khutbah idul fitri bahasa jawa Istiqomah Ibadah Sanadyan Ramadhan Wis Pisah

Khutbah Idul Fitri 2022: Istiqomah Ibadah Sanadyan Ramadhan Wis Pisah

Terakhir diperbarui pada · 3,309 views

Khutbah Idul Fitri 1443 H
Istiqomah Ibadah Sanadyan Ramadhan Wis Pisah

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I
(Pengasuh PPTQ Ulul Albab Sukoharjo)

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ.

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ.

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

وَقَالَ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Wonten ing enjing dinten ingkang mulya menika, sumangga kula saha panjenengan sedaya tansah ngathahi ngucap syukur ingkang agung dhumateng ngarsane Allah subhanahu wata’ala, jalaran kita saget kepanggih wonten ing papan panggenan ingkang kebak berkah menika. Kita saget sami-sami angrawuhi sholat Idul Fitri saperlu ngagungaken lan nyukuri nikmat saking Allah subhanahu wata’ala.

Shalawat lan salam mugi tansah Allah subhanahu wata’ala curahaken dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam., mugi sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang tansah mituhu ndherek dhawuhipun. Amin

Mangga wonten ing wekdal ingkang bahagia menika kita sami-sami ningkataken anggen kita taqwa dateng Allah subhanahu wata’ala kanthi nebihi sedaya awisan-awisanipun sanadyan sak menika kita mboten wonten dalem wulan Ramadhan.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

  يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Ugi kita usahani ningkataken ketaatan nglampahi perintah-perintahipun Allah subhanahu wata’ala kanthi rahosipun manah ingkang ikhlas. Pakulinan sholat berjamaah lan makmuraken masjid kanthi pangibadatan wonten ing dalem Ramadhan mangga kita lajengaken, kita dadosaken pakulinan ingkang sahe.

Sebab kita menika sanes tiyang Islam musiman ananging muslim sak lawase lan saklamine. Mugi-mugi Allah subhanahu wata’ala tansah paring kekiatan lan keistiqomahan lahir batin dhumateng kita sedaya. Amin.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Refleksi Wulan Syawal

Kita sami sakmenika sampun mlebet wonten ing wulan syawal, saksampune sewulan muput nglaksanakaken siyam wonten ing wulan Ramadhan. Mugi Allah subhanahu wata’ala tansah kersa nampi sedaya amal saleh kita, Amin.

Wonten ing hadits qudsi dipun sebataken Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda Allah subhanahu wata’ala dawuh,

إِذَا صَامُوْا شَهْرَ رَمَضَانَ وَخَرَجُوْا إِلىَ عِيْدِكُمْ يَقُوْلُ اللهُ تَعَالىَ،

Nalikane umat Nabi nglaksanakke pasa romadhan nuli banjur metu kanggo sholat riyoyo, mangka Allah subhanahu wata’ala paring dawuh,”

يَا مَلاَئِكَتِى، كُلُّ عَامِلٍ يَطْلُبُ أَجْرَهُ أَنِّي قَدْ غَفَرْتُ لَهُمْ، فَيُنَادِي مُنَادٍ،

Duh malaikat-Ku, kabeh wong sing rampung kerjo nduweni hak nampa upah. Lan kawula-kawula-Ku kang wus rampungan pasa Ramadhan lan metu seka omah kanggo ngibadah sholat Ied sakperlu nggolek ganjaran, mangka seksenono setuhune Ingsun temen wus paring pangapura marang kawula-kawula-Ku mau. Nuli ana suwara kang undang-undang:”

يَا أُمَّةَ مُحَمَّدٍ، اِرْجِعُوْا إِلَى مَنَازِلِكُمْ قَدْ بَدَلْتُ سَيِّئَاتِكُمْ حَسَنَاتٍ،

Duh umate kanjeng Nabi Muhammad, balio marang omah sira kabeh. Temen wus den ganti kealanan sira kabeh kelawan kebecikan.”

فَيَقُوْلُ اللهُ تَعَالَى: يَا عِبَادِي صُمْتُمْ لِي وَأَفْطَرْتُمْ لِي فَقُوْمُوْا مَغْفُوْرًا لَكُمْ.

Maka Allah Ta’ala paring dawuh: Hei kawula Ingsun, sira pasa lan buka kerana Ingsun. Mangka padangadeka sira kabeh kanthi nggawa maghfirah saka Ingsun.

Enjing dinten menika kita sampun ikhlas ninggal wulan Ramadhan, wulan ingkang mulyo, wulan kebecikan, wulan kebak berkah, wulan tobat, lan wulan ketaatan ugi amal shalih sampun nilar kita sedaya.

Sak sampune kita sedaya pisah kalian wulan tobat, manga kita sami istiqomah netepi tobat. Sak sampune kita ninggal wulan taat manga kita sami istiqomah netepi taat.

Sak sampune kita ninggal wulan al-Quran, mangga kita sami istiqomah ibadah netepi maos al-Quran. Sak sampune kita ninggal wulan teraweh, mangga kita sami istiqomah netepi sholat-sholat sunnah.

Lan sak sampune kita ninggal wulan siyam, mangga kita sami istiqomah ibadah netepi siyam-siyam sunnah.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Rikala Ramadhan kita saget nglaksanakaken rena-rena ibadah kang didhawuhake kanthi manah lan raga ingkang entheng jalaran Ramadhan menika wekdal kondusif kerana setan-setan sami dipun rante lan ganjaran amal shalih dipun tikelaken.

Ananging kahanan dumadakan malih nalika Ramadhan sampun lewat lan kita sami mlebet wulan Syawal. Kathah tiyang kang sampun kendor utawi suda amal taate jalaran pinten-pinten perkawis.

Antawise setan-setan wangsul malih saget leluasa nglaksanaake tugas utama yaiku ngalangi tiyang Islam saking margine Allah subhanahu wata’ala sakbanjur setan tansah gampil nggiring menungsa supados mapan samangkeh sareng dheweke wonten ing neraka.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan wonten ing al-Quran,

اِنَّ الشَّيْطٰنَ لَكُمْ عَدُوٌّ فَاتَّخِذُوْهُ عَدُوًّاۗ اِنَّمَا يَدْعُوْا حِزْبَهٗ لِيَكُوْنُوْا مِنْ اَصْحٰبِ السَّعِيْرِۗ

Sanyata setan iku dadi mungsuhira kabeh, jalaran saka iku setan iku uga anggepen mungsuhira. Sanyata dheweke ajak-ajak marang wadyabalane supaya dadi golongane rombongan Neraka Sa’ir.(QS. Fāthir: 6)

Pramila mangga supados kita sami saget pikantuk spirit agung saking ibadah Ramadhan, nggih menika amalan kita saget tansah ningkat, utaminipun istiqomah ibadah, kita gatosaken pinten-pinten perkawis ingkang badhe khatib wedaraken wonten ing ngandhap sak menika,

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Sepisan: Mbangun Jiwa kang sadar

Mboten dipungkiri bilih mayoritas tiyang Islam nalika sampun medal saking wulan Ramadhan lan mlebet wonten ing wulan Syawal ibadahipun sami mudun lan wonten kemunduran. Menika saget dipersani saking sudonipun jamaah sholat wonten ing masjid-masjid.

Nalika wulan Ramadhan kathah masjid ingkang shaf-shaf sholatipun kebak ngantos luber-luber, ananging ironi wonten wulan Syawal. Menika saking ibadah kang hukume wajib, punapa malih ingkang ibadah sunnah, temen kathah sing dilirwakke.

Kahanan tiyang wonten nginggil sampun dipun sindir wonten al-Quran, Allah subhanahu wata’ala dhawuh,

وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّتِيْ نَقَضَتْ غَزْلَهَا مِنْۢ بَعْدِ قُوَّةٍ اَنْكَاثًاۗ

Lan aja nira kaanane kaya wong wadon kang ngudhari sambungan antihan sawuse dikencengake.”(QS. An-Nahl: 92)

Imam Ibnu Rajab al-Hambali ngemutaken babagan sejatose kahanan tiyang Islam wonten ing wulan Syawal,

لَيْسَ الْعِيْدُ لِمَنْ لَبِــــسَ الْجَدِيْــــدَ إِنَّمَا الْعِيْدُ لِمَنْ طَاعَاتُهُ تَزِيْــــــدُ. لَيْسَ الْعِيْدُ لِمَنْ تَجَـمَّلَ بِاللِّبَاسِ وَالرُّكُوْبِ إِنَّمَـا الْعِـيْدُ لِمَنْ غَفِرَتْ لَــــــهُ الذُّنُوْبُ

Hakekate riyoyo dudu nganggo ageman sarwo anyar ananging riyoyo hakekate wong kang tambah taate. Lan hakekate riyoyo dudu kang nganyari ageman lan kendaraan ananging riyoyo hakekate wong kang dipangapura dosane.

Wonten ing panggenan sanes Ibnu Rajab ugi ngemutaken,

Sak ala-alane menungsa yaiku kang ora iling marang pangerane kanthi temenan kajaba ana ing wulan Ramadhan. Ananging sejatine wong kang saleh yaiku wong kang tansah ibadah dhumateng Allah setahun muput.”

Ibadah dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala menika mboten namung wonten ing setunggal musim utawi wulan kemawon, ananging taat menika istiqomah sepanjang masa rikala taksih diparingi gesang ngantos pejah.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan wonten ing al-Quran,

وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتّٰى يَأْتِيَكَ الْيَقِيْنُ

“Lan sira nyembaha marang Pangeranira, sehingga katekan pati (ajal).” (QS. Al-Hijr: 99)

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan kemalih wonten ing al-Quran supados kita tansah eling dhumateng Allah kapan mawon wekdale kan panggonane,

وَاذْكُرْ رَّبَّكَ فِيْ نَفْسِكَ تَضَرُّعًا وَّخِيْفَةً وَّدُوْنَ الْجَهْرِ مِنَ الْقَوْلِ بِالْغُدُوِّ وَالْاٰصَالِ وَلَا تَكُنْ مِّنَ الْغٰفِلِيْنَ

“Lan sira kabeh padha nyebuta asmane Pangeran sesembahanira ana ing telenging atinira kalawan dhedhepe, lan kanthi rasa dhedhepe, lan kanthi rasa wedi sarta sarana suwara kan ngarih-arih lirih-lirih ana ing wayah bangun umun-umun lan sore. Lan sira aja padha kalebu golongane wong-wong kang padha lali.” (QS. Al-A’rāf: 205)

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Kaping Kalih: Amal kang kontinyu cirine amal kang ditampi

Salah shallallahu ‘alaihi wasallamijine tanda amal menika ditampi Allah subhanahu wata’ala saking hambane nggih punika amal kalawau ditindakake kanthi ajeg utawi istiqomah. Menika kayadene ingkang dipun jelasaken wonten ing al-Quran,

فَاَمَّا مَنْ اَعْطٰى وَاتَّقٰىۙ. وَصَدَّقَ بِالْحُسْنٰىۙ. فَسَنُيَسِّرُهٗ لِلْيُسْرٰىۗ

Dene sing sapa gelem weweh ing dalan (agama)ning Allah, lan taqwa, lan ngandel marang ananing ganjaran kang luwih becik, yaikut suwarga, temen dheweke bakal Sun sadhiyakake dalan kang gampang.” (QS. Al-Lail: 5-7)

Imam Ibnu Katsir ngandakake ayat menika kanthi mendhet pendapat setunggaling alim salaf, ing antawise balesan saka amal shalih yaiku bisa nglakoni amal shalih malih sakbare, lan ing antawise balesan saking amal dosa yaiku bisa nglakoni amal dosa malih sakbare.

Ibnu Rajab al-Hambali negasaken malih, bilih tiyang kang nindakake kesaenan saklajeng didereki amal kang awon sakbare menika dados tanda bilih amalan menika dipun tolak lan mboten ditampi Allah subhanahu wata’ala

Kanthi menika bilih menawi tiyang nindakke ibadah shiyam sunnah sakbare dheweke nglakoni ibadah wajib shiyam Ramadhan, mila menika setunggal ciri bilih amal sae menika dipun tampi Allah subhanahu wata’ala.

Perkawis menika kathah tiyang Islam kang dereng paham, sahingga akibatipun kathah tiyang Islam kang mboten nggadhahi wigatos tumrap kahanan pribadinipun dospundi amalan kang wus dilampahi.

Ugi sebab menika ndadosaken tiyang Islam jarang kang purun evaluasi diri sak bibaripun nglampahi amal taat punapa saya ndadosaken pribadi tambah sae punapa saya awon.

Intinipun menawi grafik tiyang Islam menika tambah ningkat saya dinten saya wekdal, menika indikasi ditampinipun amalan sae kaliyan Allah subhanahu wata’ala.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Kaping tiga: Njaga lurusipun niat

Menawi setunggal tiyang Islam ana ing wulan Ramadhan menika rajin utawa istiqomah ajeg tindak masjid saperlu sholat limang wekdal ananging sak sampune Ramadhan lewat piyambake ninggalaken kebiasaan sae menika wau, mila menika kedah dipun evaluasi, punapa wonten niat kang salah anggone ibadah?

Jalaran niat menika hanggadhahi pengaruh ageng dos pundi lampahe niat, saget ajeg punapa mboten. Niat kang salah pados ridha sak liyane Allah kagolong sebab ditolakipun amal menika. Menawa tiyang ibadah wonten masjid ing wulan Ramadhan mboten karana Allah, mesti niate menika kangge sak liyane Allah.

Babagan niat lan pentinge Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam sampun paring pepeling tebih-tebih wekdal,

إِنَّمَا اْلأَعْمَالُ بِالنِّيَّاتِ، وَإِنَّمَا لِكُلِّ امْرِئٍ مَا نَوَى

Kabeh amalan iku gumantung ing ndalem niat, lan saben-saben uwong diganjar saka hasil niate.”(HR. Al-Bukhari)

Ngengingi pentinge njaga niat Imam Sufyan Ats-Tsauri ugi ngendikakaken,

مَا عَالَجْتُ شَيْئًا أَشَدَّ مُعَالَجَةٍ مِنْ نِيَّتِي

Aku ora tau ndandani perkara kang luwih abot tinimbang niatku.” (Tazkiratus Sami’ wal Mutakallim, Ibnu Jamaah, 67)

Sahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu riwayataken hadits kang isine perkara ageng babagan kelentune niat menika sebab cilakane tiyang mbesok wonten akhirat. Tiyang kang mati syahid wonten medan jihad, wong kang nduweni ilmu lan wong kang sugih. Kabeh menika dipun seret mlebet neraka kranten salahe niat.

Mujahid anggone jihad nduweni niat supaya disebut pahlawan, wong kang ahli ilmu nduweni niat supaya diarani tiyang pinter, lan tiyang sugeh nduweni niat supaya diarani wong kang loma.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Kaping sekawan: Kumpul kaliyan tiyang kang Istiqamah ing dalem taat

Salah setunggal ikhtiyar mbudidaya taat supados ajeg nggih menika tansah nyarengi utawi srawung sareng tiyang-tiyang kang istiqomah ing dalem taat. Soale tiyang kalawau tansah ningali kahanan sekitare kang isine tiyang taat pramila dheweke bakal katut remen nindakke ketaatan.

Kosokbalene menawa lingkungan sekitare menika kathah tiyang kang lalai piyambake nggih bakal katut dados tiyang lalai.

Imam Nawawi wonten kitab al-Adzkar nyebutaken 5 perkawis kang dados obate ati sing lara utawi lalai, salah setunggale nggih menika srawung utawi kumpul kaliyan tiyang-tiyang saleh.

Ibrahim bin Khawas natos ngendikan,

دَوَاءُ الْقَلْبِ خَمْسَةُ أَشْيَاءَ: قِرَاءَةُ الْقُرْآنِ بِالتَّدَبُّرِ، وَخَلاَءُ الْبَطْنِ، وَقِيَامُ اللَّيْلِ، وَالتَّضَرُّعُ عِنْدَ السَّحَرِ، وَمُجَالَسَة ُالصَّالِحِيْنَ

Obaten ati kang lara iku ana lima cacahe; maos Quran sak maknane, weteng ingkang luwe (pasa sunnah), qiyamullail, zikir ana ing wektu sahur lan srawung tiyang saleh.”

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Kaping Gangsal: Kathah eling kematian

Ngathah-ngathahi eling babagan pati menika setunggaling sunnah sing dilalekke tiyang Islam. Kamangka perkawis ngathahi dzikrul maut menika wonten pengaruh ageng dhateng stabilitas istiqomah ibadah tiyang Islam.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam piyambak sampun ndawuhaken,

أَكْثِرُوا ذِكْرَ هَاذِمِ اللَّذَّاتِ يَعْنِي الْمَوْتَ

Akehana eling marang perkara kang bisa ngrusak kabeh keapikan yaiku pati.” (HR. At-Tirmizi No. 2307)

Imam al-Qurthubi wonten ing kitab at-Tadzkirah nukil setunggal nasehat saking Imam Abu Ali Ad-Daqaq rahimahullah,

Sapa wonge kang akeh-akeh eling pati bakal dimulyakake kanthi telung perkara; Enggal anggone tobat, manah dadi qonaah, tansah giat ing dalem ibadah.”

Lan sapa kang nglirwakake pati bakal diukum kanthi telu perkara; Ngundur tobat, manah kang ora qonaah lan keset lan wegah anggone ibadah.”

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَ اْلمُسْلِمَاتِ وَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَ اْلأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلاَمَ وَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ أَهْلِكِ اْلكَفَرَةَ وَ اْلمُشْرِكِيْننَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَكَ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيميمُ

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِيْ هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْييَانَا الَّتِيْ فِيْهَا مَعَاشُنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اللَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنَا، وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِيْ كُلِّ خَيْرٍ، وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَٰجِنَا وَذُرِّيَّـٰتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَٱجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحْمَةً ۚ إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ

 رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِاْلإِيْمَانِ وَلاَتَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ ءَامَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءءُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. سُبْحَانَنَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ, وَ سَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ, وَ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF materi Khutbah Idul Fitri ing mriki:

Mugi manfaat!

Pilihan materi khutbah Idul Fitri lainnya dapat Anda temukan di sini:

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *