khutbah Jumat bahasa Jawa Amal shalih dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Amal Shalih Penyelamat Saking Siksa Kubur

Terakhir diperbarui pada · 4,085 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Amal Shalih Penyelamat Saking Siksa Kubur

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sumangga kita syukur dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala Dzat kang sampun, tansah lan taksih maringi nikmat kang kathah sahingga kita sedaya saget kuat lan mampu negakaken ibadah Jumat siang dinten kang minulya punika.

Shalawat lan salam katunjuk katur dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin

Saklajeng khatib tansah nasehataken jamaah sedayanipun mangga sesarengan kita tingkataken iman lan takwa dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa menika bekal ingkang paling sae nalika samangke kita sowan wangsul wonten ngarsanipun Allah. 

Allah Ta’ala paring pangandikan ing surat Ali Imran ayat 102,

  يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Saktemene wonten antawis prakawis ingkang paling dipun ajrihi dening tiyang iman wonten panggesangane sakmenika. Kados pundi kawontenanipun sasampun dheweke nilaraken donya ingkang fana puniki?

Punapa piyambakipun angsal Rahmat wonten alam kuburipun utawi malah angsal adzab? Punapa piyambakipun benjing mlebet dhateng Jannah ingkang kebak kaliyan kenikmatan utawi piyambakipun mlebet Neraka ingkang kebak kaliyan kepedihan?

Pramila setunggaling sahabat lan khalifah Nabi kang minulya naminipun Utsman bin Affan nalikaning lumampah wonten sak ngajenge kuburan piyambake banjur muwun ngantos teles janggutipun. Dingendikakaken, panjenengan menika menawi diemutaken masalah Surga lan Neraka mboten muwun, punapa nalika panjenengan jumeneng wonten ngajeng kuburan banjur muwun?

Ustman matur, “Aku tau krungu Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam ngendika:

إِنَّ الْقَبْرَ أَوَّلُ مَنَازِلِ الآخِرَةِ، فَإِنْ نَجَا مِنْهُ، فَمَا بَعْدَهُ أَيْسَرُ، وَإِنْ لَمْ يَنجُ مِنْهُ، فَمَا بَعْدَهُ أَشَدُّ مِنْهُ

Satemene kuburan yaiku awal persinggahan akhirat, menawa slamet saka kono sabanjure bakal luwih gampang, lan menawa ora slamet saka kono sabanjure bakal luwih abot.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam lajeng paring sabda, ingkang dipun riwayataken Imam Ibnu Majah,

مَا رَأَيْتُ مَنظَرًا قَطُّ إِلاَّ وَالقَبْرُ أفظَعُ مِنْهُ

Ora tau aku weruh sesawangan kang banget ngereni kajaba saka (siksa) kubur.

Kados menika kahanan sahabat Utsman bin Affan kang sampun pikantuk jaminan dados ahli jannahipun Allah subhanahu wata’ala, ananging taksih saestu kuatos tumrap nasibipun benjang wonten ing alam barzakh.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Tiyang iman saestu yakin bilih alam kubur utawi alam barzakh menika wonten nikmat lan siksanipun. Tegesipun, bilih tiyang ingkang pikantuk nikmat wonten alam kubur menika dados pambuka nikmat kang langkung sae inggih punika wonten alam akhirat.

Semanten ugi tiyang ingkang pikantuk siksa wonten alam kubur menika dados pambuka siksa kang langsung awrat inggih punika wonten alam akhirat.

Allah subhanahu wata’ala paring firman wonten ing al-Quran surat Al-Mu’min ayat 46:

اَلنَّارُ يُعْرَضُوْنَ عَلَيْهَا غُدُوًّا وَّعَشِيًّا ۚوَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ ۗ اَدْخِلُوْٓا اٰلَ فِرْعَوْنَ اَشَدَّ الْعَذَابِ

Ing besuk Neraka iku bakal dipitontonake marang wong-wong mau saben esuk lan sore. Lan besuk dina kiamat, Allah dhawuh marang para Malaikat: Sira nglebokna kulawargane Firaun ana ing siksa kang abot.

Imam al-Qurthubi wonten ing kitab tafsiripun njelasaken, bilih ayat menika setunggaling dalil ingkang negasaken wontene siksa kubur lan nikmat kubur. Kados ingkang diyakini Mujahid, Ikrimah lan Muqatil ugi ahli tafsir sanese.

Saking sunnah inggih kathah sanget hadits ing njelasaken perkawis punika. Kadosa ingkang dingendikakaken Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam, ingkang dipun riwayataken imam al-Bukhari,

يَتَّبِعُ الْمَيِّتَ ثَلَاثٌ فَيَرْجِعُ اثْنَانِ وَيَبْقَى وَاحِدٌ يَتَّبِعُهُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَعَمَلُهُ فَيَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَيَبْقَى عَمَلُهُ

Kang numuti mayit menyang kubure ana telu, banjur loro bali lan kang tinggal ngancani mung siji; kang numuti yaiku kulawargane, bandhane lan amale, banjur bali kulawarga lan bandhane, lan kang tinggal mung amale.

Menawi sampun mangertosi bilih alam kubur menika wonten nikmat punapa siksane, mila mangga kita sesarangan tansah ikhtiyar supados saget slamet saking siksanipun lan saget nggayuh nikmat-nikmatipun.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Wonten 4 Amal kang saget nylametaken tiyang saking siksa kubur, yaiku kang kasebat wonten ing ngandap menika:

Istiqomah Nindakaken Amal Shalih

Mangga sesarengan kita tansah nindakaken amal shalih kanthi istiqomah, ampun ngantos mandeg. Shalat fardhu, siyam, zakat, sedekah, silaturahim, lan tumindak ihsan kelawan sanes menika sedaya saget nylametaken saking siksa kubur.

Allah Ta’ala paring firman wonten ing Al-Quran Surat Fushshilat ayat 30,

اِنَّ الَّذِيْنَ قَالُوْا رَبُّنَا اللّٰهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوْا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ اَلَّا تَخَافُوْا وَلَا تَحْزَنُوْا وَاَبْشِرُوْا بِالْجَنَّةِ الَّتِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ

Satemene wong-wong kang padha ngucap: ‘Pangeran kula punika Allah subhanahu wata’ala’, ing sabanjure padha gelem tumindak jejeg, ing kono para Malaikat tumurun, tembunge: ‘Sampeyan sampun sumelang, tuwin sampun sisah, kula aturi bingah kemawon wonten ing Suwarga ingkang sampun kagadhangaken dhumateng sampeyan.’”

Waki’ bin Jarrah njelasaken, “Al-Busyra” kebingahan wonten ayat menika kedadosan wonten tiga panggenan; saderenge sedo, nalika wonten alam kubur, lan benjang wonten akhirat.

Amal shalih kang diistiqomahi menika saget njalari tiyang wilujeng sakit siksa kubur ugi dijelasaken wonten ing hadits shahih,

“Nalikane mayit didokoke ing jero kubur, piyambake krungu swara terompah para kang ngantarake mbalik mulih saka kuburane. Menawa mayat iku wong kang iman amalan shalate ana ing dhuwuring sirahe, amalan pasa ana ing shallallahu sawelah tengene, amalan zakat ana ing sebe­lah kiwane. Amal shalih kaya sedhekah, silaturahmi lan tumindak marang sapadha-padha manungsa; sakabehe ana ing sikile. Saka arah sirahe piyambake ditekani (malaikat kang arep ndhawahi siksa). Shalate ngomong,

مَا قِبَلِي مَدْخَلٌ

Ing arahku ora ana dalan mlebu.”

Saka sebe­lah tengene piyambake ditekani (malaekat kang arep ndhawahi siksa). puasane ngomong,

مَا قِبَلِي مَدْخَلٌ

Ing arahku ora ana dalan mlebu.”

Banjur piyambake ditekani saka shallallahu ‘alaihi wasallamelah kiwa. za­kate ngomong:

مَا قِبَلِي مَدْخَلٌ

Ing arahku ora ana dalan mlebu.

Piyambake banjur ditekani saka arah sikile. Amal-amal kebajikan (kasebut ing dhuwur), kabeh ngomong:

مَا قِبَلِي مَدْخَلٌ

Ing arahku ora ana dalan mlebu.”

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Istiqomah Njagi Thaharah (sesuci)

Sesucisawise bucal hajat alit napa ageng menika perkawis kang digatosaken kanthi saestu wonten agami islam. Perkaranipun mboten naming gadhah manfaat duniawi ananging manfaat ukhrowinipun nggih kathah tur ageng, antawise saget njaga saking siksa neraka.

Kados hadits shahih ingkang disebutaken,

إِنَّهُمَا لَيُعَذَّبَانِ وَمَا يُعَذَّبَانِ فِي كَبِيْرٍ؛ أَمَّا أَحَدُهُمَا فَكَانَ لَا يَسْتَتِرُ مِنَ الْبَوْلِ، وَأَمَّا الْآخَرُ فَكَانَ يَمْشِيْ بِالنَّمِيْمَةِ

Satemene wong loro kwi mau lagi disiksa, lan disiksane dudu amarga dosa gedhe. Kang siji disiksa amarga ora sesuci nguyuh, kang sijine remen mengadudomba.”(HR. Al-Bukhari Muslim)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Istiqomah doa Isti’adzah saking 4 perkara

Doa menika dados sebab kesaenan kang ageng. Doa ugi pertanda keimanan, tegesa ora diarani iman kang bener menawa ora tau ndonga dhumateng Allah Ta’ala. Salah setunggal Doa ingkang diajaraken Rasulullah inggih punika Doa supados slamet saking siksa kubur.

اللَّهُمَّ إِنِّي أَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ، وَأَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ المَسِيْحِ الدَّجَّالِ، وَأَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَحْيَا، وَفِتْنَةِ الْمَمَاتِ، اللَّهُمَّ إِنِّي أَعُوذُ بِكَ مِنَ الْمَأْثَمِ وَالمَغْرَم

Ya Allah kulo perlindungan dhumateng Panjenengan saking azab kubur lan saking fitnah al-masih dajjal lan saking fitnah kauripan lan pati lan saking fitnah dosa-dosa lan saking terlilit utang.”(HR. Al-Bukhari Muslim)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Istiqomah maos Surat al-Mulk saderenge tilem

Aslinipun sedaya ayat al-Quran menika nggadhahi kautaman, ananging ten mrika wonten pinten-pinten surat al-Quran ingking kautamanipun langkung ageng tinimbang surat sanese. Ing antawise nggih punika surat al-Mulk utawi surat Tabarak.

Kados kang diterangne wonten hadits shahih, ingkang dipun riwayataken imam Abu Dawud,

إِنَّ سُورَةً مِنْ الْقُرْآنِ ثَلَاثُونَ آيَةً، شَفَعَتْ لِرَجُلٍ حَتَّى غُفِرَ لَهُ، وَهِيَ سُورَةُ تَبَارَكَ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ.

Satemene sajroning al-Quran ana siji surat kang cacah ayate ana telung puluh. Surat kuwi mau arep menehi syafaat kanggo wong sing maca nganti kabeh dosane diampuni, yaiku surat tabarak.

Ibnu Abbas kandha: Pirang-pirang sahabat Rasulullah masang tenda ing dhuwur kuburan kang dheweke kabeh ora eling menawa iku yaiku kuburan. Dumadakan ana siji kang maca surah tabarak allazi biyadihi al-Mulku tekan rampung. Banjur sahabat iki nemoni Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam lan ngomong,

“Duh… Rasulullah, tenane aku wis masang tenda ing dhuwur kuburan, aku ora ngira menawa iku yaiku kuburan, dumadakan ana siji kang maca surah tabarok tekan rampung. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda: Surat kuwi pinangka aling-aling lan penyelamat kang nylametake saka azab kubur.” (HR. Tirmidzi)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten materi khutbah Jumat ing siang punika, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khotib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ، وَافْعَلُوا الْخَيْرَاتِ، وَاجْتَنِبُوا السَّيِّئَاتِ. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِي يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

عِبَادَ اللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Amal Shalih Penyelamat Saking Siksa Kubur ing mriki:

Mugi manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

2 Tanggapan

ada kata kata shallahu alaihiwasalam yang tidak pas tempatnya… mohon itu di koreksi

Jazakumullah atas koreksiannya. Sudah kami berbaiki. Barakallah fikum
;D

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *