khutbah jumat bahasa jawa sebab lan tujuan musibah dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sebab lan Tujuan Musibah

Terakhir diperbarui pada · 1,439 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Sebab lan Tujuan Musibah

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati dening Allah Ta’ala

Puji lan syukur ingkang kathah kaaturaken dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala Dzat kang Maha Welas lan Asih, kanthi maringi tumrap hambanipun pinten-pinten kenikmatan, sahe nikmat batos punapa badan. Sahingga kanthi nikmat kalawau kulo panjenengan sami saget tansah ibadah wonten panggesangan sak meniko.

Shalawat lan salam katunjuk katur dumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin

Mboten kesupen pinangka khatib, kulo tansah ngemutaken jamaah sedayanipun mangga kita sesarengan tansah ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa mujudaken sangu ingkang paling sae rikalanipun ngadhep dhumateng Allah.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati dening Allah Ta’ala

Kita sampun sanget-sanget asring miring wartos kedadosipun pinten-pinten musibah lan bencana wonten nagari kita. Wonten bencana alam rupinipun redi mbledhug, bena bandang, kabesmen wana, lindhu, siti longsor, angin puting beliung lan ingkang paling dahsyat kedadosan kita alami inggih punika tsunami.

Pertanyaanipun lajeng, punapa saben bencana ingkang kedados puniku murni amargi ingkang sifatipun rasional saged ditelusuri lumantar pinten-pinten ilmu pengetahuan utawi sains lan teknologi ingkang wonten hubung kaitipun kaliyan bencana kasebat, utawi wonten amargi sanes, inggih punika sebab syar’i?

Saleresipun, musibah punapa mawon ingkang kedados, mboten ajeng nate pisah saking sebab kang sifatipun kauni (rasional) lan wonten sebab ingkang sifatipun syar’i.

Wonten kesempatan puniki kita ajeng bahas ingkang sebab syar’i saking pinten-pinten bencana ingkang ndhawahi umat manungsa jalaran kita menika tiyang-tiyang ingkang iman.

Al-Quran njelasaken ingkang kasebat ing surat al-Hadid ayat 22, bilih musibah menika sampun katetepanipun Allah Ta’ala tebih sak derenge manungsa wujud wonten ing ngalam donya.

مَآ اَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مِّنْ قَبْلِ اَنْ نَّبْرَاَهَا ۗاِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌۖ

Ora ana bilahi kang nempuh ing Bumi, sarta kang nempuh ing sira, kajaba wus katulis ana ing Kitab (Lauhul Mahfuzh) sadurunge bilahi iku Ingsun lahirake, sanyata kang mangkono mau gampang banget mungguhing Allah.”

Sebab lan Tujuan Wontenipun Musibah

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati dening Allah Ta’ala

Musibah ingkang ndhawahi tiyang wonten ing ngalam donya menika nggadhahi pinten-pinten sebab lan tujuan. Miturut kajian al-Quran lan al-Hadits sak mbotene wonten tiga werni:

Setunggal: Musibah dipun sebabaken keimanan lan ketaatan menika tujuanipun pinangka ujian

Menawi wonten hambanipun Allah, sae menika pribadi, keluarga utawi masyarakat menika tiyang ingkang iman lan taat dhumateng Allah ananging gesangipun tansah ngadhepi musibah arupi kematian, kecelakaan, kesulitan ekonomi, sakit lan sanese. Yekti menika ujian saking ngarsanipun Allah supados Allah inggilaken derajat kamulyanipun wonten ing ngalam donya lan akherat.

Allah sampun dhawuhaken wonten ing surat al-Baqarah ayat 155,

وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِّنَ الْخَوْفِ وَالْجُوْعِ وَنَقْصٍ مِّنَ الْاَمْوَالِ وَالْاَنْفُسِ وَالثَّمَرٰتِۗ وَبَشِّرِ الصّٰبِرِيْنَ

Lan sanyata Ingsun bakal nyoba ing sira kabeh kalawan shallallahu ‘alaihi wasallamatara kekuatiran lan kaluwen, lan kekurangan bandha, lan kekurangan kadang mitra, sarta kekurangan woh-wohan. Sira ambebungaha marang wong-wong kang sabar.

Pramila Allah nyukani musibah kaliyan tiyang iman supados ridha lan sabar. Kangge tiyang ingkang sabar, ajeng dipun sukakaken pahala wonten akhirat saha dipun serat wonten sisi Allah kelebet tiyang ingkang begja.

Wonten hadits Anas bin Malik radhiyallahu ‘anhu semana ugi dijelasaken, ingkang dipun riwayataken Imam at-Tirmizi hadits nomer 2396, bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh,

‌إِنَّ ‌عِظَمَ ‌الجَزَاءِ مَعَ عِظَمِ البَلَاءِ، وَإِنَّ اللَّهَ إِذَا أَحَبَّ قَوْمًا ابْتَلَاهُمْ، فَمَنْ رَضِيَ فَلَهُ الرِّضَا، وَمَنْ سَخِطَ فَلَهُ السَّخَطُ

Saestunipun agenge pahala dipun tumuti kaliyan agenge bencana ingkang ndhawahi (dados coban). Saestunipun Allah nalika nresnani setunggaling kaum, mila panjenenganipun badhe nguji. Sinten ingkang ridha mila piyambakipun ajeng angsal keridhaan Allah lan sinten ingkang murka, mila piyambakipun ajeng angsal murkane Allah.

Dipun kiyati maleh wonten saking Hadits Aisyah bilih ujian menika bilih Allah pingin ngangkat derajat kamulyan hamba,

مَا يُصِيبُ الْمُؤْمِنَ مِنْ شَوْكَةٍ فَمَا فَوْقَهَا إِلَّا رَفَعَهُ اللَّهُ بِهَا دَرَجَةً، أَوْ حَطَّ عَنْهُ بِهَا خَطِيئَةً

Mboten setunggaling tiyang mukmin kenging duri lan langkung saking puniku kejawi Allah badhe nginggilaken setunggal derajat kalih piyambakipun. Utawi dipun icali kelepatan piyambakipun.” (HR. Al-Bukhari lan Muslim)

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati dening Allah Ta’ala

Kalih: Musibah dipun sebabaken ghoflah utawi kelalaian menika tujuanipun pinangka teguran

Tiyang iman menika mboten sakbanjur bebas lan suci saking lelaku dosa lan maksiat. Wonten kalanipun tiyang menika nglakoni dosa lan maksiat. Pramila Allah subhanahu wata’ala kadang ndhawahaken musibah pinangka teguran supados tiyang kalawau wangsung lan taubat dhumateng ngarsanipun.

Allah Ta’ala paring sabda ing surat asy-Syu’ara ayat 30,

وَمَآ اَصَابَكُمْ مِّنْ مُّصِيْبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ اَيْدِيْكُمْ وَيَعْفُوْا عَنْ كَثِيْرٍۗ

Sadhengah bilahi kang ngenani ing sira kabeh iku saka uwohe pakartine tanganira dhewe, lan panjenengaNe Allah karsa ngapura akeh-akehe tindak dosa mau.

Allah Ta’ala taksih ngersakaken hambanipun kalawau supados taubat lan emut maleh dhumateng ngarsanipun. Mila mangga-mangga menawi kita kadhawahan musibah, saget dipun muhasabah sakjatose wonten mboten hak-hakipun Allah ingkang kita lirwakaken? pripun sholat kita, pripun ngaos kita, pripun bekti kita dhateng tiyang sepuh, pripun sedekah kita.

Wonten ing hadits riwayat at-Tirmizi nomer 2396 dipun sebataken,

إِذَا أَرَادَ اللَّهُ بِعَبْدِهِ الْخَيْرَ عَجَّلَ لَهُ الْعُقُوبَةَ فِي الدُّنْيَا، وَإِذَا أَرَادَ اللَّهُ بِعَبْدِهِ الشَّرَّ أَمْسَكَ عَنْهُ بِذَنْبِهِ حَتَّى يُوَافِيَ بِهِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ

Menawi Allah ngajeng-ajeng kesaenan ing hambanipun, mila Allah mensegerakan hukumanipun wonten donya puniki. Lan bilih Allah ngajeng-ajeng keburukan ing hamba-ipun, mila Allah nahan dosanipun ngantos dipun wangsuli wonten dinten kiamat.

Tiga: Musibah dipun sebabaken tumindak zalim lan kesombongan menika tujuanipun pinangka azab

Wonten ing al-Quran kathah sanget ayat kang isinipun lelaku umat zaman kapungkur ingkang dipun azab Allah jalaran dosa zalim lan kesombonganipun dhateng syariat Islam lan para Nabinipun Allah.

Kados firmanipun Allah ingkang njelasaken azab kaum Nabi Nuh ing surat al-‘Ankabut ayat 14,

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖ فَلَبِثَ فِيْهِمْ اَلْفَ سَنَةٍ اِلَّا خَمْسِيْنَ عَامًا ۗفَاَخَذَهُمُ الطُّوْفَانُ وَهُمْ ظٰلِمُوْنَ

Yekti temen Ingsun wus angutus Nuh marang kaume, dheweke manggon bebarengan karo kaume, sewu tahun kurang seket tahun lawase. Nanging wusanane wong-wong mau tinumpes ing banjir tofan sebab anggone pada anganiaya (zalim).”

Cetha saking ayat punika bilih azab menika dhawah jalaran dosa zalim utawi aniaya.

Mekaten ugi kaliyan penenggelaman dhateng lebeting bumi kaum luth, angin puting beliung ingkang ndhawahi kaum ‘Ad, saha kerisakan lingkungan ingkang ndhawahi bangsa Firaun amargi dipun kebaki dening rah lan kutu saha pinten-pinten serangga. Bab puniki ndamel penderitaan ingkang mboten tertanggungkan malih jalaran kesombonganipun.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan ing surat al-A’raf ayat 133,

فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمُ الطُّوْفَانَ وَالْجَرَادَ وَالْقُمَّلَ وَالضَّفَادِعَ وَالدَّمَ اٰيٰتٍ مُّفَصَّلٰتٍۗ فَاسْتَكْبَرُوْا وَكَانُوْا قَوْمًا مُّجْرِمِيْنَ

Tumuli Ingsun angutus ngrusak marang wong-wong mau sarana angin topan lan udan deres, walang, tuma, lan kodhok kang padha ngebaki omahe, sarta getih kang campur banyu mau, minangka dadi tandha yekti kang terang, ewa semono wong-wong mau tetep anggone isih padha gumedhe, lan dheweke iku kalebu wong-wong kang padha dosa gedhe.

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati dening Allah Ta’ala

Mekaten materi khutbah Jumat babagan sebab lan tujuan musibah ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khotib pribadi lan jamaah samudayanipun.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا  اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ.

فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ الْجَلِيْلَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى آلَائِهِ وَنِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ، وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ.

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Sebab lan Tujuan Musibah ing mriki:

Mugi manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *