khutbah jumat bahasa jawa anak shalih wujud saking tuladha sae dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Anak Shalih Wujud Saking Tuladha Sae

Terakhir diperbarui pada · 2,491 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Anak Shalih Wujud Saking Tuladha Sae

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sumangga kita sami tansah ngundak-undaki syukur dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala, Dzat kang sampun, tansah, lan taksih maringi nikmat kang kathah. Sahingga kita sedaya saget kuat lan mampu negakaken ibadah Jumat siang dinten kang minulya punika.

Shalawat lan salam katunjuk katur dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin

Mboten kesupen pinangka Khatib, kulo tansah ngemutaken jama’ah sedayanipun mangga kita sesarengan tansah ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa mujudaken sangu ingkang paling sae rikalanipun ngadhep dhumateng Allah.

Allah Ta’ala paring pangandikan ing surat Ali Imran ayat 102,

  يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Saben tiyang ingkang sampun emah-emah mesthi nggadhahi pangajeng-ajeng supados dipun paringi Allah keturunan utawi putra. Menawi sampun dikaruniai putra, setunggaling keluwargi muslim mboten rumaos cekap kaliyan namung nggadhahi putra biologis ingkang dados penerus garis keturunanipun.

Setunggaling tiyang muslim ingkang sae mesthi ngajeng-ajeng sanget supados putranipun mangke dados putra ingkang shalih, ingkang taat dhateng Allah Ta’ala, Rasul-Ipun shallallahu ‘alaihi wasallam lan kaping kalih dhateng tiyang sepuhipun. Gadhah akhlak mulia lan manfaat kangge pribadinipun, keluwarginipun, dinul Islam lan kaum muslimin.

Nggadhahi putra ingkang shalih mboten namung saget nyukani kebahagiaan wonten donya kemawon, nanging kebahagiaan puniku ajeng terus langgeng ngantos setunggaling tiyang muslim sampun seda. Piyambakipun tetep saged angsal hasil rekaosipun mucal para putra supados dados pribadi muslim ingkang shalih.

Sampun disebataken wonten hadits Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, bilih piyambakipun mireng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda, ingkang dipun riwayataken Imam Muslim hadits nomor 1631,

إِذَا مَاتَ الإنْسَانُ انْقَطَعَ عنْه عَمَلُهُ إِلَّا مِن ثَلَاثَةٍ: إِلَّا مِن صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ، أَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ، أَوْ وَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو له

Bilih menawi manungsa wus seda, mila bakal pedhot sedaya amalanipun kejawi saking tigang prakawis; saking sedekah jariyah lan ilmu ingkang dipun manfaataken, lan putra shalih ingkang ndonga kangge piyambakipun.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Usaha kita mujudaken anak shalih menika mboten namung dipun sandaraken wonten ing perkawis-perkawis ingkang sifatipun material kemawon. Utawi ingkang sak menika kita sebat kanthi istilah ikhtiyar dunyawi (perkara donya). Antiwisipun bentuk perkawis punika, tiyang sepuh tansah nyukani sandang, pangan lan papanipun kanthi sae lan mboten nate kentun.

Wonten ing agami Islam wonten perkawis-perkawis non teknis ing babagan pendidikan kang saget njalari keshalihan putra, antiwisipun doa, banda kang halal, sifat amanah, tuladha sae tiyang sepuh lan sak piturutipun. Khususipun poin ingkang terakhir inggih punika tuladha sae tiyang sepuh utawi keshalihanipun menika sampun dijelasaken wonten al-Quran surat al-Khafi ayat 82,

وَاَمَّا الْجِدَارُ فَكَانَ لِغُلٰمَيْنِ يَتِيْمَيْنِ فِى الْمَدِيْنَةِ وَكَانَ تَحْتَهٗ كَنْزٌ لَّهُمَا وَكَانَ اَبُوْهُمَا صَالِحًا ۚفَاَرَادَ رَبُّكَ اَنْ يَّبْلُغَآ اَشُدَّهُمَا وَيَسْتَخْرِجَا كَنْزَهُمَا رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَۚ وَمَا فَعَلْتُهٗ عَنْ اَمْرِيْۗ ذٰلِكَ تَأْوِيْلُ مَا لَمْ تَسْطِعْ عَّلَيْهِ صَبْرًاۗ

Dene tembok gedhong punika, gadhahipun lare yatim kakalih ing Negari ngriku, lan ing sangandhapipun tembok gedhong punika wonten pendhemanipun mas picis rajabrana, gadhahipun lare yatim kaleh wau, sarta Bapakipun lare yatim kakalih wau tiyag ingkang saleh, ing mangka Pangeran sampeyan Musa, karsa nyampur nakaken lare yatim kakalih wau dumugi umur dewasanipun (balegh), sarta Panjenenganipun ngarsakaken supados lare yatim kakalih wau saged ngedalaken piyambak pendheman saking sangandhaping tembok, minangka sih Rahmat Pangeran sampeyan lan sadaya ingkang kula tindakaken wau sanes saking pikajeng kulo piyambak, ananging saking dhawuhing Allah. lah makate punika kateranganing perkawis ingkang sampeyan boten saged nyabaraken.

Imam Ibnu Katsir lebet tafsiripun ngendika bab ayat puniki, “Wonten ayat puniki dados dalil menawi tiyang sepuh ingkang shalih puniku keturunanipun badhe dipun jagi Allah. Lan barokah ibadahipun tumrap sedaya keturunan menika nyakup wonten donya lan akhirat lumantar syafaat piyambakipun. Ugi badhe dipun inggilaken derajat piyambakipun dhateng derajat ingkang langkung inggil wonten ing Jannah.”

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Kasunyatanipun bilih kesuksesan putra dados anak kang shalih menika gumantung pokokipun wonten ing tuladha sae saking tiyang sepuh lan sinten mawon kang tumut aktif wonten babagan pendidikan.

Tuladha lebeting donya pendidikan inggih punika perkawis kang urgen sanget, punapa malih kangge tiyang sepuh ingkang pikantuk amanah Allah Ta’ala.

Mila tiyang sepuh kedah dados tuladha ingkang sae damel para putra. Tiyang sepuh kedah saged dados figur ingkang ideal kangge para putra. Tiyang sepuh kedah dados panutan ingkang saged dipunandelaken anggen nglampahi gesang puniki.

Dados bilih tiyang sepuh ngajeng-ajeng para putranipun nresnani Allah lan Rosul-Ipun mila tiyang sepuh piyambak dados teladan kanggepara putra kedah nresnani Allah lan Rosul-Ipun ugi.

Kanthi menika katresnan ajeng saget ketingal dening para putra. Ajeng sisah kangge ngedalaken generasi ingkang taat dhateng syari’at menawi tiyang sepuhipun asring bermaksiat dhateng Allah Ta’ala.

Mboten gampil kangge ndadosaken para putra ingkang remen madosi ilmu menawi tiyang sepuhipun langkung remen sumerep televisi tinimbang maos lan dugeni majlis ilmu.

Lan ajeng kraos sisah kangge mbentuk putra ingkang gadhah jiwa pejuang lan rela nyukani sedayanipun kangge Islam, menawi bapak ibunipun sibuk kaliyan aktivitas nggayuh materi lan mboten nate tumut kaliyan kegiatan dakwah.

Sampun kita ngertosi, menawi Allah Ta’ala ugi nyukani tuladha-tuladha Nabi utawi tiyang ingkang saged dipun dadosaken suri teladan lebet gesang utawi pengetan supados tiyang sepuh saged niru.

Allah Ta’ala paring firman wonten ing surat al-Mumtahinah ayat 6,

لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْهِمْ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُو اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَۗ وَمَنْ يَّتَوَلَّ فَاِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ

Temen Ibrahim lan para pandhereke iku tetep dadi Uswatun Hasanah tumrap sira kabeh, yaiku tumrap wong kang padha ngarep-arep sowan ana ing ngarsa dalem Allah, lan yakin anane dina akhir. Sing sapa mlengos saka Panutane, mangka satemene Allah iku Dzat kang Sugih tur Pinuji.

Ayat menika dalil kang jelas bilih tiyang sepuh menawi ngersakaken para putra dados shalih pramila wajib maringi tuldha sae wonten ing bab punapa mawon. Menawi menika dipun kesampingaken, mila sisah sanget mujudaken generasi utawi keturunan kang shalih kejawi tiyang ingkang dirahmati Allah.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawulo aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khotib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ، وَافْعَلُوا الْخَيْرَاتِ، وَاجْتَنِبُوا السَّيِّئَاتِ. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيَاءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Anak Shalih Wujud Saking Tuladha Sae ing mriki:

Mugi manfaat!

Ingin beli buku dengan jaminan produk original bukan bajakan?

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *