khutbah jumat bahasa jawa bebayan tumindak dosa lan maksiat dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bebayan Tumindak Dosa lan Maksiat

Terakhir diperbarui pada · 2,375 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Bebayan Tumindak Dosa Lan Maksiat

Oleh: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sumangga kita sami tansah ningkataken saha nambahi syukur dumateng Allah subhanahu wata’ala ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan sahingga kita sedaya saget rawuh makempal wonten ing baitullah siang punika.

Shalawat lan salam katunjuk katur dumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun, para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin

Mangga tansah ningkataken iman lan takwa dumateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Allah subhanahu wata’ala. Kanthi mekaten, kita insyaallah badhe pikantuk kabegjan wiwit dunya dumugining akherat samangke. Amin.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.(QS. Ali Imran: 102)

Jenis Menungsa Wonten Panggesangan Donya

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah

Menungsa wonten panggesangan donya sak menika wonten kaleh renine, kados dene ingkang dipun kabaraken al-Quran,

هُوَ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ فَمِنْكُمْ كَافِرٌ وَّمِنْكُمْ مُّؤْمِنٌۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ

Hiya PanjenengaNe Allah kang wus anitahake sira kabeh, sawenehira ana kang kafir, lan sawenehira maneh ana kang Mu’min. allah iku Maha Nupiksa marang barang kang padha sira tindakake.(QS. At-Taghābun: 2)

Setunggal: Kelompok kang ndherek marang Allah lan UtusaNe

Menika kelompok kang tansah manut lan tunduk dhumateng sedaya titah lan dhawuh saking Allah lan Rasul, sahingga kelompok menika mangkeh badhe diparingi keslametan sae wonten ing alam donyane utawi akherat samangkeh.

Allah subhanahu wata’ala dhawuh,

وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

Lan sapa kang ndherek marang Allah lan UtusaNe, temen dheweke oleh kabegjan kang agung!” (QS. Al-Ahzāb: 71)

Kalih: Kelompok kang Durhaka marang Allah lan Rasul

Menika kelompok kang gawene tumindak ala lan nglewati wates aturan syariat Islam, tansah nuruti hawa nafsune sahingga gesange tansah peteng lan tebih saka pituduh kang sae. Al-Quran nggambaraken tiyang menika dhuweni sesembahasan sak liyane Allah yaiku hawa nafsu.

اَفَرَءَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ اِلٰهَهٗ هَوٰىهُ وَاَضَلَّهُ اللّٰهُ عَلٰى عِلْمٍ وَّخَتَمَ عَلٰى سَمْعِهٖ وَقَلْبِهٖ وَجَعَلَ عَلٰى بَصَرِهٖ غِشٰوَةًۗ فَمَنْ يَّهْدِيْهِ مِنْۢ بَعْدِ اللّٰهِ ۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ

Mula Muhammad apa sira wus tau sumurup wong kang mangeran ing hawa nafsune, lan dheweke disasarake dening Allah, ing mangka dheweke iku sajatine mengerti sasare mau. Lan Panjenengane wus ngunci pengrungu lan atine, lan ndadekake tutup ana ing paningale. Sapa ta kang bisa nuduhake dheweke yen dudu Allah? lha apa sira ora manut pitutur?(QS. Al-Jātsiyah: 23)

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah

5 Bebayan Tumindak Dosa lan Maksiat

Dosa lan maksiat menika hanggadhahi mudarat utawi nimpakaken rugi marang manah utamane kayadene racun nalika mlebu ing badan. Madharat jalaran dosa lan maksiat menika wonten tingkatane kadospundi gedhene dosa kang dilakoni. Wonten ing mriki khatib pingin medharaken pinten-pinten bebayan perkawis menika supados kita tansah waspada lan mawas diri.

Nomer Setunggal: Dosa lan maksiat ngalangi ilmu

Ilmu menika paribasane cahya kang Allah lebetke wonten manah tiyang iman, dene maksiat menika kang bisa mejahi manah tiyang iman.

Kados nasehat Imam Syafi’i nalika piyambake ngadu masalah kang diadepi babagan perkara kang ngalang-alangi ilmu.

شَكَوْتُ إِلَى وَكِيْعٍ سُوْءَ حِفْظِي، فَأَرْشَدَنِي إِلَى تَرْكِ الْمَعَاصِي، وَأَخْبَرَنِي بِأَنَّ الْعِلْمَ نُوْرٌ، وَنُوْرُ اللهِ لَا يُهْدَى لِعَاصِي.

Aku kandha marang guruku Imam Waki’ (guru Imam asy-Syafii) perkara angele ngapalake ilmu, banjur piyambakipun paring nasehat supados awakku ninggalake dosa, jalaran ilmu kui cahyane Allah. Lan sak temene cahyane Allah ora bakal diwenehake marang ahli maksiat.” (At-Tahshil min al-Mahshul, Sirajuddin al-Armawi, 1/104)

Nomer Kalih: Dosa lan maksiat ngalangi rejeki

Takwa dhumateng Allah menika sebab lancare rejeki dene maksiat marang Allah menika kasakbalene yaiku saget nyeretake rejeki.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

إِنَّ الرَّجُلَ لَيُحْرَمُ الرِّزقَ بِالذَّنْبِ يُصِيْبُهُ

Saktemene setunggaling tiyang kaalang pikantuk rejeki jalaran saka dosa kang ditindakake. (HR. Ahmad)

Nomer Tiga: Dosa lan maksiat agawe petenge ati

Tiyang menika saget nuntasaken masalah dipun sebabaken antawise merga resik ing manah sahingga akal pikiran tumut jernih. Anangeng maksiat menika saget nyebabake ati peteng sahingga mboten gadhah akal kang jernih.

Wonten kitab Al-Wabil Ash-Shayyib halaman 30, Ibnu Qayyim al-Jauziyah nukil nasehatipun sahabat Ibnu Abbas radhiyallahu anhuma,

أَنَّ لِلْحَسَنَةِ ضِيَاءً فِي الْوَجْهِ وَنُوْراً فِي الْقَلْبِ وَقُوَّةً فِي الْبَدَنِ وَسِعَةً فِي الرِّزْقِ وَمَحَبَّةً فِي قُلُوْبِ الْخَلْقِ،

Saktemene kebejikan bisa mancarake cahya saka wajah, pepadhang ana ing ati lan tenaga kanggo badan, tresna saka sedaya makhluk.

وَإِنَّ لِلسَّيِّئَةِ سَوَاداً فِي الْوَجْهِ وَظُلْمَةً فِي الْقَلْبِ وَوَهْناً فِي الْبَدَنِ وَنُقْصاً فِي الرِّزْقِ وَبَغْضَةً فِي قُلُوْبِ الْخَلْقِ

Lan kasakwangsule, bilih maksiat bisa mancarake petenge wajah, sempite ati lan ringkihe badan sarta kurange rejeki, jahate sedaya makhluk.

Nomer Sekawan: Dosa lan maksiat pambuka dosa liane

Saktemene dosa lan maksiat saget nglahirake tindak maksiat sanese, sahingga tiyang kalawau rekaos menawa pingin mungkasi saka tumindak maksiate.

Setunggale ulama salaf paring nasehat: “Saktemene ing antawise ukuman saka tumindak dosa yaiku bisa nglakoni dosa liane. Lan ing antawise balesan saka tumindak becik yaiku bisa nglakoni kebecikan liane.

Nomer Gangsal: Dosa lan maksiat nggawa marang kahanan ina

Saktemene akibat saka tumindak dosa nggih menika marisake kahanan ina, merga kamulyan kang sejatine inggih menika wonten ing dalem taat marang Allah.

مَنْ كَانَ يُرِيْدُ الْعِزَّةَ فَلِلهِ الْعِزَّةُ جَمِيْعًاۗ

Sapa kang sumeja golek kamulyan, kamulyan iku kabeh kagunganing Allah piyambak…(QS. Fāthir: 10)

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah

Mekaten materi khutbah Jumat babagan bebayaning dosa lan maksiat ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Bebayan Tumindak Dosa lan Maksiat ing mriki:

Mugi Manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *