khutbah idul adha bahasa jawa nuladhani sifat agung nabi ibrahim dakwah.id

Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa: Nuladhani Sifat Agung Nabi Ibrahim

Terakhir diperbarui pada · 574 views

Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa
Nuladhani Sifat Agung Nabi Ibrahim

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro
(Pengasuh PPTQ Ulul Albab Polokarto Sukoharjo Jawa Tengah)

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ.

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَمَاتَ وَأَحْيَى. اَلْحَمْدُ للهِ الًّذِيْ أَمَرَنَا بِالتَّقْوَى وَنَهَانَا عَنِ اتِّبَاعِ الْهَوَى. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ جَعَلَ لَنَا عِيْدَ الْفِطْرِ وَالْأَضْحَى.

أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ نِعْمَ الْوَكِيل وَنِعْمَ الْمَوْلَى، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَمَنْ يُنْكِرْهُ فَقَدْ ضَلَّ ضَلاَلاً بَعِيدًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

وَقَالَ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Jamaah shalat Idul Adha hadâkumullâh Ajma’in

Sumangga kulo lan panjenengan tansah syukur dhumateng sedaya nikmat Allah subhanahu wata’ala ingkang sampun dipunparingaken dhateng kulo lan panjenengan. Allah subhanahu wata’ala sampun paring kulo lan panjenengan kaliyan rahmat lan karunianipun. Allah ugi ingkang sampun maringi hidayah manungsa dhateng margi utawi mlampah kawilujengan lan kesaenan.

Sholawat dhateng Nabi muhammad kaliyan ngaturaken Allahumma shalli’ala muhammad ugi dados salah setunggal tanda raos syukur kulo lan panjenengan dhateng Allah ingkang sampun mengutus dhateng umat manungsa setunggaling tiyang Rasul.

Piyambakipun pangageng umat manungsa, ingkang maringaken uswah paling sae lebet mengabdikan dhiri dhateng Allah subhanahu wata’ala. Para malaikatipun ugi tansah sholawat kalih panjenenganipun, mila tiyang-tiyang beriman lan menapa malih inggih menika umatipun kedahipun bersholawat kalih panjenenganipun.

Allah Ta’ala paring firman:

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

Sanyata Allah lan para Malaikate padha maca shalawat marang Nabi Muhammad, he wong kang padha mukmin, sira padha nyuwuna rahmat lan karaharjan (salam) kanggo dheweke kalayan temenan.(QS. Al-Ahzab: 56)

Wonten kalih ibadah ageng ingkang dipuntindakaken kaum muslimin wonten wiwiting sasi besar dinten menika, yaiku ibadah haji lan ibadah qurban. kaping kalih ibadah menika nuntut wontenipun pengorbanan ingkang mboten alit nggih banda, wekdal lan tenaga. Sedayanipun dipun persembahaken lebet nindakaken ketaatan mutlak dhateng Allah Ta’ala sanadyan murugaken ing kelelahan, kepayahan ing piyambak.

Sedayanipun demi keparingan janji Allah Ta’ala nglangkungi lesan Rasulipun:

الْعُمْرَةُ إِلَى الْعُمْرَةِ كَفَّارَةٌ لِمَا بَيْنَهُمَا وَالْحَجُّ الْمَبْرُورُ لَيْسَ لَهُ جَزَاءٌ إِلَّا الْجَنَّةُ

Umrah tumuju umrah salajengipun dados penghapus dosa antawis kaping kalih ipun lan haji mabrur mboten wonten balasanipun kejawi Suwarga.”(HR. Al-Bukhari no. 1683)

Mekaten halipun sabda Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam:

مَا عَمِلَ ابْنُ آدَمَ يَوْمَ النَّحْرِ عَمَلاً اَحَبَّ اِلَى اللهِ مِنْ إِرَاقَةِ الدَّمٍ اِنَّهَا لَتَأْتِى يَوْمَ اْلقِيَامَةِ بِقُرُوْنِهَا وَاَظْلاَفِهَا وَاِنَّ الدَّمَ لَيَقَعُ مِنَ اللهِ قَبْلَ اَنْ يَقَعَ مِنَ اْلأَرْضِ فَطِيْبُوْا بِهَا نَفْسًا.

Mboten ngamal putra turune nabi Adam ing dinten nahr (‘idul adha) ingkang paling dipunremeni Allah kejawi milikaken rah (qurban). Qurban menika badhe ndugeni dhateng tiyang-tiyang ingkang nindakakenipun ing dinten qiyamat kaliyan singat lan kukunipun. Rah qurban menika langkung rumiyin dhawah dhateng setunggaling papan ingkang dipunwontenaken Allah saderengipun dhawah dhateng inggiling siti. Pramila, tindakno qurban kaliyan remen manah.” (HR. At-Tirmidzi No. 1493. Hadits hasan gharib)

Jamaah shalat idul adha ingkang mugi-mugi dirahmati allah ta’ala

Kamulyan sasi besar menika mboten saged dipun pisahaken kaliyan sejarah Sugeng Nabiyullah Ibrahim ‘alaihissalam lan kaluwarginipun. Kempal ing dhiri nabi Ibrahim sifat-sifat utami ingkang patut kangge kula lan panjenengan dadosaken teladan lebet gesang.

Sifat-sifat utaminipun menika sampun dipun abadikaken wonten lebeting al-Quran wonten kathah papan ing antawisipun inggih menika wonten lebet surah al-Baqarah ayat 144-147.

Setunggal: Nabi Ibrahim pangageng ingkang tahan uji

Nabi Ibrahim ‘alaihissalam dados salah setunggal nabi ingkang ngagungani ujian paling awrat. Nanging kaliyan ujian kasebat Allah ndadosaken Abul Anbiya’ (bapakipun para nabi).

Bab ujian nabi Ibrahim kasebat dipunabadikaken wonten lebeting al-Quran,

وَاِذِ ابْتَلٰٓى اِبْرٰهٖمَ رَبُّهٗ بِكَلِمٰتٍ فَاَتَمَّهُنَّ ۗ قَالَ اِنِّيْ جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ اِمَامًا ۗ قَالَ وَمِنْ ذُرِّيَّتِيْ ۗ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِى الظّٰلِمِيْنَ

Lan ing nalika Pangeran paring coba marang Ibrahim kalawan pirang-pirang kalimat (dhedhawuhan lan pepacuh), Nabi Ibrahim uga banjur nyampurnakake kabeh mau. Dhawuhing Allah: Sanyata Ingsun wus ngangkat netepake ing sira Ibrahim dadi panutan ing kabeh manungsa. Nabi Ibrahim munjuk atur: Sendika ing dhawuh, sarta ugi tedhak-turun kawula? Dhawuhing Allah: Janji Ingsun ora tumuju marang wong kang padha nganiaya.(QS. Al-Baqarah: 124)

Ibtila’ inggih punika coban gesang ingkang menawi kulo lan panjenengan lulus saking menika mila badhe angsal kesaenan, nanging bilih kita gagal mila badhe angsal keawonan. Ujian menika berfungsi dados barometer kesaenan utawi keawonan setunggaling tiyang hamba.

Wonten kathah penjelasan bab bentuk ujian ingkang Allah timpakaken dhateng nabi Ibrahim, ing antawisipun:

Ujian kaping sepindah: Dipun besmi Ing kahanan urip

Bilih kebatilan mboten malih manggihaken argumentasi ingkang mlebet akal kangge mbelani mila ingkang ajeng dipun lampahaken inggih punika hukuman fisik, layakipun Ibrahim ingkang dipundhawuhaken kagem dipun besmi.

قَالُوا ابْنُوْا لَهٗ بُنْيَانًا فَاَلْقُوْهُ فِى الْجَحِيْمِ

Wong-wong mau padha ngucap: Sira padha ngedegna jejenengan bangunan gedhe, Ibrahim banjur cemplungna ing kono terus obongen.(QS. Ash-Shāffāt: 97)

Ujian kaping kalih: Kengkenan pragat putranipun Ismail

Allah Ta’ala sampun paring firman:

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يٰبُنَيَّ اِنِّيْٓ اَرٰى فِى الْمَنَامِ اَنِّيْٓ اَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرٰىۗ قَالَ يٰٓاَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُۖ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰبِرِيْنَ

Bareng Ismail putrane, wus bisa rumagang ing gawe ngrewangi Bapakne, Bapakne tutur marang Ismail: He anakku! satemene aku wus ngimpi, ing sajerone turu nyembelih ing sira, sira mikira, kapriye mungguh panemunira? putrane matur: Dhuh Rama! sumangga Panjenengan tindakaken punapa ingkang sampun kadhawahaken dening Allah, In Sya’a Allah, Panjenengan pirsa kula punika golonganipun tiyang sabar.(QS. Ash-Shāffāt: 102)

Ujian kaping tiga: Nilaraken keluwargi wonten papan asing

Allah ndhawuhaken nabi Ibrahim kagem medal sareng Hajar lan putranipun dhateng Mekkah lan nilarakenipun wonten ngrika. Menika kaliyan tujuwan supados lembah ingkang diberkahi menika dados makmur kaliyan kawontenan tiyang kalih menika (Ibunda Hajar lan Ismail).

Saking perjalananipun ingkang panjang lan rentetan ujian demi ujian ingkang nuntut perjuangan lan kantos wonten pungkasanipun saged dipun langkungi dening nabi Ibrahim.

Piyambakipun kuwawi lulus lan sukses ingkang wonten pungkasanipun pikantuk kemenangan. Ngantos samenika peristiwa kasebat dikenang dening muslim sedunia supados wucalan nabi Ibrahim dados teladan lan dipunamalaken dening generasi masa ngajeng.

Kaping kalih: Makmuraken Baitullah lan Tansah ngajak Manungso kangge makmuraken

Allah Ta’ala paring firman:

وَاِذْ جَعَلْنَا الْبَيْتَ مَثَابَةً لِّلنَّاسِ وَاَمْنًاۗ وَاتَّخِذُوْا مِنْ مَّقَامِ اِبْرٰهٖمَ مُصَلًّىۗ وَعَهِدْنَآ اِلٰٓى اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ اَنْ طَهِّرَا بَيْتِيَ لِلطَّاۤىِٕفِيْنَ وَالْعٰكِفِيْنَ وَالرُّكَّعِ السُّجُوْدِ

Dan (ingatlah), ketika Kami menjadikan rumah (Ka’bah) tempat berkumpul dan tempat yang aman bagi manusia. Dan jadikanlah maqam Ibrahim itu tempat salat. Dan telah Kami perintahkan kepada Ibrahim dan Ismail,”Bersihkanlah rumah-Ku untuk orang-orang yang tawaf, orang yang iktikaf, orang yang rukuk dan orang yang sujud!”(QS. Al-Baqarah: 125)

Makmuraken baitullah utawa masjid punika setunggaling ungkapan ingkang asring kita pirengaken. Ing ndalem Islam menika klebet amal saleh ingkang mulya sanget. Kejawi dados ciri kas setunggaling tiyang Islam, amal menika ugi dados pertanda keimanan ingkang kiyat dhumateng Allah Ta’ala, dinten Akhir lan raos ajrih namung dhateng Allah Ta’ala.

Wonten jaman Rasulullah shallallahu’alaihi wasallam masjid dados sarana kangge ngiyati iman para sahabat. Masjid ugi dipun angge dados sarana peribadatan lan papan ngaos wucalan Islam.

Sejarah peradaban Islam nyerat, aktivitas pendidikan rupinipun sekolah kaping sapisan lahir ing warsa 653 Masehi wonten kutha Madinah saking masjid. Ing era kekuasaan dinasti umayyah, sekolah wonten masjid nggih wiwit muncul wonten damaskus ing warsa 744 Masehi. Wiwiting warsa 900 Masehi, saben masjid nggadhahi sekolah dasar ingkang berfungsi kangge mucal peputra muslim ingkang kesebar wonten donya Islam.

Sayangipun, sapunika aktivitas keilmuwan ingkang berpusat wonten masjid dados saya kirang. Mangka, sejarah sampun mbuktikaken menawi keilmuwan wonten masjid kuwawi ngedalaken sederet ilmuwan, ulama lan cendekia muslim ingkang hebat. Ingkang kuwawi maringi kontribusi sae kangge peradaban manungsa.

Masjid ugi saged dados sarana mujudaken ukhuwah Islamiyah lewat praktek ibadah shalat wonten lebetipun. Sasampunipun salam imam madep dhateng para jamaah kangge nyumerepi kawontenan jamaah sedaya.

Wonten lebet sholat ugi mboten wonten benten antawis tiyang sugih lan miskin, rakyat utawi pejabat, sepuh lan enem, jaler lan estri. Allah Ta’ala bakal maringi naungan hamba kang atine tansah gumatung ana ing masjid, tegese makmuraken masjid lan remen tindak dhateng masjid.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda:

سَبْعَةٌ يُظِلُّهُمُ اللَّهُ يَومَ القِيَامَةِ في ظِلِّهِ، يَومَ لا ظِلَّ إِلَّا ظِلُّهُ: …وَرَجُلٌ ذَكَرَ اللَّهَ في خَلَاءٍ فَفَاضَتْ عَيْنَاهُ، وَرَجُلٌ قَلْبُهُ مُعَلَّقٌ في المَسْجِدِ…

Pitu golongan kang dinaungii Allah Ta’ala jroning naungane ing dina kang ora ana pangayoman kajaba naungane:…Wong nom kang atine gumantung menyang masjid…”(HR. Al-Bukhari No. 6421)

Kaping Tiga: Nabi Ibrahim perduli kaliyan Islah lan kesainan negri saha ngajeng-ajeng wujudipun kesejahteraan lan keamanan

Allah Ta’ala paring firman:

وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّ اجْعَلْ هٰذَا بَلَدًا اٰمِنًا وَّارْزُقْ اَهْلَهٗ مِنَ الثَّمَرٰتِ مَنْ اٰمَنَ مِنْهُمْ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ قَالَ وَمَنْ كَفَرَ فَاُمَتِّعُهٗ قَلِيْلًا ثُمَّ اَضْطَرُّهٗٓ اِلٰى عَذَابِ النَّارِ ۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ

Lan nalika Nabi Ibrahim munjuk nenuwun: ‘Dhuh Pangeran kawula, mugi Paduka karsa andadosaken Nagari punika Nagari ingkang tata-tentrem, saha rnugitansah paring sawarnining woh-wohan dhumateng tetiyang ing ngriku sintena kemawon ingkang iman dhumateng Allah Ian dinten Akhir’. Dhawuhe Allah: ‘Lan sapa bae kang kafir. lngsun bakal paring kasenengan sethithik. tumuli lngsun bakal meksa ing dheweke marang siksa Neraka, yaiku ala-alaning panggonan ngungsi.’” (QS. Al-Baqarah: 126)

Sinten ing antawis kita sedaya kang mboten ngajeng-ajeng nggadhahi setunggaling negri ingkang aman, makmur lan sejahtera? Sedaya saking kita mesthi pingin lan ngersakke.

Negri Mekkah ingkang wonten donga nabi Ibrahim inggih punika setunggaling contoh nyata ngengingi bab menika. Pendudukipun gesang lebet kawontenan aman, tentrem lan melimpah pinten-pinten rizki kang saged dipanen wonten sawentawisipun. Sintena ingkang mlebet dhateng negri menika bakal ngraosaken aman.

Sifat mulya nabi Ibrahim lebet ayat puniki mucalaken kita kangge dados pribadi-pribadi muslim ingkang sae, ingkang taat dhateng syariat agamanipun. Menika kang badhe ndamel wujudipun kemakmuran lan kesejahteraan negri lan sejatosipun bentuk kepedulian paling inggil dhateng negri.

Allah Ta’ala paring firman:

وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْقُرٰٓى اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكٰتٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ وَلٰكِنْ كَذَّبُوْا فَاَخَذْنٰهُمْ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ

Mangka saumpama wong-wong penduduking Negara mau padha gelem iman lan taqwa ing Allah, sayekti dheweke Ingsun bukakake berkah saka ing Langit lan Bumi. Ananging bareng dheweke malah padha anggorohake, Ingsun banjur matrapi paukuman marang wong-wong mau, sabab saka tingkah lakune kang wus padha ditindakake. (QS. Al-A’rāf: 96)

Kaping Sekawan: Nabi Ibrahim Ngajeng-ajeng namung dhateng Allah Ta’ala supados sedaya amal salehipun ditampi

Allah Ta’ala paring firman:

وَاِذْ يَرْفَعُ اِبْرٰهٖمُ الْقَوَاعِدَ مِنَ الْبَيْتِ وَاِسْمٰعِيْلُۗ رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا ۗ اِنَّكَ اَنْتَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

Lan. nalika Nabi Ibrahim satta Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam Isma’il padha ngedegake temboking Padaleman Ka’bah, sakarone padha munjuk atur: “Dhuh Pangeran kita, mugi Paduka karsa anampi amal kita sami, saestu Paduka punika mana Midhanget sarta maha Ngawuningani.”(QS. Al-Baqarah: 127)

Doa lebet ayat wonten inggil ngandhut munajat lan pangajeng-ajeng ageng supados amalan shalih dipuntampi. Amargi naming amal shalih ingkang dipuntampi mawon kang angsal dipendhet manfaatipun mangke wonten akhirat.

Imam al-Qurthubi nyriyosaken wonten lebet tafsiripun kala njelasaken surat al-Ghosyiah ayat 2-3. Wekdal menika khalifah Umar bin khattab dumugi wonten negri Syam, piyambakipun didugeni dening setunggaling rahib sepuh ingkang melasaken. Umar lajeng muwun sasampunipun ningali tiyang wau.

Lajeng dipuntakekaken kalih piyambakipun: “He Amirul mukminin, punapa ingkang ndamel panjenengan muwun?”

Piyambakipun mangsuli: “Tenan mesakke wong kuwi mau, wis usaha sak maksimal tenagane nanging ora nampa hasile. Wis ngarep-arep sing gedhe nanging ora bisa nggayuh.”

Umar lajeng maosaken ayat: “Akeh rai kang padha tumungkul ndhekukul. Padha nemahi rekasa lan kangelan. Padha kecemplung ing Neraka kang panas banget.”(QS. al-Ghāsyiyah: 2-4)

Wulangan kang bisa kita pendhat saking mriki bilih mboten pantes kita menika ngraos aman kalih amalan kang sampun ditindakake. Ditampane amal saleh iku luwih wigati tinimbang  amalan iku dhewe. Menika selaras kalih nasehat Imam Ali bin Abi Thalib ingkang kasebat wonten ing kitab Hilyatul Auliya’ juz 1 halaman 75:

كُوْنُوا لِقَبُولِ الْعَمَلِ أَشَدَّ اهْتِمَامَا مِنْكُمْ بِالْعَمَلِ

Dadio kowe kabeh wong kang luwih nggatekake maqbule amalan luweh gedhe timbang amalan iku dhewe.”

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ

KHUTBAH KAPING KALIH

اَللَّهُ أَكْبَرُ، اَللَّهُ أَكْبَرُ، اَللَّهُ أَكْبَرُ، اَللَّهُ أَكْبَرُ، اَللَّهُ أَكْبَرُ، اَللَّهُ أَكْبَرُ، اَللَّهُ أَكْبَرُ، اَللَّهُ أَكْبَرُ، اَللَّهُ أَكْبَر

اَللَّهُ أَكْبَرُ، اَللَّهُ أَكْبَرُ، لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ، واَللَّهُ أَكْبَرُ، اَللَّهُ أَكْبَرُ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي سَهَّلَ لِعِبَادِهِ طُرُقَ الْعِبَادَةِ وَيَسَّرَ، وَتَابَعَ لَهُمْ مَوَاسِمَ الْخَيْرَاتِ لِتِزْدَانِ أَوْقَاتِهِمْ بِالطَّاعَاتِ وَتَعْمَرَ، اَلْحَمْدُ لِلَّهِ عَدَدَ حُجَّاجُ بَيْتِهِ الْمُطَهَّرِ، وَلَهُ الْحَمْدُ أَعْظَمَ مِنْ ذَلِكَ وَأَكْثَرَ، اَلْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى نِعَمِهِ الَّتِيْ لَا تُحْصَرُ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى آلائِهِ الَّتِي لَا تُقَدَّرُ

نَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى الله عَزَّ وَجَلَّ والتَّمَسُّكِ بِهَذَا الدِّينِ تَمَسُّكًا قَوِيًّا. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَيْطَانِ الرَجِيْمِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَهْلِكِ اْلكَفَرَةَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَكَ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِيْ هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِيْ فِيْهَا مَعَاشُنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اللَّتِى إِلَيْهَا مَعَادُنَا، وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِيْ كُلِّ خَيْرٍ، وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَٰجِنَا وَذُرِّيَّـٰتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَٱجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا، رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحْمَةً ۚ إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. سُبْحَاَنَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download materi khutbah Idul Adha Nuladhani Sifat Agung Nabi Ibrahim
ing mriki:

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *