Gambar Khutbah Jumat Bahasa Jawa Ngrumat Semangat Ing Ndalem Taat dakwah.id.jpg

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngrumat Semangat Ing Ndalem Taat

Terakhir diperbarui pada · 2,001 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Ngrumat Semangat Ing Ndalem Taat

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

الْحَمْدُ للهِ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ وَيَقْدِرُ، إِنَّهُ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِلَيْهِ تَصِيْرُ الْأُمُوْرُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Monggo sesarengan kita aturaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala, Dzat ingkang Moho Kuwaos, Welas lan Asih marang sedaya kawulanipun. Namun dhumateng piyambakipun kita manembah lan nyuwun pitulungan.

Shalawat saha salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Sumrambah dhumateng keluarga lan para sahabatipun. Mugi kita sedaya pinaringan syafa’atipun benjang ing dinten kiamat, amiin. 

Sumonggo kita sedaya tansah hambudidaya lan ningkataken taqwa dhumateng Allah Ta’ala kanthi saestu-estu. Kita tindakaken sedaya punapa ingkang dados titahipun lan kita tilar sedaya punapa ingkang dados pepacuhipun. Karono meniko karakter mukmin ingkang sejatosipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Ing antawise tujuan kang utama Allah subhanahu wata’ala nyiptakaken manungsa wonten ing ngalam donya inggih punika kangge ibadah marang Allah. Sahingga meniko sejatosipun tugas utami gesang wonten ing alam donya kagem tiyang Islam. Mboten naming nyipto manungso kemawon, ananging sedaya makhluk kang wujud menika nggadhahi hikmah supados sedayanipun manembah dhumateng ngarsanipun.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

“Lan Ingsun ora nitahake jin lan manungsa, kajaba supaya padha nyembah dhedhepe (ibadah) marang Ingsun.” (QS. Adz-Dzariyat: 56)

Semanten ugi Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

“He para manungsa! Sira padha manembah ing Pangeran sesembahanira kang wus anitahake sira lan wong-wong sadurungira, kang mangkono iku supaya sira padha taqwa ing Allah.” (QS. Al-Baqarah: 21)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Sampun dimangertosi kita sami punapa dhereng bilih puncak utawi pok-pokan ngibadah dhumateng Allah subhanahu wata’ala menika pinongko syukur kalawan sedaya nikmat lan peparingipun. Perkawis menika cetho dipun diterangaken Ibunda Aisyah babagan sholatipun Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam,

كَانَ يَقُومُ مِنَ اللَّيْلِ حَتَّى تَتَفَطَّرَ قَدَمَاهُ، فَقَالَتْ عَائِشَةُ: لِمَ تَصْنَعُ هَذَا يَا رَسُولَ اللهِ، وَقَدْ غَفَرَ اللهُ لَكَ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِكَ وَمَا تَأَخَّرَ؟ قَالَ: أَفَلَا أُحِبُّ أَنْ ‌أَكُونَ ‌عَبْدًا ‌شَكُورًا

“Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam menika nalika sholat, panjenenganipun jumeneng dangu ngantos sukunipun aboh. Ibunda Aisyah tanglet dhateng piyambakipun, Duh kanjeng Nabi, punapa kedah mekaten? punapa mboten dipangapunten sedaya dosa penjenengan kang wus kapengker napa kang badhe dateng. Rasulullah dhawuh, He Aisyah, apa ora pareng aku dadi wong kang syukur?” (HR. Al-Bukhari No. 4837)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Sampun dados sifat lumrahing manungso bilih wonten ing ndalem jiwanipun nalika nindakaken ibadah menika kinging utawi ngrasuk raos males lan wegah. Saben tiyang mesthi ngadhepi perkawis menika wonten ing panggesanganipun. Pramila kita kadados tiyang iman kedah hanggadhahi usaha supados tansah jejeg lan mantep wonten ing margi sunnah sinadyan ngalami kemalesan lan wegah nalika ibadah.

Materi Khutbah Jumat Larangan Menyakiti Orang Lain

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam gadah pangandikan,

‌إِنَّ ‌لِكُلِّ ‌عَمَلٍ ‌شِرَّةً وَإِنَّ لِكُلِّ شِرَّةٍ فَتْرَةً فَمَنْ كَانَتْ شِرَّتُهُ إِلَى سُنَّتِي فَقَدْ أَفْلَحَ وَمَنْ كَانَتْ شِرَّتُهُ إِلَى غَيْرِ ذَلِكَ فَقَدْ هَلَكَ.

“Saktemene saben-saben amal ana mangsa sregep lan giate lan ana mangsa males lan wegahe. Sapa kang ana ing mangsa males tetap netepi sunnah temen bakal slamet lan sapa kang nyimpang saka sunnah temen bakal cilaka.” (HR. Ibnu Hibban, Shahih Ibnu Hibban No. 11)

Menika perkawis mboten gampil utawi ringan, kejawi kanggenipun tiyang ingkang dipun rahmati dening Allah subhanahu wata’ala. Kranten kathahipun tiyang menika nalika ngudi babagan donya tansah giat lan semangat, kamangka donya menika bakal sirno lan mboten langgeng. Pramila mongga tansah nyenyuwun dhumateng Allah supados diparingi teguhing iman lan yakin wonten ndalem batos kita sami.

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Supados kita tansah semangat nalikaning nindakaken ibadah dhateng ngarso dalem Allah subhanahu wata’ala, kita tansah usaha nuwuhaken, mujudaken, lan ngedalaken raos yakin marang nikmat-nikmatipun Allah benjang wonten ing alam akhirat nggih punika wonten jannahipun. Menika ingkang katerangaken wonten ing pangandikanipun Allah wonten al-Quran,

وَسَارِعُوْٓا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُۙ اُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَۙ

Lan sira padha enggal-enggal angupayaa pangapura saka Pangeran sesembahanira, lan ngupaya Suwarga kang jembare madhani jembaring langit lan bumi, kang dicawisake tumrap wong kang padha wedi ing Allah.”(QS. Āli ‘Imrān: 133)

Wonten sahabat Nabi kang nami Umair bin Humam al-anshari, nalika mireng dhawuh kanjeng nabi, “Hayo padha mangkat sira kabeh tumuju suargo kang jembare madhani jembaring langit lan bumi.” Maknanipun supados para sahabat budhal jihad fii sabililillah kanthi iming-iming janji suago saking Rasulullah.

Saklajeng Umair bin Wahab menika tansah enggal-enggal mangkat lan mbucal pinten-pinten kurma wonten ing tanganipun sinambi ngucap, “Menawa urip ning donya kui mung kanggo ngentekake kurma-kurma iki, tenane kuwi urip kang suwe.” Allah piyambak maringi anugerah seda syahid marang piyambakipun.

Wonten malih satunggaling wanita kang dicriyosaken sahabat Ibnu Abbas bilih piyambakipun ngadu dhateng kanjeng Nabi kalawan sakit ayan kang diduweni. Sak banjur kanjeng Nabi dhawuh,

إِنْ شِئْتِ صَبَرْتِ وَلَكِ الْجَنَّةُ، وَإِنْ شِئْتِ دَعَوْتُ اللهَ تَعَالَى أَنْ يُعَافِيْكِ

Menawa gelem sliramu sabar mengkono bakal dibales suarga, lan menawa gelem sliramu tak dongakake marang Allah supaya sehat.”(HR. Al-Bukhari No. 5652)

Wanita kalawau akhiripun milih tansah sabar kranten bakal dilintu piwales agung nggih punika dilebetaken jannahipun Allah subhanahu wata’ala

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Saklajeng supados kita tansah semangat nalikaning nindakaken ibadah dhateng ngarso dalem Allah subhanahu wata’ala, kita tansah usaha nuwuhaken, mujudaken, lan ngedalaken raos yakin marang wontening siksa kang pedih kenggene tiyang kang durhaka.

Artikel Fikih: 9 Kerugian Jika Meninggalkan Shalat Subuh

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam gadah pangandikan,

يُؤْتَى بِأَنْعَمِ أَهْلِ الدُّنْيَا مِنْ أَهْلِ النَّارِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فَيُصْبَغُ فِي النَّارِ صَبْغَةً.

ثُمَّ يُقَالُ: يَا ابْنَ آدَمَ هَلْ رَأَيْتَ خَيْرًا قَطُّ؟ هَلْ مَرَّ بِكَ نَعِيمٌ قَطُّ؟

فَيَقُولُ: لَا وَاللَّهِ يَا رَبِّ وَيُؤْتَى بِأَشَدِّ النَّاسِ بُؤْسًا فِي الدُّنْيَا مِنْ أَهْلِ الْجَنَّةِ فَيُصْبَغُ صَبْغَةً فِي الْجَنَّةِ.

فَيُقَالُ لَهُ: يَا ابْنَ آدَمَ هَلْ رَأَيْتَ بُؤْسًا قَطُّ هَلْ مَرَّ بِكَ شِدَّةٌ قَطُّ.

فَيَقُولُ: لَا وَاللَّهِ يَا رَبِّ مَا مَرَّ بِي بُؤْسٌ قَطُّ وَلَا رَأَيْتُ شِدَّةً قَطُّ

Bakal ditekakake ana ing akhirat ahli donya kang paling kepenak uripe ananging dheweke dadi ahli neraka. Banjur tiyang menika dicelupake ana ing neraka sepisan wae.”

Allah ngendika, Hei anak turune adam, apa sing wis sira rasakake? apa isih ana nikmat donya kang sira rasakake?

Dheweke njawab, Demi Allah duh Gusti sampun ical sedaya nikmat donya kang sampung kula rasakaken.

Lajeng bakal ditekakake ana ing akhirat ahli donya kang paling rekasa uripe ananging dheweke dadi ahli jannah. Banjur tiyang menika dicelupake ana ing suargo sepisan wae.

Allah ngendika,Hei anak turune adam, apa sing wis sira rasakake? apa isih ana siksa/rekasa donya kang sira rasakake?

Dheweke njawab, Demi Allah duh Gusti sampun ical sedaya rekasa donya kang sampung kula rasakaken.”(HR. Muslim No. 2807)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Ngrumat Semangat Ing Ndalem Taat ing mriki:

Mugi Manfaat!

Artikel Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru:

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *