Khutbah Jumat Bahasa Jawa Mangga Netepi Hak Al-Quran

Terakhir diperbarui pada · 1,303 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Mangga Netepi Hak Al-Quran

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

 

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir postingan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد،

 

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala

Sadaya puji naming kagunganipun Allah. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Dzat ingkang Maha Welas lan Asih, ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipun kersakaken.

Shalawat lan salam mugi tansah dipun paringaken dhumateng junjungan kita, panutan kita nabi akhir zaman Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, ugi dhumateng kulawarga, shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang tansah mituhu dhumateng panjenenganipun.

Mboten katalumpen wonten kesempatan ingkang minulya menika, khatib paring wasiat kangge khatib piyambak lan para jamaah sedayanipun, monggo kita tingkataken iman saha taqwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi pepacuhipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”  (QS. Ali Imran: 102)

 

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala

Sedaya tiyang Islam nggadahi keyakinan bilih al-Quran menika kalamullah (firman Allah) ingkang isinipun pitedah gesang kangge menungsa. Sok sintena kang mituhu dhawuhipun Allah, menika yekti bakal slamet uripipun dunya lan akhirat. Kasakwangsulipun sok sintena ingkang ingkar lan nebihi al-Quran, bakal manggihi kacilakan dunya lan akhirat.

Kedah dipun ngertosi bilih al-Quran menika nduweni pinten-pinten hak ingkang wajib dipun laksanakaken kalih tiyang Islam ten pundi mawon lan papan, kranten kitab suci al-Quran menika sami utawi seragam ten pundi mawon papan lan panggenan. Mboten kados kitab-kitab suci sanesipun ingkang sampun kathah dipun owahi lan dipun revisi. Hak al-Quran ingkang wajib dipun penuhi kalian jejering tiang muslim inggih punika:

Sepisan: Ngimani al-Quran

Hak al-quran ingikang sepindah inggihn punia ngimani al-Quran.

Bilih al-Quran menika kalamullah ingkang dipun andapaken dhumateng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Ugi al-Quran menika firman Allah ingkang tansah dipun jagi keaslianipun lan mboten wonten perubahan babar pisan kemawon.

Kita sedaya tansah ngimani bilih al-Quran menika dados dasar utawi pondasi kita nglaksanakaken kewajiban-kewajiban dhumateng Allah subhanahu wata’ala.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

He para wong mu’min, sira padha kumandhela marang Allah, lan marang Utusane, lan marang Kitab kang wus diturunake marang utusane Muhammad, sarta marang kitab suci kang wus diturunake dhuk zaman sadurunge, jalaran sing sapa kafir marang Allah, lan marang para malaikate, lan marang utusane, sarta kafir marang ananing dina akhir, temen wong mau kasasar adoh banget sasare.(QS. An-Nisa’: 136)

Sak derengipun tiyang beriman menika maos al-Quran, langkung rumiyin piyambakipun beriman dhumateng kaleresanipun. Kadosdene Allah paring pangandikan,

Lan wong kang padha iman angestokake Kitab kang diturunake marang sira Muhammad. Lan kitab kang wus diturunake sadurungira, sarta dheweke padha yakin marang akhirat.(QS. Al-Baqarah: 4)

Kanthi menika, sampun dados kuwajibanipun tiyang Islam paring hormat lan ta’zhim dhumateng al-Quran kranten menikalah buktinipun keimanan.

Kalih: Ngrekso lan Migatosaken

Kuwajiban ingkang paling utami dhumateng al-Quran inggih menika mulyakaken ugi migatosaken. Sak menika termasuk hak al-Qurang ingkang utami.

Mboten namung wujudipun menika nyimpen al-Quran wonten ing griyo, manggenaken wonten ing rak-rak buku kita sedaya, utawi andamel ukiran lan hiasan dinding-dinding. Ananging maksudipun inggih menika njagi al-Quran wonten dada-dadanipun, mangertosi maknanipun lan sedoyo interaksi dhumateng al-Quran.

Diriwayataken saking sahabat Tamim Ad-Dari bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh,

الدِّينُ النَّصِيحَةُ قُلْنَا: لِمَنْ؟ قَالَ: لِلَّهِ وَلِكِتَابِهِ وَلِرَسُولِهِ وَلِأَئِمَّةِ الْمُسْلِمِينَ وَعَامَّتِهِمْ

Agami menika pinangka nasihat. Sahabat tanglet, ‘Kangge sinten duh Rasulullah?’ ngendikanipun Rasulullah, “Kanggo Allah, Kitab-kitabipun, Rasul-rasulipun lan pemimpinipun kaum muslimin ugi umumipun kaum muslimin.” (HR. Muslim)

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala

Tiga: Maos Ngaji (Tilawah)

Hak al-Quran ingkang nomor tiga inggih punika maos, ngajia al-Quran.

Sampun dumugi dhawuhipun Allah subhanahu wata’ala kagem kita sedaya maos al-Quran wonten ing kathah-kathah ayatipun. Antawisipun inggih punika,

Sira macaa he Muhammad, apa kang wus Ingsun wahyokake marang sira, saka kitabe Pangeranira. Ora ana wong siji-sijia kang bisa ngowahi kalimahing Allah, Quran, lan sira ora padha bisa oleh pangungsen saliyane marang panjenengane.(QS. Al-Kahfi: 27)

Allah subhanahu wata’ala sampun wajibaken dhateng umat Islam supados maod al-Quran ingkang gampil-gampil sahe wonten kahanan sehat punapadene sakit. Lan semanten ugi punapa wonten kahanan longgar punapa sempit.

Dhawuhipun Allah Ta’ala,

Panjenengane Allah wus nguningani manawa bakal ana kancanira kang nandhang lara, lan ana kang pinuju lelungan golek rezeki kanugrahaning Allah, lan liyane maneh ana kang pinuju perang ambelani (hanggrungkebi) agamane Allah. Mula, sira padha macaa Quran endi bae kang sira anggep gampang.(QS. Al-Muzammil: 20)

Sekawan: Ngrenungaken (Tadabbur)

Intine maos al-Quran mboten namung wongsal-wangsul maos kemawong tanpa mangertosi maknanipun ingkang diwaos.

Maos al-Quran kanthi tartil lan didereki tadabbur sinadyan mung sekedik menika luwin utami tinimbang maos kathah tanpa tadabbur. Kranten maksudipun tilawah inggih menika kangge memahami makna, tadabbur ayat lan ngamalaken isi al-Quran. sak menika termasuk hak- al-Quran ingkang wajib dipun penuhi.

Allah subhanahu wata’ala paring celaan dhateng tiyang ingkang mboten kersa ngginakaken akal lan manahipun supados mahami al-Quran, mendhet hikmah, nasihat lan syariat-syariatipun.

Allah subhanahu wata’ala apring pangandikan,

Apa dheweke iku ora padha nalar-nalar isining Quran, apa atine wus digembok ? (QS. Muhammad: 24)

Kathah sanget ayat wonten al-Quran ingkang nedahaken bilih menawi kita maos al-Quran menika supados kita saget ngrenungi lan tadabbur maknanipun. Kadosdene ngendikanipun Allah subhanahu wata’ala,

Kaya mangkono iku Allah paring katerangan ayat-ayate, marang sira kabeh, supaya sira tansah mikir-mikir.(QS. Al-Baqarah: 242)

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala

Gangsal: Ngamalaken

Hak al-Quran nomor gangsal inggih punika ngamalaken al-Quran.

Ngamalaken al-Quran kalebet pucukipun kewajiban agung kanggenipun umat Islam. Lan sejatosipun menika tujuan esensial al-Quran dipun andapaken dhateng manungsa. Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

Lan iki sawijining Kitab kang wus Ingsun turunake kang binerkahan, jalaran saka iku, sira kabeh padha manuta marang kitab mau, serta padha wedia (rumeksaa) ing Allah supaya sira kabeh padha diparingi rahmat.(QS. Al-An’am: 155)

Kacilakan kang gedhe tumrang wong Yahudi nalikaning wong-wong niku nyekapaken maca lan mirengke taurat ananging mboten didereki amalan. Mila Allah subhanahu wata’ala nyerupakaken wong-wong niku kados kewan keledai.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngreksa Kalimat Tauhid Ing Warsa Inggal 1443 H

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

Dene sanepane wong kang padha di paringi kitan taurat, banjur ora padha gelem ngestoake (ngamalake) iku kaya upamane kuldi dimomoti Kitab sapirang-pirang. Ala temen sanepane wong kang padha maido ing ayat-ayate Allah. Allah ora nuduhake wong kang padha nganiaya.(QS. Al-Jumu’ah: 5)

Enem: Adab

Hak al-Quran ingkang nomor enem inggih punikan adab dhumateng al-Quran. Wonten sakperangan adab nalikaning kita interaksi kaliyan al-Quran kang minulya menika. Mboten kepareng kita menika ngremehaken, nggih menika: Mboten nglirwakaken

Kados sikapipun tiyang kafir Quraisy ingkang nglirwakaken al-Quran lan mboten purun iman punapa maleh ngamalaken.

Allah paring pangandikan,

Rasul mau munjuk: Dhuh Pangeran kawula, saestunipun kaum kawula sampun nglirwakaken Quran (boten dipun imanaken tuwin dipun amalaken).” (QS. Al-Furqan: 30)

Ibnu Qayyim al-Jauziyah njelasaken bilih ingkang kagolong tiyang nglirwakaken al-Quran inggih menika tiyang ingkang nyebal anggen mirengaken lan iman dhateng Quran. Nyebal anggene ngamalaken lan nerapaken hukum-hukumipun. Nyebal mundhut tuladha saking al-Quran kangge gesangipun.

Pitu: Dakwah

Hak al-Quran ingkang terakhir inggih punika mendakwahkan isi al-Quran. Sampun kuwajibanipun tiyang Islam wonten ing pundi papan lan panggenan kangge dakwahaken ajaran al-Quran tumrap sanes. Al-Quran dados hujjah Allah subhanahu wata’ala dhumateng hambanipun.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: 4 Cara Nggayuh Kebahagiaan

Allah paring pangandikan,

Dheweke padha ingsun utus iku nganggo tandha yekti kang nyata, yaiku mukjizat, lan kitab-kitab. Lan Ingsun wus nurunake al-Quran marang sira Muhammad, supaya sira anggo anerangake marang manungsa ing perkara kang wus diturunake marang wong-wong mau, lan muga-muga dheweke padha gelem mikir-mikir.(QS. An-Nahl: 44)

Perintahipun Allah subhanahu wata’ala dhumateng Nabi Muhammad ugi dados perintah kagem umatipun. Sedaya hanggadahi kuwajiban miturut kesanggupanipun piyambak-piyambak. Ingkang paling utami dhawuh menika tumrap para ulama kranten tiyang-tiyang niku hanggadahi tanggeljawab luwih ageng tinimbang sanesipun.

Allah sampun paring wahyu dhumateng Nabi Muhammad supados piyambakipun paring pepenget tumrap kaumipun. Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

Lan diturunake wahyu al-Quran iku marang aku, supaya kena dak enggo memedeni marang sira kabeh lan wong kang wus padha kathekan dakwah.(QS. Al-An’am: 19)

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala

Mekaten materi khutbah Jumat bab hak al-Quran ingkang wajib dipenuhi setiap muslim kang saget khatib sampekaken . Mugi saget kita pendhet faidahipun lan mampu kita amalaken.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Mangga Netepi Hak Al-Quran ing mriki:

DOWNLOAD PDF

Mugi manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *