Khutbah Jumat Bahasa Jawa Jaminan Rezeki lan Jannah dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Jaminan Rezeki lan Jannah

Terakhir diperbarui pada · 935 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Jaminan Rezeki lan Jannah

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

  • Link download PDF materi khutbah Jumat ada di akhir tulisan.
  • Jika ingin copy paste materi khutbah Jumat ini untuk keperluan repost di media lain, silakan baca dan patuhi ketentuannya di sini: copyright

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

 اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْدُ،

Syukur dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala monggo sesarengan tansah kita tingkataken lan tambah-tambahi. Bilih Allah menika Pengeran kang tansah nyurahaken nikmat lan rezeki sahingga kita sedaya saget kuat lan mampu nglaksanakaken ibadah Jumat ing siang dinten kang minulya punika.

Shalawat lan salam katunjuk katur dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin

Mboten kesupen pinangka Khatib, kulo tansah ngemutaken jamaah sedayanipun mangga kita sesarengan tansah ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa mujudaken sangu ingkang paling sae rikalanipun ngadhep dhumateng Allah.

Allah Ta’ala paring pangandikan ing surat Ali Imran ayat 102,

  يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Sinten tiyang Iman kang mboten purun menawi angsal jaminan sae saking ngarsanipun Allah Ta’ala? Sedayanipun mesti bakal purun kejawi mawon tiyang kang wonten njero atine sifat takabbur utawi sombong.

Ing babagan amal donya arupi dol tinuku mawon umpaminipun, menawi kita angsal jaminan menika ati tansah ayem lan anteng, kamongko saget mawon tiyang niku khianat lan tumindak goroh. Benten kaliyan Allah Ta’ala, Dzat kang mboten bakal hanggadhahi sifat ala kados manungsa.

Wonten setunggal hadits kang njelasaken 3 golongan kang bakal dijamin Allah Ta’ala. Wonten ing ngalam donya bakal dijamin rezeki, lan wonten akhirat bakal dilebetake Jannah Allah Ta’ala.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabdanipun ingkang dipun riwayataken Imam al-Bukhari ing kitab Adab al-Mufrad hadits nomor 1094,

ثَلاَثَةٌ كُلُّهُمْ ضَامِنٌ عَلَى اللَّهِ: إِنْ عَاشَ رُزِقَ وَكُفِيَ وَإِنْ مَاتَ أَدْخَلَهُ اللَّهُ الجَنَّةَ

Ana telu golongan kang bakal dijamin dening Allah Ta’ala. Menawa piyambake urip bakal dijamin rezekine lan menawa mati bakal dijamin mlebu Jannah.”

 مَنْ دَخَلَ بَيْتَهُ فَسَلَّمَ فَهَوَ ضَامِنٌ عَلَى اللَّهِ

“(kapisan) Sapa kang ngucapake salam sadurunge mlebu menyang omahe, mula piyambake bakal dijamin dening Allah.”

وَمَنْ خَرَجَ إِلَى الْمَسْجِدِ فَهُوَ ضَامِنٌ عَلَى اللَّهِ

“(kaping loro) sapa wae kang metu saka omahe pinuju masjid (kanggo sholat) mula piyambake bakal dijamin dening Allah.”

وَمَنْ خَرَجَ فِي سَبِيْلِ اللَّهِ فَهُوَ ضَامِنٌ عَلَى اللَّهِ

“(kaping telu) sapa wae kang metu omah kanggo jihad (njejegake agama) mula piyambake bakal dijamin dening Allah.”

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Golongan Sepindah: Ngucapaken salam sakderenge mlebet wonten ing griyo

مَنْ دَخَلَ بَيْتَهُ فَسَلَّمَ فَهَوَ ضَامِنٌ عَلَى اللَّهِ

“(kapisan) Sapa kang ngucapake salam sadurunge mlebu menyang omahe, mula piyambake bakal dijamin dening Allah.”

Temen-temen gampil salah setunggal sarana supados kita saget keparingan jaminan rezeki saking Allah Ta’ala wonten alam donya rikala gesang, lan saget mlebet ing Jannah mbenjang wonten alam akhirat.

Sarananipun inggih punika kita tansah melazimi ucapan salam, “Assalamu ‘alaikum”utawa kang luwih komplit “Assalamu ‘alaikum warahmatullahi wabarakatuh”nalika badhe mlebet griyo piyambak utawa tiyang sanes lan punapa griya kang wonten tiyange punapa mboten (griyo suwung).

Ucapan salam wau kang artasipun “Keslametan lan welas asihe Allah Ta’ala lan berkahe marang awakmu kabeh.”Ananging taksih kathah sederek kita tiyang Islam kang nyepelekaken perkawis utawa amal ringan menika. Kathah kang taksih mlebet griyonipun mboten langkung rumiyin uluk salam.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam njelasaken bilih griyo kang dimirengaken salam, bakal pikantuk berkah ageng saking Allah Ta’ala, kados ngendikanipun wonten hadits ingkang dipun riwayataken Imam at-Tirmizi hadits nomor 2698, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam dhawuh marang Anas bin Malik radhiyallahu ‘anhu,

يَا بُنَيَّ إِذَا دَخَلْتَ عَلَى أَهْلِكَ فَسَلِّمْ، يَكُنْ بَرَكَةً عَلَيْكَ وَعَلَى أَهْلِ بَيْتِكَ

 “Duh anakku, menawa sampeyan arep ngleboni omah nemoni keluargamu mula ucapna salam luwih-luwih dhisik. niscaya barokah bakal Allah dilimpahake marang kowe lan keluargamu.

Barokah punika maknanipun kesaenan kang tambah-tambah. Mila griyo kang tansah dirungokake uluk salam tansah tambah kesaenane lan tiyang kang kathah kesaenane menilah kang pantes pikantuk jaminan saking Allah Ta’ala.   

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Golongan Kaping Kalih: Medal saka griyo tumuju masjid (kangge sholat jamaah)

وَمَنْ خَرَجَ إِلَى الْمَسْجِدِ فَهُوَ ضَامِنٌ عَلَى اللَّهِ

“(kaping loro) sapa wae kang metu saka omahe pinuju masjid (kanggo sholat) mula piyambake bakal dijamin dening Allah.”

Aktivitas medal saking griyo tumuju masjid kangge sholat pinuka ugi dados sebab angsal jaminan rezeki lan Jannah saking Allah subhanahu wata’ala.

Allah Ta’ala maringi pitedah amal dhumateng hambane supados dosa-dosa saget rontok sahingga hamba kalawau saget resik saking dosa. Inggih punika lumampah tindak masjid kangge sholat jamaah.

Saking sahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh,

أَلاَ أدُلُّكُمْ عَلَى مَا يَمْحُو اللَّهُ بِهِ الخَطَايَا، وَيَرْفَعُ بِهِ الدَّرَجَاتِ؟ قالُوا بَلَى يَا رَسولَ اللهِ

Apa gelem kowe kabeh aku tuduhake marang siji amal kang oleh mbusek kaluputan (dosa) lan nduwurke derajat?” Para sahabat njawab, ”Nggih, duh Rasulullah.”

قَالَ: إسْبَاغُ الْوُضُوْءِ عَلَى الْمَكَارِهِ، وَكَثْرَةُ الْخُطَا إِلَى الْمَسَاجِدِ، وَانْتِظَارُ الصَّلَاةِ بَعْدَ الصَّلَاةِ، فَذَلِكُمُ الرِّبَاطُ.

Nyampurnakake wudhu jero kahanan angel, akehe langkah pinuju masjid, nunggu shalat sawise ngedegake shalat. Iku klebu makna ar-ribath (kabecikan kang akeh).”(HR. Muslim)

Malahan disebutaken wonten ing hadits sanes bilih tiyang kang paling sae nggih menika kang griyone luwih adoh saka masjid jalaran bakal luwih kathah lampah sukune tinimbang tiyang kang celak griyone kaliyan masjid.

Saking sahabat Abu Musa radhiyallahu ‘anhu bilih Rasulullah paring dhawuh,

إنَّ أَعْظَمَ النَّاسِ أَجْرًا في الصَّلَاةِ أَبْعَدُهُمْ إلَيْهَا مَمْشًى

Wong kang paling akeh ngolehake pahala jero shalat yaiku dheweke kabeh kang paling adoh (jarak omahe menyang masjid).”(HR. Al-Bukhari lan Muslim)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Golongan Kaping Tiga: Medal griya kanggo jihad (njejegake agama)

وَمَنْ خَرَجَ فِي سَبِيْلِ اللَّهِ فَهوَ ضَامِنٌ عَلَى اللَّهِ

“(kaping telu) sapa wae kang metu omah kanggo jihad (njejegake agama) mula piyambake bakal dijamin dening Allah.

Jihad menika puncake amal wonten ing Islam lan sarana paling ampuh kangge njaga supados dakwah Islam saget sumebar wonten jagad donya.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ngendikakaken,

رَأْسُ الْأَمْرِ: اَلْإِسْلَامُ، وَعَمُوْدُهُ: اَلصَّلَاةُ، وَذِرْوَةُ سَنَامِهِ: اَلْجِهَادُ فِي سَبِيْلِ اللهِ

Pokoke prakara yaiku Islam, tiange yaiku shalat, lan pucuke yaiku jihad fi sabilillah.”(HR. Ibnu Majah)

Lan kang ndadekake tiyang kang medal kangge jihad fi sabilillah angsal jaminan Allah nggih menika mujahid kang pinaringan pejah syahid bakal dipangapura sedaya dosa-dosa wiwit saka tetesan getih ingkang pisanan.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

لِلشَّهِيْدِ عِنْدَ اللَّهِ سِتُّ خِصَالٍ: يُغْفَرُ لَهُ فِي أَوَّلِ دَفْعَةٍ

Wong kang mati syahid ing sisih Allah Ta’ala nduweni enem kautaman; Dosane bakal diampuni wiwit awal kematiane…” lan sak teruse akhir hadits.

Maksudipun sedaya dosa bakal diampuni wiwite tetesan getih kaping pisanan ngantos dheweke ninggal.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten materi khutbah Jumat babagan jaminan rezeki lan Jannah saking Allah subhanahu wata’ala ing siang punika, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ، وَافْعَلُوا الْخَيْرَاتِ، وَاجْتَنِبُوا السَّيِّئَاتِ. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِي يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيآءَ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

عِبَادَ اللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Jaminan Rezeki lan Jannah ing mriki:

Mugi manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *