateng panjenenan. (HR. Bukhari)

Jamaah shalat Jum’at ingkang dirahmati Allah

Supados kita saget njagi kekusyukan, mangga kita sinau sesarengan sifatipun tiyang-tiyang ingkang khusyuk wonten ing al-Quran.

Setunggal     : Ajrih dhumateng Allah subhanahu wata’ala

Tiyang ingkang khusyuk menika hanggadahi raos ajrih dhumateng Allah subhanahu wata’ala ngantos-ngantos piyambakipun gampil nangis nalikaning hamersani tanda kuwasaning Allah subhanahu wata’ala wonten ing jagad dunya menika.

Mboten dipun damel-damel kadosdene gampil nangisipun tiyang sak menika, ananging jalaran saking iman dhumateng Allah subhanahu wata’ala.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Jaganen Shalatmu!

Dhawuhipun Allah subhanahu wata’ala,

Wong-wong kang wus diparingi ilmu wiwit sadurunge Quran temurun, manawa Quran mau diwacakake marang dhewekw, banjur padha njungkel sungkem sarana bathuke karo sujud. Lan wong-wong mau padha matur ‘Maha suci pangeran kita, sayektosipun janjining pangeran kita punika temtu kalampahan. Lan wong-wong mau padha njungkel sumungkem sujud kalawan nangis, sarta al-Quran iku muwuhi khusyuke (tumungkule).’” (QS. Al-Isra’: 107-109)

Kalih              : Sabar ngadepi ujian lan negakaken shalat

Kang diarani tiyang ingkang nggadahi sifat khusyuk yaiku piyambakipun ingkang tansah sabar madepi ujian utawi bala’ saking ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala. Kranten gesang punika pancen sarana ujian keimanan. Sanesipun sabar tiyang menika ugi tansah ngreksa sedaya dhawuhipun Allah sae menika shalat, zakat, lan sak piturutipun.

Allah paring pangandikan,

Muhammad! bebungahen wong kang padha mbangun turut ing Allah. Yaiku manawa asmaning Allah disebut,wong mau atine padha trenyuh dheg-dhegan, lan padha sabar (kuwat) nampa cobaning Allah kang ngenani dheweke; lan padha ngedekake shalat, apa dene padha gelem andanakake sawenehe barang kang wus lingsun paringake ing dheweke.(QS. Al-Hajj: 34-35)

Tiga                : Iman dateng Allah, Rasul lan Kitabipun

Tiyang ingkang khusyuk menika sanese kedah hanggadahi keimanan kang bener piyambakipun ugi mboten handelikake al-haq utawi kebenaran punapa ugi tansah ngadol agama kalawan dunya ingkang sekedhik.

Dhawuhipun Allah subhanahu wata’ala,

Sanyata saka sawenehe wong ahli kitab ana kang iman marang Allah, lan percaya marang kitab kang diturunake marang sira, lan percaya marang kitang kang diturunake marang dheweke, sarta padha khusyuk ibadahe ing Allah, lan ora padha ngedol ayat-ayating Allah kalawan rega kang murah. Wong kang mangkono mau bakal nampa ganjarane ana ing ngarsaning Allah pangeran sesembahane, sanyata Allah iku rikat banget pangitune.(QS. Ali-Imran: 199)

Sekawan       : Yakin bakal panggih Allah subhanahu wata’ala

Sapa wonge sing seneng ketemu karo pangerane ana ing dina kiamat, Allah ya tansah seneng ketemu hambanipun. Wangsulanipun, sapa wonge sing gething ketemu pangerane, Allah ya gething ketemu marang deweke.

Tiyang ingkang khusyuk menika hanggadahi pengajeng-ajeng gedhe saget ketemu Allah tegesipun dados ahli suarganipun ingkang salah setunggal nikmat ahli suarga nggih menika saget kepanggihan Allah subhanahu wata’ala.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Mangga Netepi Hak Al-Quran

Allah paring dhawuh,

Lan sira padha ngupaya pitulung sarana sabar lan shalat, lan sanyata shalat mau pancen abot tumindake, kajaba tumrap wong kang padha konjem atine (khusyuk). Yaiku wong-wong kang padha ngestokake yen dheweke mesthi bakal padha ketemu ing pangeran sesembahane, serta dheweke temen-temen bakal sowan ana ing ngarsane.(QS. Al-Baqarah: 45-46)

Jamaah shalat Jum’at ingkang dirahmati Allah

Mekaten khutbah Jumat babagan sifat tiyang ingkang khusyuk ingkang saget kawula aturaken. Mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.


KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 

 

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
4 Sifat Tiyang Ingkang Khusyuk ing mriki:

DOWNLOAD PDF

Mugi manfaat!

 

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

0 Tanggapan

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *