khutbah jumat bahasa jawa beban sesami muslim

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngentengaken Beban Sesami Muslim

Terakhir diperbarui pada · 1,962 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Ngentengaken Beban Sesami Muslim

Oleh: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْدُ

Puji lan syukur katuraken dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala Dzat kang maringi tumrap hambanipun pinten-pinten kenikmatan, sahingga kanthi nikmat kalawau kulo panjenengan sami saget tansah ibadah wonten panggesangan sak meniko.

Shalawat lan salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin

Khatib tansah caos pepenget kangge sedaya jamaah Jumat supados ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa mujudaken sangu ingkang paling sae rikalanipun ngadhep dhumateng Allah.

Allah Ta’ala paring pangandikan ing surat Ali Imran ayat 102,

  يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Salah setunggal kautaman wucalan Islam ing panggesangan menungso inggih punika ajaranipun ingkang kasipat sosial wonten sisi mboten naming nggalih lan ngurus piyambak, ananging tiyang muslim kedah ugi nggalihaken kawontenan sadherek-sadherek muslim sanesipun.

Nyukani kelapangan dhateng tiyang ingkang shallallahu ‘alaihi wasallameg ngalami kesempitan lan kasisahan. Nulung sesami sadherek inggih menika perkawis ingkang dipun anjuraken.

Jalaran menungso menika makhluk sosial, maksudipun mboten saget gesang wonten alam donya kanthi sae kejawi mbetahaken pitulungan utawi uluran tangan sanes.

Sok sinteno ingkang nulung sadherekipun ingkang kasisahan, mila Allah subhanahu wata’ala. badhe maringi pitulungan nalika piyambakipun angsal kesisahan mbenjang ing dinten kiyamat.

Dalil umum bab menika, Firmanipun Allah subhanahu wata’ala wonten al-Quran,

…وَاَحْسِنُوْا ۛ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ

“…lan sira kabeh padha tumindako becik saktemene Allah remeni tiyang kang tumindak becik.”(QS. Al-Baqarah: 195)

Lan firmanipun Allah subhanahu wata’ala wonten al-Quran,

اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا وَّالَّذِيْنَ هُمْ مُّحْسِنُوْنَ

Estu, Allah kaliyan tiyang-tiyang ingkang takwa lan tiyang-tiyang ingkang lampahi kesaenan.”(QS. An-Nahl: 128)

Wonten ing hadits, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda, kadosipun diriwayataken Imam Muslim hadits nomer 2699,

مَن نَفَّسَ عن مُؤْمِنٍ كُرْبَةً مِن كُرَبِ الدُّنْيَا، نَفَّسَ اللَّهُ عنْه كُرْبَةً مِن كُرَبِ يَومِ القِيَامَةِ،

Sinten ingkang ngentengaken setunggal kasisahan saking pinten-pinten kasisahan donya setunggaling tiyang mukmin, Allah badhe ngentengaken saking piyambakipun setunggal kasisahan saking kathah kasisahan wonten ing dinten kiamat.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Wonten hadits kang sampun kasebat ing nginggil, bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam sampun nerangaken menawi balesan ingkang ajeng dipun tampi salah setunggaling tiyang puniku cocog kaliyan reni amalan ingkang dipun lampahaken.

Tiyang kang purun ngentengaken kasisahan tiyang mukmin wonten donya menika mila Allah badhe ngentengaken kesusahanipun wonten akhirat mangke.

Setunggaling tiyang ngicalaken kasisahan mukmin sanes wonten donya puniki mila Allah subhanahu wata’ala badhe ngicalaken kesusahanipun wonten akhirat mangke.

Setunggaling tiyang nggampilaken kesisahan ingkang njiret tiyang mukmin sanes, mila Allah subhanahu wata’ala badhe nggampilaken urusanipun wonten donya lan akhirat. Lan menawi setunggaling tiyang nulung sadherekipun sesami tiyang mukmin, mila Allah subhanahu wata’ala badhe nulungi piyambakipun .

Imam Ibnu Rajab Al-Hanbali wonten ing kitabipun jamiul ‘ulum wal hikam  nggadhahi penjelasan sae masalah menika. Ngedikanipun, al–Kurbah (kasisahan) inggih punika tekanan awrat ingkang ndadosaken salah setunggaling tiyang rekaos lan sedih.

At-Tanfis tegesipun inggih punika usaha kangge ngentengaken kasisahan kasebat saking tiyang ingkang ngalami. Dene at-Tafrij inggih punika ngicalaken kasisahan kasebat ngantos kesedihan lan kesusahanipun sirna.

Ganjaran kangge tiyang kalawau inggih punika Allah subhanahu wata’ala badhe ngentengaken kesusahanipun. Lan ganjaran ngicalaken kasisahan tiyang sanes inggih punika Allah subhanahu wata’ala badhe ngicalaken kesusahanipun. Menika kang diarani kados wonten ing kaedah Al-Jaza’ min Jinsil Amal (balesan menika sepadan kaliyan amalanipun).

Landasanipun kados firmanipun Allah subhanahu wata’ala wonten al-Quran surat Thaha ayat 124-126,

وَمَنْ اَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِيْ فَاِنَّ لَهٗ مَعِيْشَةً ضَنْكًا وَّنَحْشُرُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اَعْمٰى. قَالَ رَبِّ لِمَ حَشَرْتَنِيْٓ اَعْمٰى وَقَدْ كُنْتُ بَصِيْرًا. قَالَ كَذٰلِكَ اَتَتْكَ اٰيٰتُنَا فَنَسِيْتَهَاۚ وَكَذٰلِكَ الْيَوْمَ تُنْسٰى

Dene sapa kang mungkur saka pepeling Ingsun, mangka dheweke bakal entuk penguripane kang sarwa rupeg. Sarta Ingsun bakal nggiring dheweke ana ing dina Qiyamat kalawan wuta. Dheweke matur,‘Dhuh Pangeran! Kados pundi paduka ngempalaken kawula kok wuta, ing mangka rumiyin kawula punika awas?’ Dhawuhing Allah,‘Kang mangkono iku jalaran Ayat-ayatIngsun wus tumeko marang sira, ananging sira liwakake. Mangkono uga sira ana ing dina iki dilalekake (ana ing Neraka).’”

Sinten mawon tiyang wonten alam donya nglalekaken dhawuh-dhawuh Allah subhanahu wata’ala, mesok ing dina kiyamat Allah subhanahu wata’ala bakal nglirwakake piyambakipun, tegese mboten diparingi pitulungane Allah subhanahu wata’ala.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Ing antawise conto tumindak kang klebet ngenthengaken kasisahan tiyang sanes wonten urusan donya nggih punika paring pambyantu sedherek kang kelilit utang.

Langkung-langkung menawi tiyang menika utang kangge nutupi kabetahan sak dinten-dinten, sae sandang, pangan lan papan sanes utang kangge nuruti gaya hidup.

Tumindak menika terpuji jalan klebet ingkang di ngedikakaken wonten al-Quran surat an-Nisa’ ayat 85,

مَنْ يَّشْفَعْ شَفَاعَةً حَسَنَةً يَّكُنْ لَّهٗ نَصِيْبٌ مِّنْهَا ۚ وَمَنْ يَّشْفَعْ شَفَاعَةً سَيِّئَةً يَّكُنْ لَّهٗ كِفْلٌ مِّنْهَا ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ مُّقِيْتًا

Sapa kang tetulung kalawan pitulungan kabecikan, mesthi bakal tampa ganjaraning kabecikan iku, lan sapa kang tetulung prakara ala, hiya bakal melu nanggung alane iku. Allah iku kang Kuwasa anjaga marang sakabehing shallallahu ‘alaihi wasalla miji-wiji.

Utawa ugi kang klebet ngicalaken kasisahan tiyang sanes inggih punika nyukani nasehat tiyang mukmin sanes nalika terjerumus wonten dosa lan maksiyat, jalaran dosa lan maksiyat menikalah saestune kang damel susah gesange tiyang nopo maleh ingkan beriman.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda kadosipun diriwayataken Imam ath-Thabarani wonten ing kitab Mu’jam al-Ausath hadits nomer 649,

اُنْصُرْ أَخَاكَ ظَالِمًا أَوْ مَظْلُوْمًا إنْ كَانَ ظَالِمًا فَرُدَّهُ وَإنْ كَانَ مَظْلُوْمًا فخُذْ لَهُ

Tulungona sedulur sira kabeh ingkang lampah zalim lan ingkang dipun zalimi. Bilih kang lampah zalim mila tahanen saka tumindake lan bilih piyambakipun dizalimi mila wangsulaken hakipun.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten khutbah ingkang saget kawulo aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khotib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

  اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

 أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا  اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

  اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

 أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

 اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

 ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ

 رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

عِبَادَ اللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ، وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ، وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ، أَقِيْمُوا الصَّلَاةَ.

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Ngentengaken Beban Sesami Muslim  ing mriki:

Mugi manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *