Khutbah Jumat Bahasa Jawa Nebihi Tumindak Zalim dakwa.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nebihi Tumindak Zalim

Terakhir diperbarui pada · 1,376 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Nebihi Tumindak Zalim
Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهدِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيَّا مُرْشِدًا

أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ بَلَّغَ الرِّسَالَةَ، وَأَدَّى الْأَمَانَةَ، وَنَصَحَ الْأُمَّةَ، وَجَاهَدَ فِي اللهِ حَقَّ جِهَادِهِ حَتَّى أَتَاهُ الْيَقِيْنُ.

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِه وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَأِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ، وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ. أَمَّا بَعْدُ،

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Sumangga, kula dherekaken sesarengan tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala. Kanthi mujudaken syukur ingkang sak leres-leresipun lan syukur ingkang sak kathah-kathahipun. Inggih punika nindakaken sadaya dhawuhipun lan nilar sadaya pepacuhipun.

Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam lan ugi dhumateng para kaluwarga, para shahabat, saha para pendherekipun ingkang tansah manut lan mituhu ndherek dhawuhipun ngantos benjang wonten ing akhirat.

Sumangga, kita sami ikhtiyar maksimal nambahi iman lan taqwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala. Mugi-mugi gesang kita tansah wilujeng, ayem, tentrem lan tebih saking rubeda wiwit ing alam donya ngantps benjang wonten ing akhirat.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Sedayanipun tiyang Islam ingkang sae, mesti bakal nyingkiri perkawis ingkang kawestanan tumindak zalim utawi aniaya dhumateng tiyang sanes. Mboten amarga bentenipun keyakinan, kelompok etnis, bangsa, lan sebab prabedan sanesipun tumindak aniaya menika awisan agami.

Allah subhanahu wata’ala sampun nyebataken bilih sinten mawon ingkang nindakaken kezaliman bakal dipun wenehi azab utawi siksa ingkang awrat benjang wonten akherat.

Kados punapa ingkang dipun dhawuhaken Allah subhanahu wata’ala,

فَقَدْ كَذَّبُوْكُمْ بِمَا تَقُوْلُوْنَۙ فَمَا تَسْتَطِيْعُوْنَ صَرْفًا وَّلَا نَصْرًاۚ وَمَنْ يَّظْلِمْ مِّنْكُمْ نُذِقْهُ عَذَابًا كَبِيْرًا

Pangandikanipun Allah: Sanyata dheweke kang dianggep pengeran-pangeran saliyane Allah wus anggorohake pangucapira kang nyebutake yen iku pangeran-pangeran saliyane Allah. Mangka dheweke kang disembah ora kuwasa nulak siksa saka sira kabeh, sarta ora kuwasa nulungi awake dhewe. Lan sapa bae saka sira kabeh kang atindak aniaya, temen Ingsun icipake tunrap dheweke siksa kang gedhe.”(QS. Al-Furqān: 19)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Awit sakmenika, mangga sesarengan kita mangertosi punapa kemawon tumindak-tumindak ingkang kalebet tumindak zalim, supados kita sedaya saget waspada lan ngatos-atos.

Setunggal: Tumindak zalim hamba tumrap Rabb-ipun

Tumindak zalim hamba tumrap Rabb ingkang paling ageng inggih punika syirik utawi nyekuthokaken Allah subhanahu wata’ala.

Allah paring pangandikan wonten ing al-Quran,

وَاِذْ قَالَ لُقْمٰنُ لِابْنِهٖ وَهُوَ يَعِظُهٗ يٰبُنَيَّ لَا تُشْرِكْ بِاللّٰهِ اِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيْمٌ

Lan nalika Luqman ngucap maneh marang putrane, yaiku mituturi: He anakku! sira aja nyekuthokake marang Allah jalaran syirik iku temen aniaya kang gedhe.” (QS. Luqmān: 13)

Syirik menikalah dosa kang njalari tiyang mboten dipun paring manghfirah saking ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala. Jalaran dosa syirik menika dosa ingkang kalebet babagan hak agengipun Allah subhanahu wata’ala. Dosa sak sanese taksih saget dipun ampuni ananging mboten kaliyan syirik.

Kados dene Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

Sanyata Allah iku ora karsa paring pangapura manawa Panjenengane disakutokake, ananging Panjenengane ngapura dosa saliyane syirik, mangkono iku tumrap wong kang dadi kaparenging karsane. Lan sing sapa syirik marang Allah, sanyata dheweke wus tumindak dosa kang gedhe.(QS. An-Nisa’: 48)

Ingkang ugi kalebet tumindak zalim tumrap Rabb inggih punika kufur dhumateng Allah subhanahu wata’ala.

Kados punapa ingkang sampun dipun ngendikakaken Allah subhanahu wata’ala.

وَالْكٰفِرُوْنَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ

Dene wong-wong kafir iku padha anganiaya.” (QS. Al-Baqarah: 254)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Kalih: Tumindak zalim hamba dhateng sesami

Tumindak zalim dhumateng sesami menika kalebet amal kang dipun sengiti dening Allah swt. tumindak nglarani pakurmatan tiyang sanes, nglarani badanipun, utawi manahipun ngantos ngrampok banda donyanipun kagolong tumindak kang dimurkai Allah.

Mbenjang wonten ing akhirat Allah badhe nguras ganjaran kesaenanipun kangge nebus tumindak aniayanipun. Menawi mboten nyekapi, dosanipun tiyang ingkang dipun aniaya badhe dipun timpakaken piyambakipun.

Dipun jelasaken wonten ing hadits riwayat Imam al-Bukhari, bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

مَنْ كَانتْ عِنْدَه مَظْلمَةٌ لأَخِيهِ مِنْ عِرْضِهِ أَوْ مِنْ شَيْءٍ فَلْيتَحَلَّلْه ِمِنْه الْيَوْمَ قَبْلَ أَلَّا يكُونَ دِينَارٌ وَلَا دِرْهَمٌ، إنْ كَانَ لَهُ عَمَلٌ صَالِحٌ أُخِذَ مِنْهُ بِقَدْرِ مَظْلَمتِهِ، وإنْ لَمْ يَكُنْ لَهُ حسَنَاتٌ أُخِذَ مِنْ سيِّئَاتِ صاحِبِهِ، فَحُمِلَ عَلَيْهِ 

Sapa kang dhuweni perkara zalim marang sedulure, arupa kehormatan utawi sanese mangka padha golek lilan dina iki sak durunge ora wenehi aji bandha dinar lan dirham. Menawa nduweni amal shalih, bakal dipundhutke kesaenan miturut zalime. Lan menawa wus ora sisa kesaenan kang diduweni, bakal dipikulake dosa-dosa wong kang dipun zalimi.” (HR. Al-Bukhari No. 6169)

Menika balesan saking zalim dhateng manungsa biasa, pripun menawi ingkang dipun aniaya menika para wali Allah, ulama, tiyang-tiyang sholeh, taat lan taqwa? tentunipun Allah langkung duka dhumateng tiyang menika.

Dipun ngendikakaken wonten ing hadits qudsi, Allah paring dhawuh, kanjeng Nabi Muhammad paring sabda:

Sapa kang musuhi wali-wali-Ku (Allah), mangka bakal tak umumake perang marang dheweke.”(HR. Al-Bukhari No. 6137)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Tiga: Tumindak zalim hamba marang badanipun piyambak

Tumindak zalim hamba marang badanipun piyambak inggih menika kanthi dhewekipun nindakaken dosa lan maksiat. Piyambakipun nindakaken amalan kang njalari manahipun pejah sahingga mboten purun nampi nasehat lan al-Haq.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan wonten ing al-Quran,

وَمَا ظَلَمُوْنَا وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ

Lan wong-wong mau ora padha nganiaya marang Ingsun, ananging dheweke padha nganiaya marang awake dhewe.”(QS. Al-Baqarah: 57)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Menika khutbah Jumat babakannebihi tumindak zalim ingkang saget khotib wedharaken, mugi ndadosna nasehat ingkang manfaat tumrap khatib piyambak lan sedaya rawuh.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

الْحَمْدُ للهِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ رَسُوْلِ لله وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالَاهُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Nebihi Tumindak Zalim 
ing mriki:

Mugi Manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *