Khutbah Jumat Bahasa Jawa Golongan Ingkang Begja dakwah.id

Materi Khutbah Bahasa Jawa: Golongan Ingkang Begja

Terakhir diperbarui pada · 2,162 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Golongan Ingkang Begja

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Pinangka pambuka khutbah Jumat wonten ing siang punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken manah kanthi nyaosaken puji syukur ing ngarsa dalem Allah subhanahu wata’ala, Dzat kang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dhumateng kita sedaya sahingga wonten kesempatan punika kita saget nindakaken pangibadahan dhumateng Allah subhanahu wata’ala.

Shalawat saha salam mugi katetepna dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. mugi kita sedaya pikantuk syafa’atipun dhumateng Allah subhanahu wata’ala.

Sumangga kita tansah ikhtiyar ningkataken iman saha takwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala wonten ing margi tansah njumenengaken sadaya dhawuhipun lan nebihi sedaya pepacuhipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Wonten ing panggesangan menika sampun dados kasunyatan bilih mboten wonten satunggal punapa tiyang ingkang lila buntung gesangipun. Sedaya tiyang pingin gesangipun menika saget nggayuh kabegjan. Ananging ironinipun, mboten kathah tiyang ingkang sampun mangertosi hakekatipun kabegjan.

Wonten al-Quran kathah dipun tepangi ayat ingkang nyebataken kalimat al-Muflihun (tiyang-tiyang ingkang beja). Intinipun ayat-ayat menika njelasaken bilih tiyang ingkang beja miturut al-Quran inggih punika tiyang ingkang sampun malih dhateng kahanan sae lan minulya.

Mbok menawi tiyang menika sakderenge dereng purun ibadah, sakmenika sampun nindakaken ibadah sae dhumateng Allah. Lan tiyang ingkang sakderenge tansah maksiat banjut piyambakipun wantun nilaraken perkawis menika alian dados tiyang ingkang taat.

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Sepisan: Wonten ing al-Quran surat al-Baqarah ayat 5,

اُولٰۤىِٕكَ عَلٰى هُدًى مِّنْ رَّبِّهِمْ ۙ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ

Wong kang mengkono mau oleh pituduh saka Pangeran Sesembahane, lan wong kang mangkono mau yaiku wong kang padha begja.

Ayat menika pinangka bayan utawi penjelas ayat sakderengipun ingkang nyebataken ciri-cirinipun tiyang ingkang takwa lajeng wonten akhir ayatipun dipun sifati wong kang mengkono mau oleh pituduh saka Pangeran Sesembahane.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 4 Cara Nggayuh Kebahagiaan

Ibnu Abbas nafsiraken maknanipun nggih menika tiyang menika pikantuk Nur Allah ingkang ndamel tiyang saget istiqamah gegondhelan dateng al-Quran.

Ibnu Jarir nafsiraken maknanipun nggih menika tiyang menika pikantuk Nur Allah lan bimbingan saking ngarsanipun Allah.

Kalih: Wonten ing al-Quran surat Ali Imran ayat 104,

وَلْتَكُنْ مِّنْكُمْ اُمَّةٌ يَّدْعُوْنَ اِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ ۗ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ

Ana sagolongan saka sira kabeh (badan) kang ngajak-ajak marang kabecikan padha parentah tindak kabecikan, lan nyegah laku ala, wong kaya mangkono mau wong-wong kang padha begja.”

Ayat menika njelasaken bilih supados pikantuk kabegjan, kedahipun wonten segolongan umat Islam ingkang tansah njumenengaken tugas dakwah lan maringi pepenget, nalikaning wonten congkrah lan pedudon. Ugi kedah wonten segolongan umat Islam ingkang tegas lan jejag nindakaken amar makruf lan nahi mungkar.

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Tiga: Wonten ing al-Quran surat al-A’raf ayat 8,

وَالْوَزْنُ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْحَقُّۚ فَمَنْ ثَقُلَتْ مَوَازِيْنُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ

Lan timbangan amal ana ing dina kiamat iku nyata bener. Sing sapa amale saleh abot timbangane, iya iku wong-wong kang padha begja.

Wonten tafsir Jalalain dipun terangaken bilih timbangan amal wonten ing dinten kiamat benjang nggadhahi jarum ingkang nunjukaken ringan lan awratipun amal ing dinten menika. Pramila sok sinten ingkang timbangan amal kesaenan linangkung awrat tiyang wau kang pikanton kabegjan.

Sekawan: Wonten ing al-Quran surat al-A’raf ayat 157,

فَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِهٖ وَعَزَّرُوْهُ وَنَصَرُوْهُ وَاتَّبَعُوا النُّوْرَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ مَعَهٗٓ ۙاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ

Ana dene wong-wong kang padha iman marang Rasul iku, banjur padha gelem mulyakake lan nulungi marang Rasul, sarta banjut padha manut miturut marang pepadhang kang diturunake ing panjenengane Rasul mau, yaikut al-Quran, hiya wong-wong kang mangkono iku kang padha begja.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa Dampak Rezeki Halal Lan Haram

Ayat menika njelasaken cara-cara kita ndherek pitedah Rasul kados ngendikanipun ayat supados gesang kita wonten ing dunya dumugi akhirat saget nggayuh kabegjan.

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Golongan Ingkang Begja ing mriki:

Mugi Manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *