Khutbah Jumat Bahasa Jawa bebayaning Mujaharah dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bebayaning Mujaharah

Terakhir diperbarui pada · 1,263 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Bebayaning Mujaharah

Oleh: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sumangga, ampun kesupen kita tansah syukur dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala. Kelawan ngucapaken alhamdulillahi rabbil ‘alamin keranten ing siang dinten ingkang minulya menika kita sedaya saget makempal wonten panggenan ingkang sae inggih punika baitullah saperlu nindakaken ibadah Jumat.

Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam lan ugi dhumateng para kaluwarga, para sahabat, saha para pendherekipun ingkang tansah manut lan mituhu ndherek dhawuhipun ngantos benjang wonten ing akhirat.

Mangga sami takwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala kelawan nindakaken perintahipun lan nebihi sedaya awisanipun. Mugi tambah dinten takwa lan sykur kita dhumateng Allah, tambah langkung sae sahinggo kita saget pinaringan ridhanipun. Amin

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia,

Kita wekdal sakmenika asring sanget midhangetaken berita utawi mersani langsung tiyang-tiyang ingkang remen tumindak dosa kanthi terang-terangan. Nerjang awisanipun Allah menika mboten tedheng aling-aling malahan kathah kang ndhuweni raos bangga kelawan tumindakipun. Wal ‘iyyadzu billah.

Lelakon kados menika kalawau kawestanan wonten ing syariat Islam nggih punika Mujaharah. Wonten ing kitab Fathul Bari kagunganing Alim minulya Imam Ibnu Hajar Al-Asqalani dipun jelasaken bilih Mujaharah menika renane enten tiga:

Setunggal, nuduhake maksiat utawi nglakoni maksiat kanthi terang-terangan. Contone nedha utawi ngombe wonten ing siang wulan Ramadhan, tumindak zina kanthi terang-terangan, lan sanesipun.

Kalih, wong kang nglakoni maksiat ana ing rina wengi sakbanjur ditutup dening Allah tumindake ananging rikala wektu siange malah deweke critakake kelawan tiyang sanes.

Tiga, wong-wong kang fasik sing padha nyritakake tumindak fasike.

Para alim sakmenika nerangaken bilih wujud tumindak Mujaharah ing zaman niki kathah sanget modelipun. Panggonan maksiat kados lokalisasi, diskotik, pamer aurot ana ing medsos, ikhtilath (campur baur) antaraning pria lan wanita sanes mahram, istihza’ (ngina) syariat, mbubarake syi’ar agama, lan sak pinunggalane.

Allah subhanahu wata’ala terang paring awisan ana ing firmanipun,

اِنَّ الَّذِيْنَ يُحِبُّوْنَ اَنْ تَشِيْعَ الْفَاحِشَةُ فِى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌۙ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ

Sanyatane wong-wong kang dhemen nyebarake perkara ala ana ing kalangane wong-wong mu’min iku, yekti dheweke bakal padha kaptrapan siksa kang lara ana ing donya lan akherat, lan Allah iku Nguningani, dene sira kabeh ora padha ngerti.(QS. An-Nur: 24)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia,

Wonten ing ayat kang sampun kasebat, Allah subhanahu wata’ala ngancem tiyang-tiyang kang senengane nduduhake kemungkarane utawi tumindak maksiate ana ing tengah-tengahing masyarakat menungsa. Menika wau kagolong tumindak kang jelas nedahake menawi tiyang niku nantang Allah subhanahu wata’ala Dzat kang ngawisi perkawis menika.

Imam al-Bukhari lan Muslim ngriwayataken satunggal hadits saking sahabat Salim bin Abdillah, bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

كُلُّ أُمَّتِي مُعَافًى إِلَّا الْمُجَاهِرِينَ وَإِنَّ مِنْ الْمُجَاهَرَةِ أَنْ يَعْمَلَ الرَّجُلُ بِاللَّيْلِ عَمَلًا ثُمَّ يُصْبِحَ وَقَدْ سَتَرَهُ اللَّهُ عَلَيْهِ فَيَقُولَ يَا فُلَانُ: عَمِلْتُ الْبَارِحَةَ كَذَا وَكَذَا وَقَدْ بَاتَ يَسْتُرُهُ رَبُّهُ، وَيُصْبِحُ يَكْشِفُ سِتْرَ اللَّهِ عَنْهُ

Kabeh umatku (Muhammad) bakal dipangapura (dosane) kajaba wong kang Mujaharah. Sing diarani Mujaharah yaiku Wong kang nglakoni maksiat ana ing rina wengi sakbanjur ditutup dening Allah tumindake ananging dheweke malah ngucap: Aku wis nglakoni kaya ngene amalan rikala bengi mau. Kamangka Allah wis nutupi dosane, malahan rina esuke dheweke nyingkap satire Allah subhanahu wata’ala.” (HR. Al-Bukhari No. 5721)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia,

Mila kita sami padha ajrih dhumateng Allah subhanahu wata’ala kanthi nebihi lelaku mujaharah. Keranten nabi kita Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam sampun nerangken bilih tiyang ingkang njarag nglakoni dosa menika bakal diukum dening Allah wonten ngalam donya sak durunge ing alam akherat mangkeh.

Kados dene katerangaken wonten ing hadits Ibnu Umar radhiyallahu ‘anhuma bilih piyambakipun nate mireng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

يَا مَعْشَرَ الْمُهَاجِرِينَ، خَمْسٌ إِذَا ابْتُلِيتُمْ بِهِنَّ، وَأَعُوذُ بِاللَّهِ أَنْ تُدْرِكُوهُنَّ

He kaum Muhajirin, ana lima perkara menawa awakmu kabeh diuji kanthi kuwi mau (bakal cilaka awakmu kabeh)—lan aku tansah njaluk reksa saka ngarsaning Allah Ta’ala supaya awakmu ora nekani:

لَمْ تَظْهَرْ الْفَاحِشَةُ فِي قَوْمٍ قَطُّ حَتَّى يُعْلِنُوا بِهَا، إِلَّا فَشَا فِيهِمُ الطَّاعُونُ وَالْأَوْجَاعُ الَّتِي لَمْ تَكُنْ مَضَتْ فِي أَسْلَافِهِمْ الَّذِينَ مَضَوْا

Ora ana tumindak zina kang sumebar ana ing kaum, nganti padha nglakoni kanthi terang-terangan, kajaba Allah bakal numpahake tha’un lan pagebluk kang durung ana sak durunge.

وَلَمْ يَنْقُصُوا الْمِكْيَالَ وَالْمِيزَانَ، إِلَّا أُخِذُوا بِالسِّنِينَ وَشِدَّةِ الْمَؤونَةِ وَجَوْرِ السُّلْطَانِ عَلَيْهِمْ

Menawa wong-wong padha ngurangi takeran lan timbangan kajaba bakal ditibani paceklik, susahing urip, lan zalime penguasa marang wong-wong kabeh.

وَلَمْ يَمْنَعُوا زَكَاةَ أَمْوَالِهِمْ، إِلَّا مُنِعُوا الْقَطْرَ مِنْ السَّمَاءِ، وَلَوْلَا الْبَهَائِمُ لَمْ يُمْطَرُوا

Menawa wong-wong padha nahan kewajiban zakat saka bandha-bandhane, kajaba bakal ditahan banyu udan saka langit. Lan sekirane ora marga kewan-kewan ternak banyu udan kuwi mau bakal terus ditahan.

وَلَمْ يَنْقُضُوا عَهْدَ اللَّهِ وَعَهْدَ رَسُولِهِ، إِلَّا سَلَّطَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ عَدُوًّا مِنْ غَيْرِهِمْ، فَأَخَذُوا بَعْضَ مَا فِي أَيْدِيهِمْ

Lan menawa wong-wong kuwi padha mblenjani sumpahe marang Allah lan Rasule, kajaba Allah bakal ndadekake musuh bisa nguasai wong-wong kuwi mau lan bakal ngrampas apa wae kang diduweni.

وَمَا لَمْ تَحْكُمْ أَئِمَّتُهُمْ بِكِتَابِ اللَّهِ وَيَتَخَيَّرُوا مِمَّا أَنْزَلَ اللَّهُ، إِلَّا جَعَلَ اللَّهُ بَأْسَهُمْ بَيْنَهُمْ

Lan menawa pemimpin-pemimpin kuwi ora padha nrapake hukum kitabullah lan milih apa wae kang luwih sae saka ketetapane Allah, kajaba padha didadekake siji lan liani padudan utawi congkrah.”(HR. Ibnu Majah No. 4019)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia,

Menika wau bebayane lelaku Mujaharah wonten ing panggesangan donya kita sami, punapa malih ana ing akherat samangkeh menawa pelakunipun mboten sempat tobat dhumateng Allah subhanahu wata’ala.

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawula aturaken, mugi-mugi kita saged nindakaken amar makruf nahi mungkar, ingkang sanget ageng faedahipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Bebayaning Mujaharah ing mriki:

Mugi Manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *