Khutbah Jumat Bahasa Jawa Ngreksa Kalimat Tauhid Ing Warsa Inggal 1443 H dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa Ngreksa Kalimat Tauhid Ing Warsa Inggal 1443 H

Terakhir diperbarui pada · 3,632 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Ngreksa Kalimat Tauhid Ing Warsa Inggal 1443 H

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

 

  • Link download PDF materi khutbah Jumat ada di akhir tulisan.
  • Jika ingin copy paste materi khutbah Jumat ini untuk keperluan repost di media lain, silakan baca dan patuhi ketentuannya di sini: copyright

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir postingan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

 

Puji syukur tansah kita aturaken dhumateng Allah subhanahu wataala ingkang Maha Pirsa sedaya ingkang nyata ketingal lan punapa ingkang ghaib. Namung dhumateng Allah kita manembah dan nyuwun pitulungan.

Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita, Rasulullah shallallahu alaihi wasallam ingkang sampun paring tuntunan gesang lan tuladha ingkang sae dhumateng sedaya umat.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat Engkang Berbahagia

Sakmenika kita sampun mlebet warsa ingkang inggal wonten ing Islam, inggih punika warsa 1443 H. Tahun baru Islam 1443 H. Kita sami-sami sampun tilaraken warsa kang sampun lewat 1442 H.

Mugi-mugi punapa kemawon amal saleh ingkang sampun kita amalaken tansah dipun tampi dening Allah subhanahu wataala. Lan sedaya amal tumindak kang ala estu-estu dilebur lan diampuni dening Allah subhanahu wataala.

Ing warsa inggal menika monggo-monggo kita sedaya hanggadahi komitmen ingkang kiat, mujudaken kesalehan lan kesaenan pribadi dhumateng Allah subhanahu wataala ingkang maksimal, semanten ugi kesaenan pribadi tumrap tiang sanes wa bil khusus dhumateng sesame tiyang Islam.

Lan miturut khatib, sak meniko mboten wonten program kang luwih minulya kanggene tiyang Islam kejawi ngrumat kalimat Tauhid kanthi tenanan, ampun ngantos saya dangu, saya tambah umur tauhidipun tambah luntur, napa malih ical saking manahipun tiyang Islam, wal iyyadzu billah.

Allah subhanahu wataala ndawuhaken,

فَلِذٰلِكَ فَادْعُ ۚوَاسْتَقِمْ كَمَآ اُمِرْتَۚ وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَهُمْۚ وَقُلْ اٰمَنْتُ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنْ كِتٰبٍۚ

Awit saka kang kaya mangkono iku Muhammad, sira ngajaka sarta tumindaka kang jujur, ngestokake apa kang wus pinarentahake ing sira. Lan sira aja manut hawa nafsune wong-wong iku, sartha dhawuha: “ Aku iman marang kitab kang diturunake Allah.” (QS. Asy-Syura: 15)

Lajeng saleresipun napa perkawis ingkang saget kita sedaya lazimi kangge ngrumat kalimat tauhid supados terus nancep mantep kiat wonten ing sanubari kita? Ingkang kedah kita gadhahi utaminipun inggih punika satunggaling keyakinan bilih:

Jamaah shalat Jumat Engkang Berbahagia

Sepindah: Kalimat Tauhid Menika Kunci Mlebet Surga

Kalimat tauhid menika ingkang dados penjamin tiyang ingkang gesang wonten alam donya samangkeh saget mlebet suganipun Allah subhanahu wataala piyambakipun dibebasaken saking siksa alam kubur lan siksa wonten neraka.

عَنْ مُعَاذِ بْنِ جَبَلٍ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَنْ كَانَ آخِرُ كَلَامِهِ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ دَخَلَ الْجَنَّةَ

Sangking sahabat Muadz bin Jabal, bilih kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda: Sapa wonge kang akhir pangucape yaiku kalimat Laa Ilaaha Illallah mesi bakal dilebokake surga.” (HR. Abu Dawud No. 3116)

Kalimat tauhid menika ugi dados sebab Allah kedah ngutus para Rasul, ndakwahaken kitab suci lan semanten ugi sebab kalimat tauhid menika Allah nyiptakaken dunia lan akhirat, Surga lan Neraka.

Kalimat menika ingkang diarani Syahadah Udzma (Kesaksian Agung), amargi ingsun Allah piyambak ingkang paring kesaksian dhumateng dirinipun.

Allah subhanahu wataala paring pangandikan:

شَهِدَ اللّٰهُ اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۙ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ وَاُولُوا الْعِلْمِ قَاۤىِٕمًاۢ بِالْقِسْطِۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ

Allah wus amratelake, sanyata ora ana Pangeran kang wajib disembah kajaba mung panjenengane piyambak, lan para Malaikat sarta pa wong-wong kang padha duwe kawruh uga win padha mratelake kang mangkono mau, Allah iku jumeneng kalawan Adil. Ora ana pangeran kang wajib sinembah kajaba mung panjenengane piyambak kang Maha Prakosa tur Maha Wacaksana.” (QS. Ali ‘Imran: 18)

Wonten hadits dipun jelasaken bilih syarat tiyang pikantuk syafa’atipun kanjeng Nabi benjang ing dinten kiamat, inggih menika kang hanggadahi kalimat tauhid kang murni.

Ngendikanipun Rasulullah shallallahu alaihi wasallam,

أَسْعَدُ النَّاسِ بِشَفَاعَتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ مَنْ قَالَ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ خَالِصًا مِنْ قَلْبِهِ أَوْ نَفْسِهِ

Wong kang paling bahagia kerana syafaatku ing dina kiyamat yaiku wong kang ngucapake kalimat iku ikhlas saka manah dan piyambake.” (HR. Al-Bukhari No. 99)

Jamaah shalat Jumat Engkang Berbahagia

Kaping Kalih: Kalimat paling Inggil lan minulya

Menawi kita sedaya kersa ngangen-angen, saleresipun mboten wonten satunggal kemawon kalimat ingkang ampuh, inggang luhur lan ingkang hanggadahi daya lan upaya kang aggung wonten alam donya menika kejawi kalimat tauhid Laa Ilaaha Illallah.

Monggo para jamaah sedayanipun sami ngraosaken kasunyatan menika. Punapa saget kados mekaten? Tentunipun jawaban paling gampil inggih menika kerana kalimat tauhid menika asalipun saking Allah subhanahu wataala

Allah subhanahu wataala ngendika,

وَجَعَلَ كَلِمَةَ الَّذِيْنَ كَفَرُوا السُّفْلٰىۗ وَكَلِمَةُ اللّٰهِ هِيَ الْعُلْيَاۗ وَاللّٰهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ

Lan panjenengane Allah andadekake tembunge wong-wong kang kafir dadi asor, dene kalimate Allah dadi luhur, Allah iku Maha Gagah sarta Maha Wacaksana. (QS. At-Tawbah: 40)

Kalimat Ulya miturut penjelasanipun sahabat Ibnu Abbas tegesipun kalimat Laa Ilaaha Illallah.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Jaganen Shalatmu

Mekaten ugi kalimat tauhid menika kalimat kang paling sae wonten alam donya. Ngungguli sedaya kalimat-kalimat makhlukipun ingkang paling sae. Sanadyan sedaya kalimat kesaenan makhlukipun dipun kempalaken, saestu mboten bakal nandingi kalimatipun Allah sekedik kemawon.

Allah subhanahu wataala ngendika,

اَلَمْ تَرَ كَيْفَ ضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا كَلِمَةً طَيِّبَةً كَشَجَرَةٍ طَيِّبَةٍ اَصْلُهَا ثَابِتٌ وَّفَرْعُهَا فِى السَّمَاۤءِۙ

Apa sira durung sumurup, kapriye Allah anggone andamel sanepan kalimah kang becik, yaiku kalimah laa ilaaha illallah? iku kaya sawijining wit kang becik, oyode tetep ana ing bumi, dene pange ana ing langit.” (QS. Ibrāhīm: 24)

Rasulullah shallallahu alaihi wasallam ugi paring sabda:

خَيْرُ الدُّعَاءِ دُعَاءُ يَوْمِ عَرَفَةَ وَخَيْرُ مَا قُلْتُ أَنَا وَالنَّبِيُّونَ مِنْ قَبْلِي لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ

Sak becik-becike donga yaiku ana ing padang arafah, lan sak becik-beciking kalimat sing tak ucapake, lan para nabi sakdurungku yaiku kalimat laa ilaaha illallah ora ana sekutu kanggone Allah, kang nduweni kerajaan lan pujian. Lan Insun Allah kang Maha kuaos tumrap sedayanipun perkawis.” (HR. At-Tirmidzi No. 3585)

Jamaah shalat Jumat Engkang Berbahagia

Kaping Tiga: Kalimat Kang Abadi

Kita asring mersani wonten tiyang saleh kang sampun tilar utawi seda ananging nasehat-nasehat utawi pitutur luhuripun tasih dipun ucapaken tiyang kathah. Kados dene tiyang ingkang nggadahi ucapan menika taksih sugeng wonten ing alam donya.

Semanten ugi menawi donya menika sampun hancur lebur ateges kedadosan kiamat, ananging kalimatipun Allah, kalimat tauhid menika bakal tasih abadi mboten tumut hancur. Kados dene Dzat ingkang nggadhahi kalimat menika kang Maha Gesang mboten bakal pejah.

Allah subhanahu wataala ngendika,

وَجَعَلَهَا كَلِمَةً ۢ بَاقِيَةً فِيْ عَقِبِهٖ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَۗ

Lan panjenengane Allah ndadekake kalimat Tauhid tetep tumrap para tedhak turune, supaya dheweke padha bali marang agama Ibrahim.” (QS. Az-Zukhruf: 28)

Wonten ing tafsir Jalalain, Imam Suyuthi njelasaken: Maksudipun ayat menika bilih Allah bakal ndamel anak turunipun Nabi Ibrahim menika anak turun kang mengesakan Allah subhanahu wataala, ugi Allah badhe paring petunjuk tumrap penduduk Mekah supados nilar sesembahan dhumatheng berhala, wangsul dhumateng sesembahan Allah kang Maha Tunggal.

Jamaah shalat Jumat Engkang Berbahagia

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saged kawula dhumatengaken, mugi dados pitutur ingkang manfaat lan nasehat ingkang minulya kunjuk khatib pribadi lan jamaah sedayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

Materi Khutbah Jumat: 3 Cara Meningkatkan Takwa

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Ngreksa Kalimat Tauhid Ing Warsa Inggal 1443 H ing mriki:

DOWNLOAD PDF

Mugi manfaat!

 

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

0 Tanggapan

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *