khutbah jumat bahasa jawa persiapan ngadhepi wulan ramadhan dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Persiapan Ngadhepi Wulan Ramadhan

Terakhir diperbarui pada · 2,012 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Persiapan Ngadhepi Wulan Ramadhan

Oleh: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

الْحَمْدُ لِلّهِ الَذِى جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ شَهْرَ الْخَيْرَاتِ وَالْبَرَكَةِ وشَهْرَ الطَّاعَاتِ وشَهْرَ الصّيَامِ وَالْقِيَامِ. وَأشْهَدُ أنْ لا اِلهَ اِلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيْكَ لَهُ الّذِى فَضَّلَ بَعْضَ الشُّهُوْرِ وَالاَيَّامِ عَلَى بَعْضٍ وَجَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ مِنَ الشُّهُوْرِ الْعِظَامِ وَأيَّامَهُ مِنَ الايَّامِ الْكِرَامِ وَأشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِى أرْسَلَهُ اللهُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ.

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Mangga kita sami ngunjukaken raos syukur dhateng Allah subhanahu wata’ala ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, peparing lan anugerah dhumateng kita sedaya. Langkung-langkung nikmat dien Iman lan Islam, kita sedaya sami nyadong mugi saged istiqomah ingkang akhiripun saged pejah husnul khotimah.

Shalawat lan salam mugi tansah katetepan dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam ingkang sampun paring pitedah nun inggih margi Islam ingkang sempurna. Amin

Mangga, kita sami tansah usaha ningkataken raos taqwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala kanthi netepi perintah-perintahipun lan nebihi sedaya awisan-awisanipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Kantun sekedhap malih wulan Ramadhan badhe ndatengi kita sedaya. Wulan ingkang mulya, wulan ingkang dipun ajeng-ajeng tiyang-tiyang beriman. Ing wulan punika kita saged ngempalaken ganjaran ingkang langkung kathah kanthi wekdal ingkang naming singkat sahingga saget pikantuk kedudukan ingkang mulya ing ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala.

Mila sakmestinipun kitho kedah cawis-cawis kangge ngadepi kewajiban nindakaken siyam wonten ing wulan Ramadhan samangkeh kranten menika satunggaling karunia Allah dhateng tiyang Islam.

Allah subhanahu wata’ala pering pangandikan,

قُلْ بِفَضْلِ اللّٰهِ وَبِرَحْمَتِهٖ فَبِذٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوْاۗ هُوَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُوْنَ

Dhawuha sira Muhammad: Tumurun ing Quran iku yekti kalawan kanugrahane Allah, lan RahmaTe, jalaran saka iku sira padha bungaha lan hiya iku kang luwih becik tinimbang barang kang padha dikumpulake.”(QS. Yūnus: 58)

Jiwa lan manah kita kedah dipun siapaken, jalaran mboten sekedik umat Islam ingkang nampi kewajiban ing wulan Ramadhan menika mboten nggadahi persiapan sahingga manahipun mboten rumaos bingah saha ridha lan remen nindakaken kewajiban saking ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala. Kita pirsani bilih para Ulama lan tiyang shalih sanget-sanget kangen kalian wulan Ramadhan.

Ma’la bin al-Fadhl ngucap,

كَانُوْا ‌يَدْعُوْنَ ‌اللهَ ‌تَعَالَى ‌سِتَّةَ ‌أَشْهُرٍ ‌أَنْ ‌يُبَلِّغَهُمْ رَمَضَانَ يَدْعُوْنَهُ سِتَّةَ أَشْهُرٍ أَنْ يُتَقَبَّلَ مِنْهُمْ

Para sahabatipun kanjeng Nabi tansah ndonga dhateng Allah wiwit 6 sasi sak derangipun supaya saget pepanggihan Ramadhan lan tansah ndonga dhateng Allah sakwise rampung Ramadhan 6 sasi sakbare supaya amalanipun dipun tampi dening Allah subhanahu wata’ala.” (Lathaif al-Ma’arif, Ibnu Rajab, 148)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Saklajeng napa kemawon bekale kangge ngadhepi wulan Ramadhan kang kathah rahmat lan maghfirah saking ngarsane Allah subhanahu wata’ala? Kirang langkung wonten tiga tumindak utawi amalan kangge menika.

Setunggal: Ningakaten Iman

Para jamaah, iman menika kahanane saget mundak utawi tambah lan saget ugi mudun utawi suda. Tambahe iman disebapaken tambahe ketaatan lan ningkate keshalihan tiyang, mekaten ugi sudane iman disebapaken sudana ketaatan lan tambahe kemaksiatan.

Kondisi iman menika kayadene pakaian, kang saget lawas, saget rusak lan amoh pramila kedah tansah dianyari.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dawuh,

إِنَّ الإِيمَانَ لَيَخْلَقُ فِي ‌جَوْفِ ‌أَحَدِكُمْ ‌كَمَا ‌يَخْلَقُ ‌الثَّوْبُ الخَلَقُ؛ فَسَلُوا اللهَ أَنْ يُجَدِّدَ الإِيمَانَ فِي قُلُوبِكُمْ

Saktemene Iman ana njero ati sira kabeh bisa amoh kayadene amohe klambi, mula padha nyuwun marang ngarsane Allah supaya tansah handandani iman ana ing njero ati sira kabeh.”(HR. Ath-Thabarani, Mu’jam al-Kabir No. 14668)

Siyam menika ibadah kang abot, mboten bakal saget dilakoni tiyang kang mboten nggadhahi iman ana ing njero ati. Awit saking menika Allah tansah nyeru lan ndhawuhaken naming dhateng tiyang iman.

Allah subhanahu wata’ala ngendikakaken,

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ

He para wong Mu’min, sira padha diwajibake ibadah shiyam, kaya kang wus diwajibake tumrap wong-wong biyen sadurungira, supaya sira tambah-tambah anggone taqwa.”(QS. Al-Baqarah: 183)

Kanthi ayat menika tiyang munafiq, kafir, lan musyrik ora bakal bisa mikul kewajiban ngibadah siyam kang awrat menika.

Pripun carane kita ndandani lan nganyari iman? Inggih menika kanthi ngathah-ngathahi ibadah, dzikir, lan sanese. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

‌جَدِّدُوا ‌إِيمَانَكُمْ، قِيلَ: يَا رَسُولَ اللهِ، وَكَيْفَ نُجَدِّدُ إِيمَانَنَا؟ قَالَ: أَكْثِرُوا مِنْ قَوْلِ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ

Sira padha anyarana iman! sahabat tanglet, Dospundi caranipun kita ngnyari iman duh Rasulullah? Rasulullah dawuh, Akeh-akehana anggonmu ngucap Laa Ilaaha Illallah.”(HR. Ahmad No. 8710)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Kaleh: Tansah Ndedonga

Donga menika ibadah kang penting wonten ing agami Islam, malahan diarani inti ibadah nggih menika doa. Ora ana ibadah kang ora ana ing sak njerone ibadah kuwi mau amalan donga.

Allah subhanahu wata’ala ndhawuhaken dhateng para Nabi ingkang maqamipun sampun celak kaliyan Allah supados tansah ndonga, napa melih kita sedaya.

Allah paring pangandikan,

وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِيْ سَيَدْخُلُوْنَ جَهَنَّمَ دَاخِرِيْنَࣖ

Allah Pangeranira kabeh wus ngandika: Sira padha nyenyuwuna marang ingsun, Ingsun kapareng nyembadadi marang sira. Sanyata wong-wong kang padha gumedhe suthik ibadah marang Ingsun iku bakal padha lumebu ing Nereka Jahannam tur padha ina.”(QS. Al-Mu’min: 60)

Ayat wonten inggil cetho lan jelas nggambaraken bilih sak sintena kang ninggal doa menika badhe dikwestanan mutakabbir (wong kang gumedhe utawi sombong). Lan gumedhe iku panggonane ana ing neraka.

Allah menika Dzat kang celak kalih hamba-Ne, tentu bakal mirengake napa mawon kang dados penjaluke tiyang kang nyuwun.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

وَاِذَا سَاَلَكَ عِبَادِيْ عَنِّيْ فَاِنِّيْ قَرِيْبٌ ۗ اُجِيْبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ اِذَا دَعَانِۙ فَلْيَسْتَجِيْبُوْا لِيْ وَلْيُؤْمِنُوْا بِيْ لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُوْنَ

Lan menawa kawulaningsun padha pitakon marang sira Muhammad saka Sariraningsun mangka jawaben, Ingsun iku cerak banget. Ingsun minangkani panuwunw wong kang padha nenuwun marang Ingsun. Mangka supaya padha nyandikanana netepi dhawuhingsun, lan padha imana marang Ingsun muga-muga dheweke padha tetep ana ing kabeneran.”(QS. Al-Baqarah: 186)

Saklajeng donga kang dipun ajaraken para salaf inggih punika kayadene kang disebutaken Yahya bin Katsir,

اَللَّهُمَّ سَلِّمْنـِيْ إِلَى رَمَضَانَ وَسَلِّمْ لِـيْ رَمَضَانَ وَتَسَلَّمْهُ مِنِيْ مُتَقَبَّلاً

Ya Allah, paringana kawula slamet saget pepanggihan wulan Ramadhan, lan paringana slamet kangge wulan Ramadhan saget ndugeni kawula lan Panjenengan tampi sedaya amal kawula.” (Lathaif al-Ma’arif, Ibnu Rajab, 148)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Tiga: Ngertosi Ilmunipun

Ilmu lan kaweruh pangertosan punika minangka tanda kamulyaning manungsa tinimbang makhluk sanes, lan inggih karana ilmu punika berhak dipun taati lan dipun hormati.

Tiyang ingkang berhasil gesangipun wonten ing bidang menapa kemawon, antawisipun inggih jalaran kaweruh lan ilmunipun ingkang cekap kepara mumpuni. Wonten babagan nindakaken ibadah siyam kita ugi kedah nyawisaken ilmune.

Ilmu babagan siyam antawise ilmu ngertosi napa maknane siyam, masyru’iyyah utawi dalil dawuhe siyam, sinten mawon kang diwajibake siyam, napa mawon rukune siyam, sunnah-sunnah, makruh-makruh, kang mbatalake siyam, sinten tiyang sing angsal mboten siyam lan napa gantine. Lajeng napa mawon ilmu-ilmu babagan siyam.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawula sampekaken, mugio saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khotib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Persiapan Ngadhepi Wulan Ramadhan ing mriki:

Mugi Manfaat!

Materi Khutbah Jumat lainnya:

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *