khutbah Jumat bahasa jawa amanah jabatan punika awrat dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Amanah Jabatan Punika Awrat

Terakhir diperbarui pada · 2,198 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Amanah Jabatan Punika Awrat

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Raos syukur ingkang kathah sumangga tansah aturaken dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala, Dzat kang maringi pinten-pinten kenikmatan sahingga kita sedaya saget nindakaken ibadah Jumat siang dinten kang minulya punika.

Shalawat lan salam katunjuk katur dumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin

Mboten kesupen pinangka Khatib, kulo tansah ngemutaken jama’ah sedayanipun mangga kita sesarengan tansah ningkataken iman lan takwa dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa mujudaken sangu ingkang paling sae rikalanipun ngadhep dhumateng Allah. 

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Tema wedharan khutbah dinten puniki inggih punika bab jabatan lebet Islam pinangka amanatullah. Bilih amanah jabatan punika satunggaing perkawis ingkang awrat.

Setunggaling wekdal sahabat minulya Abu Dzar al-Ghiffari radhiyallahu, rawuh majeng Rasulullah shallallahu’alaihi wasallam. Lan piyambakipun inggih punika kelebet mitra ingkang dipun tresnani dening Rasulullah shallallahu’alaihi wasallam.

Sasampunipun puniku piyambakipun caos pirsa,

يَا رَسُوْلَ اللهِ أَلَّا تَسْتَعْمِلُنِيْ؟ قَالَ فَضَرَبَ بِيَدِهِ عَلَى مَنْكِبِي ثُمَّ قَالَ: يَا أَبَا ذَرٍّ إِنَّكَ ضَعِيْفٌ وَإِنَّهَا أَمَانَةٌ وَإنَّهَا يَوْمَ الْقِيَامَةِ خِزْيٌ وَنَدَامَةٌ إِلَّا مَنْ أَخَذَهَا بِحَقِّهَا وَأَدَّى الَّذِيْ عَلَيْهِ فِيْهَا

Duh Rasulullah, mbotena panjenengan nginggahaken kula dados pejabat?”

Abu Dzar wicanten, Rasulullah shallallahu’alaihi wasallam nepuk-nepuk bahu kula lajeng paring sabda,

He Abu Dzar! Saktenane sampeyan kuwi wong kang ringkih (babagan kepemimpinan). Sawentawis kepemimpinan kuwi minangka amanah. Ing dino kiamat iku amanah jabatan kepemimpinan bakal dadi perkara kang njalari kehinaan lan penyesalan, kejaba wong kang mikul amanah kanthi hak lan temenan nglaksanakake kewajibane tumrap amanah kasebat.” (HR. Muslim no. 1825)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Saking hadits wonten inggil punika kita saged sumerep kados pundi pandangan Islam bab amanah jabatan utawa kepemimpinan.

Rasulullah shallallahu’alaihi wasallam tegas nyatakaken bilih jabatan kepemimpinan punika amanah ingkang kedah dipun jagi. Amanah jabatan punikan kasebat awrat lan sisah. Mboten ajeng kuwawi kangge mikul tanggung-jawabipun kejawi tiyang-tiyang ingkang kiyat.

Ing dinten kiamat, amanah jabatan kepemimpinan puniku ajeng dados kehinaan lan penyesalan kangge tiyang ingkang mboten nggadhahi kelayakan (kapasitas) kangge mimpin utawi tiyang ingkang estu nggadhahi kelayakan namung mawon piyambakipun mboten adil lebet kepemimpinanipun.

Akibatipun Allah subhanahu wata’ala nginakaken ing dinten kiamat lan mgasoraken. Piyambakipun bakal getun jalaran kelemahan piyambakipun.

Ananging dene tiyang ingkang nggadhahi kapasitas kangge mimpin lan tumindak adil lebet kepemimpinanipun, mila piyambakipun badhe keparingan keutamaan ingkang agung.

Rasulullah shallallahu’alaihi wasallam paring sabda,

Saking Sahabat Abu Hurairah radhiyallahu anhu, saking Nabi shallallahu’alaihi wa sallam, piyambakipun bersabda,

Wonten pitu golongan ingkang dinaungi Allah subhanahu wata’ala lebeting naungan-ipun ing dinten ingkang mboten wonten naungan kejawi naungan-ipun Allah subhanahu wata’ala.”

Golongan ingkang nomor sepindah punapa?

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

اَلْإِمَامُ الْعَادِلُ

Imam utawi pemimpin ingkang adil.”(HR. Al-Bukhari No. 660; HR. Muslim No. 1031)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Jabatan kepemimpinan punika ngandhut potensi madharat utawi fitnah ingkang mboten alit. Salah setunggaling tiyang ingkang ambisi sanget kangge nggayuh jabatan kepemimpinan ajeng gadhah potensi agamanipun dados risak akibat sifat ambisius kalih kepemimpinan.

Imam Ahmad meriwayataken wonten kitab Musnad-ipun saking hadits sahabat Ka’ab bin Malik al-Anshari radhiyallahu’anhu saking Nabi shallallahu’alaihi wasallam, piyambakipun bersabda,

مَا ذِئْبَانِ جَائِعَانِ أُرْسِلَا فِي غَنَمٍ، بِأَفْسَدَ لَهَا مِنْ حِرْصِ الْمَرْءِ عَلَى الْمَالِ وَالشَّرَفِ لِدِينِهِ

“Loro serigala luwe ingkang dicolake ana ing njero gerombolan menda puniku mboten langkung ngrisak dipun bandingaken kerisakan agami salah setunggaling tiyang ingkang dipun timbulaken dening ketamakan kalih banda lan kedudukan.” (HR. Ahmad No. 15794)

Hadits punika gadhah artos sikap tamak salah setunggaling tiyang kalih banda lan kedudukan menika langkung ngrisak agami salah setunggaling tiyang dipun banding kalih serigala luwe ingkang dilepasaken wonten tengah-tengah menda gembalaan ingkang mboten wonten penjaganipun babar pisan.

Saged dipun pesthekaken sadayaning menda bakalan disantap telas kejawi sakedhik mawon. Ketamakan kaliyan banda ndadosaken salah setunggaling tiyang mboten peduli malih banda saking ingkang haram.

Nabi shallallahu’alaihi wasallam ngisyarataken bilih mboten bakal slamet agami salah setunggaling tiyang ingkang tamak sanget kaliyan banda lan kedudukan kejawi namung sakedhik mawon.

Sakepripun mawon namung sakedhik mawon menda gembala ingkang slamet akibat kerisakan ingkang dipun sebabaken serigala luwe ingkang wonten ing tengah-tengah gembalan sedaya.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Pramila antawis usaha supados terhindar saking kerisakan akibat wontenipun tiyang-tiyang ingkang nglenggahi jabatan kepemimpinan nanging mboten nggadhahi kelayakan babar pisan kangge nglaksanakaken menika ampun ngantos kita nyerahaken kepemimpinan dhateng tiyang ingkang mbotek layak utawi mampu.

Nabi shallallahu’alaihi wasallam paring sabda,

إِذَا ضُيِّعَتِ الْأَمَانَةُ فَانْتَظِرِ السَّاعَةَ. قَالَ: كَيْفَ إِضَاعَتُهَا؟ قَالَ: إِذَا وُسِّدَ الْأَمْرُ إِلَى غَيْرِ أَهْلِهَا فَانْتَظِرِ السَّاعَةَ

“‘Menawa amanah disia-siakaken bakal kedadosan kiamat.’ Wonten ingkang taken, ‘Wahai Rasulullah kados pundi amanat puniku disia-siakaken?’ Rasulullah shallallahu’alaihi wasallam paring sabda, ‘Menawa setunggaling urusan dipunsukakaken dhateng kejawi ahlinipun mila bakal kedadosan kiamat.’” (HR. 6496)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

  اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا.

 أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعلى آله وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

 أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ، وَافْعَلُوا الْخَيْرَاتِ، وَاجْتَنِبُوا السَّيِئَاتِ. إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ –

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ أَقِيْمُوا الصَّلَاة.

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Amanah Jabatan Punika Awrat ing mriki:

Mugi Manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

1 Tanggapan

Terima kasih teksnya khtbah semoga beranfaat.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *