materi khutbah jumat bahasa jawa jaganen shalatmu bakal lancar rezekimu dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Jaganen Shalatmu

Terakhir diperbarui pada · 9,324 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Ja
ganen Shalatmu Bakal Lancar Rezekimu

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro S.Pd.I

 

  • Link download PDF materi khutbah Jumat ada di akhir tulisan.
  • Jika ingin copy paste materi khutbah Jumat ini untuk keperluan repost di media lain, silakan baca dan patuhi ketentuannya di sini: copyright

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

الْحَمْدُ للهِ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ وَيَقْدِرُ، إِنَّهُ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِلَيْهِ تَصِيْرُ الْأُمُوْرُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Jamaah shalat Jumat arsyadakumullah

Puji lan syukur katuraken dhumateng ngarsanipun Allah Ta’ala, Dzat Ingkang Maha Kuwaos dan Ingkang Maha Welas ugi Asih. Namun dhumateng piyambakipun kita manembah lan nyuwun pitulungan.

Shalawat ugi salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam. Sumrambah dhumateng keluarga lan para sahabatipun. Mugi kita sedaya pinaringan syafa’atipun benjang ing dinten kiyamat, amin.

Sumangga kita sedaya tansah hambudidaya lan ningkataken takwa dhumateng Allah Ta’ala kanthi saestu-estunipun takwa. Kita tindakaken sedaya punapa ingkang dados titahipun lan kita tilar sedaya punapa ingkang dados pepacuhipun Allah subhanahu wata’ala. Awit saking menika karakter mukmin ingkang sejatosipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat arsyadakumullah

Kathahipun menungsa nginten bilih ganjaran saking njagi ibadah shalat menika namung wonten ing alam akhirat  kemawon, mboten wonten ing pagesangan donya.

Padahal tiyang ingkang njagi shalat badhe keparing kebahagiaan lan katentreman batin ingkang menika luwih sae tinimbang donya lan perhiasanipun.

Mboten wonten perkawis ingkang saged nandingi nikmat kebahagiaan lan katentreman batin. Lan mboten wonten satunggaling amalan ingkang ndadosaken hamba saged bahagia kajawi munajat dhumateng Allah kanthi sarana ibadah shalat.

Shalat saged ndatengaken rezeki saking ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala. Kados firmanipun wonten ing al-Qur’an nalikaning Allah mrintahaken dhateng nabinipun:

وَأْمُرْ اَهْلَكَ بِالصَّلٰوةِ وَاصْطَبِرْ عَلَيْهَاۗ لَا نَسْـَٔلُكَ رِزْقًاۗ نَحْنُ نَرْزُقُكَۗ

Lan mrentahna tumindak Shalat marang ahlinira, Ian sing tlaten sabar (dibetah) ngajak nindakake Shalat mau, Ingsun ora mundhut rezeki (ingon) marang sira, ananging malah Ingsun kang ngrezekeni (ngingoni) sira.” (QS. Thāhā: 132)

Imam Ibnu Katsir paring penjelasan babagan ayat sakmenika,

إِذَا أُقِمَتِ الصَّلاَةُ أَتَاكَ الرِّزْقُ مِنْ حَيْثُ لاَ تَحْتَسِبُ

Menawi shalat ditegakaken (kanthi sae) mila rezeki bakal tumeko marang sira tanpa dinyana-nyana.

Kanthi menika ugi satunggaling ulama naminipun Imam Bakr bin Abdullah Al-Muzanni ngendika nalikaning keluarganipun nandhang sawijining hajat, “Ayo padha tegakna shalat. Amarga Allah lan Rasulipun kang ndawuhake mekaten. Lajeng piyambakipun maosaken ayat sak menika.

Mila kemawon mangga menawi kita manggihi entenipun kesempitan rezeki wonten ing gesang, sami instropeksi dateng ibadah shalatipun dospundi dipun jagi. Punapa sampun maksimal utawi dereng maksimal.

Jamaah shalat Jumat arsyadakumullah

Shalat menika cirinipun tiyang ingkang sae lan para ulama, malahan menika cirinipun para nabi lan rasul. Menika nabi Ibrahim khalilurrahman ingkang kersa nilar garwanipun ibunda Hajar lan putranipun Ismail wonten ing tengah gurun kang gersang, lajeng nyuwun dhumateng Allah subhanahu wata’ala,

رَبَّنَآ اِنِّيْٓ اَسْكَنْتُ مِنْ ذُرِّيَّتِيْ بِوَادٍ غَيْرِ ذِيْ زَرْعٍ عِنْدَ بَيْتِكَ الْمُحَرَّمِۙ رَبَّنَا لِيُقِيْمُوا الصَّلٰوةَ فَاجْعَلْ اَفْـِٕدَةً مِّنَ النَّاسِ تَهْوِيْٓ اِلَيْهِمْ وَارْزُقْهُمْ مِّنَ الثَّمَرٰتِ لَعَلَّهُمْ يَشْكُرُوْنَ

Dhuh Pangeran kawula! Saestunipun kawula sampun ngenggenaken sabageyan anak turun kawula wonten ing jurang ingkang datan wonten tetanemanipun, iggih punika Dalem Paduka Baitullah, ingkang minulya. Dhuh Pangeran kawula! Kawula ngenggenaken tedhak turun kawula wau, supados sami nindakaken Shalat. Jalaran saking punika, mugi manahipun para manungsa, Paduka condhongaken dhateng panggenan punika, sarta mugi Paduka paring rezeki dhateng tetiyang wau rupi woh-wohan, mugi-mugi piyambakipun sami syukur!” (QS. Ibrahim: 3)

Nabi Ibrahim mboten tedha rezeki katur keluarganipun dhumateng Allah kajawi sampun ngajengaken syaratipun inggih menika njejegaken shalat. Pramila Allah paring kabul donganipun, sehingga dipun paring sumber air lan dhaharan.

Jamaah shalat Jumat arsyadakumullah

Menika ugi Ibunda Maryam, wanita ahli ibadah lan ahli taat ingkang Allah paring rezeki wonten ing panggenan shalatipun utawi ingkang kawestanan mihrab. Allah subhanahu wata’ala berfirman,

كُلَّمَا دَخَلَ عَلَيْهَا زَكَرِيَّا الْمِحْرَابَۙ وَجَدَ عِنْدَهَا رِزْقًا ۚ قَالَ يٰمَرْيَمُ اَنّٰى لَكِ هٰذَا ۗ قَالَتْ هُوَ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ

Saben-saben Zakariya mlebu ana ingi pangimamane (mihrab), dheweke weruh ing sandhinge Maryam wusana panganan. Zakariya angucap pitakon, ‘He Maryam, saka ngendi tekaning panganan iki?’, wangsulane Maryam aris, ‘Tetedhan punika paringan saking ngarsaning Allah subhanahu wata’ala, sayektosipun Allah subhanahu wata’ala paring rezeki dhumateng tiyang ingkang dados keparenging karsanipun tanpa wicalan.” (QS. Ali ’Imran: 37)

Sinten kemawon ingkang melajari kisah ibunda Maryam piyambakipun bakal yakin bilih rezeki menika gumantung wonten ing ibadah shalat. Munajatipun hamba wonten ing shalat, nyuwun hajat punapa kemawon mboten badhe dipun sia-siakan dening Allah subhanahu wata’ala.

Materi Khutbah Jumat: Karakter Hamba Allah yang Terbaik

Bahkan gusti Allah subhanahu wata’ala ingkang Maha Welas lan Asih badhe miyaraken rezekinipun, ngicalaken kasisahanipun lan nyukani ganjaran ingkang tirah ageng ing alam akhirat  benjing.

Jamaah shalat Jumat arsyadakumullah

Satunggal malih bukti menawi shalat punika saged lancaraken rezeki. Kisahipun nabi Syu’aib nalikaning dakwah dhumateng kaumipun supadhos mentauhidaken Allah swt. ananging kaumipun malah ngendhani banjur ngucap :

قَالُوْا يٰشُعَيْبُ اَصَلٰوتُكَ تَأْمُرُكَ اَنْ نَّتْرُكَ مَا يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَآ اَوْ اَنْ نَّفْعَلَ فِيْٓ اَمْوَالِنَا مَا نَشٰۤؤُا ۗ

Kaume Syu’aib matur: ‘Dhuh Nabi Syu’aib, punapa Shalat panjenengan punika ingkang andhawuhaken dhumateng panjenengan, supados kita nilar Pepundhen ingkang dipun sembah dening Bapa-bapa kita? Utawi ngawisi kita nglampahaken bandha sakajeng-kajeng kita? Saestunipun panjenengan punika tiyang ingkang lembah manah tur waskitha!’” (QS. Hud: 87)

Lajeng menika jawabipun nabi Syu’aib ingkang nyebataken rezeki jaminan saking Allah subhanahu wata’ala,

قَالَ يٰقَوْمِ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كُنْتُ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْ وَرَزَقَنِيْ مِنْهُ رِزْقًا حَسَنًا

Nabi Syu’aib mangsuli: ‘He kaumku, kapriye pamawasira manawa aku kaparingan pituduh kang cetha saka Pangeranku, Ian PanjenengaNe wus paring rezeki kang becik.’” (QS. Hud: 88)

Jamaah shalat Jumat arsyadakumullah

Menika bukti-bukti ingkang kiat bilih shalat saged agawe lancar rezeki lan jaminanipin saking ngarsanipun Allah swt. Rasulullah saw ugi negasaken wonten sabdonipun hadits qudsi:

إِنّ اللَّهَ تَعَالَى يَقُولُ: يَا ابْنَ آدَمَ، تَفَرَّغْ لِعِبَادَتِي أَمْلَأْ صَدْرَكَ غِنًى وَأَسُدَّ فَقْرَكَ، وَإِلَّا تَفْعَلْ مَلَأْتُ يَدَيْكَ شُغْلًا وَلَمْ أَسُدَّ فَقْرَكَ

Saktemene Allah dawuh, ‘He anak Adam, fokus manembaha marang Ingsun, Ingsun bakal gawe sira kecukupan lan bakal Ingsun alangi saka kefakiran. Menawa sira ora nandhangi, ingsung bakal gawe sira saweg ribet lan ora bakal Ingsung alangi saka kefakiran.” (HR. At-Tirmizi No. 2466)

Materi Khutbah Jumat: 5 Penyebab Turunnya Azab Allah di Dunia

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saged kawula dhumatengaken, mugi dados pitutur ingkang manfaat lan nasehat ingkang minulya kunjuk khatib pribadi lan jamaah sedayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ

وَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ الْجَلِيْلَ يَذْكُرْكُمْ، وَأَقِمِ الصَّلَاة

 

 

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Jaganen Shalatmu Bakal Lancar Rezekimu ing mriki:

DOWNLOAD PDF

Mugi manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

0 Tanggapan

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *