khutbah jumat bahasa jawa kautamaan nutup aib sedherek muslim dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautamaan Nutup Aib Sedherek Muslim

Terakhir diperbarui pada · 2,224 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Kautaman Nutup Aib Sedherek Muslim

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sumangga kita sedaya tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala, Dzat kang Maha Welas lan Asih, kanthi paring tumrap hambanipun pinten-pinten kenikmatan, saha nikmat batos punapa badan. Sahingga kanthi nikmat punika, kulo panjenengan sami saget tansah ibadah wonten panggesangan sak meniko.

Shalawat lan salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin

Khatib tansah caos pepenget kagem sedaya jamaah Jumat ingkang minulya, supados ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa mujudaken sangu ingkang paling sae rikalanipun ngadhep dhumateng Allah. 

Allah Ta’ala paring pangandikan ing surat Ali Imran ayat 102,

  يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Sapunika kula lan panjenengan mriksani, pripun gampilipun salah setunggaling tiyang mbikak aib sesami, mbalang tudingan, madosi kelepatan tiyang sanes, nyebarluasaken lan malah ndadosaken aib menika lelucon, mboten rumaosi kados pripun bahayanipun.

Tiyang menika wicanten tanpa nggatosaken awisan agami, wicanten tanpo fakta lan namung nuruti hawa nafsu kemawon. Tiyang menika ugi mboten rumaosi menawi sadaya gineman ingkang medal saking lisanipun mangke badhe dipunsuwuni tanggungjawab wonten ngajengan Allah subhanahu wata’ala.

Padahal amal menika kagolong kang ala, akhlak mboten sae lan awisan agama.

Allah Ta’ala sampun dhawuhaken wonten ing al-Quran surat al-Hujurat ayat 12,

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اجْتَنِبُوْا كَثِيْرًا مِّنَ الظَّنِّۖ اِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ اِثْمٌ وَّلَا تَجَسَّسُوْا وَلَا يَغْتَبْ بَّعْضُكُمْ بَعْضًاۗ اَيُحِبُّ اَحَدُكُمْ اَنْ يَّأْكُلَ لَحْمَ اَخِيْهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوْهُۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ تَوَّابٌ رَّحِيْمٌ

He wong kang podo Iman! sira padha ngedohna ing akeh-akehing panyana, satemene ana saweneh ing panyana iku dosa! Lan sira aja golek-golek alaning liyan, Ian ‘aja nyatur ala sawenehira marang sawenehe. Apa dhemen ta manawa salah sawijinira iku mangan daginge sadulure dhewe kang wus mati? Mesthi bae sira ora padha dhemen. Sira padha wedia ing Allah, sanyata Allah subhanahu wata’ala iku kapareng narima tobat tur Maha Asih.”

Tiyang ingkang mboten purun nutup aib sedherekipun, utawi malah remen mbikak lan nyebar aib lan kekirangan sadherekipun sesami muslim angsal anceman ingkang awrat saking Allah Ta’ala.

Allah ndhawuhaken wonte al-Qur’an surat an-Nur ayat 19:

اِنَّ الَّذِيْنَ يُحِبُّوْنَ اَنْ تَشِيْعَ الْفَاحِشَةُ فِى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌۙ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ

Sanyatane wong-wong kang ndhemen nyebarake perkara ala ana ing kalangane wong-wong Mu’min iku, yekti dheweke bakal padha kapatrapan siksa kang lara ana ing Donya lan Akherat, lan Allah iku Nguningani, dene sira kabeh ora padha ngerti.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Lisan menika amanah kangge dipun gunakaken wonten perkawis sae lan minulyo miturut agama lan akal sehat. Menawa tiyang ngumbar aib tiyang sanes langkung-langkung tiyang islam mila kalebet tumindak nyiakaken amanah, ingkang hukumanipun dosa.

Allah paring firman wonten al-Qur’an surat Qaf ayat 18,

مَا يَلْفِظُ مِنْ قَوْلٍ اِلَّا لَدَيْهِ رَقِيْبٌ عَتِيْدٌ

Manungsa ora angucapake gunem sakecap, kajaba ing sandhinge ana Malaikat Raqib lan Atid.”

Imam Ibnu Katsir rahimahullah nerangaken menawi saben gineman ingkang dipun sanjangaken manungsa mesthi badhe dipunserat dening Malaikat ingkang senantiasa ngawasi, mboten bakal luput sakecap kemawon.

Mekaten ugi Allah Ta’ala ndhawuhaken wonten al-Quran surat al-Infithar ayat 10-11,

وَاِنَّ عَلَيْكُمْ لَحٰفِظِيْنَۙ. كِرَامًا كَاتِبِيْنَۙ

Ing mangka tumrap sira kabeh ana Malaikat kang tansah nitipriksa tumindakira. Yaiku para Malaikat kang minulya ing ngarsaing Allah, sarta nulisi amalira.

Dados, mboten dipun pungkuri malih menawi sedaya tembung ingkang medal saking lesan kita ajeng  dipunserat dening malaikat. Cathetan puniku dados sangu amalan ingkang badhe ditimbang wonten dinten akhir mangke.

Punapa kita siap kaliyan balesan saking gineman ingkang kula lan panjenengan medalaken?

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Wonten kaedah ing agami Islam inggih menika al-Jaza’ min Jinsil Amal, bilih balesan saking Allah Ta’ala tumrap setunggaling amal kesaenan menika sami kaliyan amal menika piyambak. Sinten kang seneng nutupi aib sedherek muslimipun, Allah mangke bakal nutupi aibipun wonten ing akhirat.

Kita kadang mboten sadar bilih dosa kang kita tindakke menika wonten kalanipun kanthi sengaja punapa kang mboten sengaja. Ananging sedaya menika tetep dipun suwuni tanggung jawab Allah ing dino kiyamat.

Menawi Allah dereng ngampuni menika aib-aib kita, pramila sinten mawong kang purun dipun lebur sedaya aibe wonten dino kiamat maka padha senengo nutupi aibe sedherek muslim.

Hadits saking sahabat Abu Hurairah, piyambakipun nate mireng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh wonten ing hadits ingkang dipun riwayataken Imam al-Bukhari lan Muslim,

وَمَنْ سَتَرَ مُسْلِمًا سَتَرَهُ اللَّهُ يَوْمَ القِيَامَةِ

Sapa kang nutupi aibe sedulure islam, mangka Allah bakal nutui aibe ing dino kiamat.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Nutup aib sedherek muslim menika maknanipun ampun ngantos napa tumindak ala menika ndadhosaken sedherek kita kala wau lajeng ina lan dados obyek hujatan tiyang kathah, kamangka tiyang kalawau saget diparingi nasehat kanthi pribadi. Kanthi tujuan mugio nasehat pribadi wau saget ndadhosno tiyang menika sadar lan taubat dhumateng Allah Ta’ala.

Langkung-langkung ing wekdal sakmenika, kathah tiyang menika ngumbar aib tiyang sanes kanthi tujuan ndawahaken marwahipun karana tiyang kalawau saingan bisnisipun menawi, utawa lawan politikipun, utawi karana hasud piyambakipun tiyang punika.

Allah ndhawuhaken wonte al-Quran surat an-Nur ayat 19,

اِنَّ الَّذِيْنَ يُحِبُّوْنَ اَنْ تَشِيْعَ الْفَاحِشَةُ فِى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌۙ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ

Sanyatane wong-wong kang ndhemen nyebarake perkara ala ana ing kalangane wong-wong Mukmin iku, yekti dheweke bakal padha kapatrapan siksa kang lara ana ing Donya lan Akherat, lan Allah iku Nguningani, dene sira kabeh ora padha ngerti.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawulo sampekaken, inggih punika babagan nglaksanakaken amanah dhateng sesami tiyang Islam nutup aib sedherek Islam. Mugio saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khotib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Kautaman Nutup Aib Sedherek Muslim ing mriki:

Mugi manfaat!

Ingin beli buku dengan jaminan produk original bukan bajakan?

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *