khutbah jumat bahasa jawa kedudukan shalat ing agami islam dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kedudukan Shalat Ing Agami Islam

Terakhir diperbarui pada · 3,572 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Kedudukan Shalat Ing Agami Islam

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Raos syukur ingkang kathah sumangga tansah kita aturaken dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala, Dzat kang maringi pinten-pinten kenikmatan sahingga kita sedaya saget nindakaken ibadah shalat Jumat ing siang dinten kang minulya punika.

Shalawat lan salam katunjuk katur dumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin

Mboten kesupen pinangka Khatib, kula tansah ngemutaken jamaah sedayanipun mangga kita sesarengan tansah ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa mujudaken sangu ingkang paling sae rikala ngadhep dhumateng Allah.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Shalat ing agami Islam hanggadhahi kedudukan ingkang ageng lan minulya. Shalat punika persoalan ingkang paling mendasar lebet Islam, jalaran setunggaling tiyang muslim kedah njagi kanthi sasaenipun.

Menawi prakawis paling mendasar puniki sampun dipun sepelekaken, dipun anggep alitan lan disia-siakaken dening setunggaling tiyang muslim, mila ampun ngajeng-ajeng tiyang muslim kasebat badhe kuwawi njagi prakawis agami ingkang sanes.

Sekawan Kedudukan Shalat

Samboten-mbotenipun wonten sekawankedudukan shalat lebet Islam. Kanthi njagi perkawis menika gadhah artos setunggaling tiyang muslim njagi keislamanipun.

Sepindah: Shalat Menika Rukun Islam

Kados ingkang sampun kulo lan penjenengan sumerepi, bilih salah setunggal posisi paling fundamental saking ibadah shalat inggih punika shalat niku setunggaling rukun ingkang dados pilar bangunan Islam. Kados sampun dipun sebataken wonten setunggaling riwayat hadits, saktemenipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda,

بُنِيَ اْلإِسْلاَمُ عَلَى خَمْسٍ: شَهَادَةِ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَأَنَّ مُحَمَّداً رَسُوْلُ اللهِ وَإِقَامِ الصَّلاَةِ وَإِيْتَاءِ الزَّكَاةِ وَحَجِّ الْبَيْتِ وَصَوْمِ رَمَضَانَ” رَوَاهُ البُخَارِيُّ وَمُسْلِمٌ”

Islam dipun bangun wonten inggil gangsal prakawis; Bersaksi menawi mboten wonten ingkang berhak disembah kejawi namung Allah lan Nabi muhammad menika utusan Allah; Nindakaken shalat; ngedalaken zakat; Nindakaken haji (dhateng baitullah); lan siyam ramadhan.” (HR. Al-Bukhari lan muslim)

Menawi mekaten kahananipun, mila nyia-nyiakaken shalat saestu tumindak amal ingkang mbebayani sanget kaliyan kawilujengan agami salah setunggaling tiyang. Mboten prayogi setunggaling tiyang muslim nyia-nyiakaken salah setunggal rukun utami saking agami ingkang piyambakipun yakini.

Kalih: Shalat Menika Pilar Agami

Shalat nggadhahi kedudukan sak mekaten strategis lebet agami Islam, inggih punika dados saka panyanggi agami. Sok sinten ingkang negakaken mila bakal tegak agaminipun.

Nanging nalika shalat mboten ditegakaken kados pundi agamanipun saged jejeg? Paribasan griyo, kepripun saged tegak menawi mboten wonten cagakipun.

Wonten hadits ingkang nyebat bab puniki, wonten pundi Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam nate tanglet dhateng Muadz bin Jabal radhiyallahu’anhu,

أَلَا أُخْبِرُكَ بِرَأْسِ الأَمْرِ كُلِّهِ وَعَمُودِهِ، ‌وَذِرْوَةِ ‌سَنَامِهِ؟ قُلْتُ: بَلَى يَا رَسُولَ اللَّهِ، قَالَ: رَأْسُ الأَمْرِ الإِسْلَامُ، وَعَمُودُهُ الصَّلَاةُ، ‌وَذِرْوَةُ ‌سَنَامِهِ الجِهَادُ

Kepriye sampeyan tak wenehi ngerti bab pokok kabeh perkara lan tiange saha puncake?” kula mangsuli,”Inggih, tamtu mawon wahai Rasulullah.”Piyambakipun paring sabda,” Pokok kabeh perkara ana ing Islam lan tiange yaiku shalat lan puncake yaiku jihad.”(HR. Tirmidzi No. 2616)

Kados pundi pentingipun shalat, ngantos mawon Rasulullah ndhawuhaken para tiyang sepuh kangge mucalaken shalat kalih lare nalika umur 7 tahun. Mila, awit umur dini, pondasi tiang agami lare menika wiwit ditanamaken.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Tiga: Shalat Menika Wates Antawis Iman lan Kufur

Shalat inggih punika dinding pembatas antawis keimanan lan kekafiran. Bilih setunggaling tiyang muslim sampun nilaraken shalat, piyambakipun sami mawon sampun ngrentahaken dinding pembatas kasebat mila mboten wonten malih wates antawis keimanan lan kekafiran.

Diterangaken wonten hadits ingkang nedahi bab kasebat, saking sahabat Jabir bin Abdillah radhiyallahu’anhu wicanten, kula mireng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

إِنَّ بَيْنَ الرَّجُلِ وَبَيْنَ الشِّرْكِ ‌وَالْكُفْرِ ‌تَرْكَ ‌الصَّلَاةِ

Saktemenipun wates antawis salah setunggaling tiyang kalih syirik lan kufur inggih punika nilaraken shalat.” (HR. Muslim No. 134)

wonten ing dhawuhipun sanes,

لَيْسَ بَيْنَ الْعَبْدِ وَالشِّرْكِ إِلَّا تَرْكُ الصَّلَاةِ، ‌فَإِذَا ‌تَرَكَهَا ‌فَقَدْ ‌أَشْرَكَ

Ora ono pembatas antawis setunggaling tiyang hamba kalih kekafiran lan keimanan kejawi shalat. menawi piyambakipun nilarakenipun, mila piyambakipun sampun lampahi kemusyrikan.”(HR. Ibnu Majah No. 1080)

Sekawan: Shalat Menika Prakawis Pertami Ingkang Badhe Dihisab Ing Dinten Kiamat

Hisab inggih punika dinten wonten pundi saben tiyang muslim wonten akhirat badhe dipunperiksa dening Allah Ta’ala saben amalipun. Amal pertami ingkang dihisab dening Allah ing dinten kiamat inggih punika shalat. Puniki nedahi shalat wonten sisi Allah Ta’ala hanggadhahi kedudukan kag agung.

Salajeng, punika hadits ngengingi bab kasebat, saking sahabat Abu Hurairah radhiyallahu’anhu, piyambakipun wicanten, Rasulullah bersabda,

إِنَّ أَوَّلَ مَا يُحَاسَبُ بِهِ العَبْدُ يَوْمَ القِيَامَةِ مِنْ عَمَلِهِ صَلَاتُهُ، فَإِنْ صَلُحَتْ فَقَدْ أَفْلَحَ وَأَنْجَحَ، وَإِنْ فَسَدَتْ فَقَدْ خَابَ وَخَسِرَ، فَإِنْ ‌انْتَقَصَ ‌مِنْ ‌فَرِيضَتِهِ ‌شَيْءٌ، قَالَ الرَّبُّ عَزَّ وَجَلَّ: انْظُرُوا هَلْ لِعَبْدِي مِنْ تَطَوُّعٍ فَيُكَمَّلَ بِهَا مَا انْتَقَصَ مِنَ الفَرِيضَةِ، ثُمَّ يَكُونُ سَائِرُ عَمَلِهِ عَلَى ذَلِكَ

Saktemene amal hamba ingkang kaping sapisan dihisab ing dinten kiamat inggih punika shalatipun. Menawi shalatipun sae, gadhah artos piyambakipun saestu sampun begja lan kasil. Ananging menawa shalatipun risak, piyambakipun saestu sampun cilaka lan rugi. Menawi ing shalat wajibipun wonten kekirangan, Allah Taala berfirman,’ Deloken apa hamba-Kunindakake shalat sunnah? Mila badhe dipunsempurnakaken kekirangan ingkang wonten ing shalat wajibipun. lajeng kados puniku ugi sedaya amalipun.”(HR. At-Tirmidzi No. 413)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

 اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

 أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

 أيها الناس، اتقوا الله، وافعلوا الخيرات، واجتنبوا السيئات. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

 اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اله وَصَحْبِهِ أجمعين وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ،إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

 ربَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –

 رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Kedudukan Shalat Ing Agami Islam ing mriki:

Mugi Manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

2 Tanggapan

Assalamualaikum matur suwun

Alhamdulillah, Terimakasih, kami sangat terbantu, InsyaAllah sangat bermanfaat, Jazankumullahu Khaira.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *