khutbah Jumat bahasa jawa faedah amar makruf lan nahi mungkar dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Faedah Amar Makruf lan Nahi Mungkar

Terakhir diperbarui pada · 1,823 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Faedah Amar Makruf lan Nahi Mungkar

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sumangga, kula dherekaken sesarengan tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala. Kanthi mujudaken syukur ingkang sak leres-leresipun lan syukur ingkang sak kathah-kathahipun. Inggih punika nindakaken sadaya dhawuhipun lan nilar sadaya pepacuhipun.

Shalawat lan salam mugi tansah dipun paringaken dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam lan ugi dhumateng para kaluwarga, para shahabat, saha para pendherekipun ingkang tansah manut lan mituhu ndherek dhawuhipun ngantos benjang wonten ing akhirat.

Kulo wasiataken piyambak lan para jamaah sadayanipun manga sesarengan hanambahi iman lan taqwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala. Mugi-mugi kanthi iman lan takwa punika gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya ngantos benjang wonten ing akhirat.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Saben-saben tiyang Islam wajib mangertosi lan nglenggana bilih ngajak tumindak kesaenan lan nyegah tumindak ingkang awon utawi kawestanan wonten istilah syar’i amar makruf lan nahi mungkarpunika kalebet tumindak ingkang sae utawi amal saleh ingkang saged maringi faedah dhumateng pribadinipun piyambak ugi dhumateng tiyang sanes.

Amar Makruf inggih punika sadaya tumindak utawi pangucap ingkang wujudipun dhawuh, ngajak, lan nuntun dhumateng tiyang supados nindakaken lan manut mituhu dhumateng Allah subhanahu wata’ala lan Rasulipun.

Nahi Mungkar maknanipun tumindak lan ucapan dhumateng tiyang ingkang sifatipun ngawisi, nyegah, ngalang-alangi, ndukani, nuturi lan ngengetaken bebayanipun tumindak dosa tumrap tiyang ingkang tumindak awon utawi nglanggar awisanipun Allah subhanahu wata’ala lan Rasulipun.

Sadaya wau dhawuhipun Allah subhanahu wata’ala.

وَلْتَكُنْ مِّنْكُمْ اُمَّةٌ يَّدْعُوْنَ اِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ ۗ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ

Anaa sagolongan saka sira kabeh (bebadan) kang ngajak-ngajak marang kabecikan padha parentah tindak kabecikan, lan nyegah laku ala, wong kang kaya mangkono mau wong-wong kang pada begja.(QS. Ali Imran: 104)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Amar makruf lan nahi mungkar punika satunggaling amal ingkang kedah kita tindakaken wonten ing panggesangan masyarakat, supados kita dipun tebihaken saking rubeda lan anceman siksanipun Allah subhanahu wata’ala.

Kedah dimangertosi bilih anceman siksanipun Allah subhanahu wata’ala menika yekti badhe kaparingaken dhumateng tiyang ingkang beriman, jalaran piyambakipun ngendelaken lan nggadhahi sikap acuh dhumateng sedherekipun ingkang tumindak dosa lan durhaka.

Allah subhanahu wata’ala. paring pangandikan,

وَاتَّقُوْا فِتْنَةً لَّا تُصِيْبَنَّ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْكُمْ خَاۤصَّةً ۚوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ

Lan sira padha njagaha fitnah cobaning Allah kang ora mung bakal ngenani wong kang padha nganiaya wae, lan sira padha mengertia yen satemene siksaning Allah iku pancen abot temenan.(QS. Al-Anfal: 25)

Menika isyarat al-Quran kang njelasaken bilih menawi kita mboten nggadahi upaya ngengetaken kesaenan lan nyegah keawonan, saktemenipun siksa utawi adzab Allah menika badhe dipun umumaken utawi ratakaken dhumateng sadaya manungsa.

Mekaten ugi Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring pepeling dhumateng umatipun sadaya kanthi sabdanipun,

إِنَّ النَّاسَ إِذَا رَأَوْا الْمُنْكَرَ لَا يُغَيِّرُونَهُ، ‌أَوْشَكَ أَنْ يَعُمَّهُمْ اللَّهُ بِعِقَابِهِ

Saktemene manungsa kang ngerteni kemungkaran (tumindak ala) ananging ora padha gelem ngrubah (nyegah), wus bakal temenan Allah subhanahu wata’ala bakal ngratakake siksane.”(HR. Ibnu Majah No. 4005)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Amar makruf lan nahi mungkar kedah dipun tindakaken, senadyan dateng kanca, sedherek, lan tangga. Semanten ugi senadyan dhumateng tiyang nduwuran, tiyang ingkang hanggadhahi pangkat lan jabatan lan senadyan nggadhahi kekuasaan.

Manawi amar makruf lan nahi mungkar boten dipuntindakaken, pramila mesthi tuminjak keji lang mungkar saget ngrembaka. Tiyang Islam ingkang nggadhahi iman wajib menika amar makruf lan nahi mungkar.

Ngendikanipun Allah subhanahu wata’ala,

وَالْمُؤْمِنُوْنَ وَالْمُؤْمِنٰتُ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۘ يَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَيُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَيُطِيْعُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۗاُولٰۤىِٕكَ سَيَرْحَمُهُمُ اللّٰهُ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ

Ana dene para wong kang padha mukmin priya lan wanita iku saweneh marang sawenehe padha sih sinihan, dheweke padha mrentah tumindak becik, lan padha nyegah laku ala, lan padha ngedegake shalat sarta padha aweh zakat, apa dene padha ngestukake dhawuhe Allah lan utusane. Wong kang mangkono iku bakal padha kaparingansih rahmating Allah. Sanyata Allah iku Maha Mulya sarta maha wicaksono.(QS. At-Taubah: 71)

Pramila mangga kita tansah gesangaken budaya amar makruf lan nahi mungkar wonten ing lingkungan panggesangan kita. Wonten ing kampung, wonten ing pasar, wonten kantor-kantor, semanten ugi wonten ing panggenan ibadah.

Amargi kemaksiatan jaman sakmenika mboten namung dipun lampahi wonten ing panggenan kemaksiatan, ananging enten tiyang ingkang wantun bermaksiat wonten panggenan ibadah. Na’udzubillah min dzalik.

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Wonten ing babrayan panggesangan masyarakat, tiyang mukmin kedah aktif nindakaken amar makruf lan nahi mungkar. Jalaran nindakaken amar nahi mungkar mujudaken amal kesaenan tumraping tiyang ingkang nggadhahi iman.

Allah paring pangandikan,

وَاَنْفِقُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَلَا تُلْقُوْا بِاَيْدِيْكُمْ اِلَى التَّهْلُكَةِ ۛ وَاَحْسِنُوْا ۛ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ

Lan sira padha nanjakna bandhanira ana ing dedalaning Allah, lan sira aja padha nibakke tanganira ana ing karusakan, lan sira tansah padha gaweya kabecikan, sanyata Allah iku remen marang wong kang padhatumindak becik.”(QS. Al-Baqarah: 195)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Mekaten materi khutbah Jumat babagan faedah amar makruf lan nahi mungkar ingkang saget kawulo aturaken, mugi-mugi kita saged nindakaken amar makruf lan nahi mungkar, ingkang sanget ageng faedahipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Faedah Amar Makruf lan Nahi Mungkar ing mriki:

Mugi Manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

4 Tanggapan

Insya Allah manfaat sangat

Matur nuwun sanget ustadz…Mugi manfaat dumateng kawula lan sedaya kaum Muslimin

Amin..amin..amin… pangestunipun, Pak. Mugi tim dakwah.id saget istiqamah khidmat kagem umat.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *