khutbah idul fitri 1444 H Buah Taqwa Saking Ibadah Shiyam dakwah.id

Khutbah Idul Fitri 1444 H: Buah Taqwa Saking Ibadah Shiyam

Terakhir diperbarui pada · 893 views

Khutbah Idul Fitri 1444 H
Buah Taqwa Saking Ibadah Shiyam

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I
(Pengasuh PPTQ Ulul Albab Sukoharjo Jawa Tengah)

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ.

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ.

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

وَقَالَ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Jamaah shalat Idul Fitri hadâkumullâh Ajma’in

Wonten ing enjing dinten ingkang mulya menika, sumangga kula saha panjenengan sedaya tansah ngathahi ngucap syukur ingkang agung dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala, jalaran kita saget kepanggih wonten ing papan panggenan ingkang kebak berkah menika. Kita saget sami-sami angrawuhi sholat Idul Fitri saperlu ngagungaken lan nyukuri nikmat saking Allah subhanahu wata’ala.

Allah subhanahu wata’ala wus ngendikakaken wong ing al-Quran surat Al-Baqarah: 185,

وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ

…Lan supaya sira padha nyampurnakake wilangane puwasa mau lan padha ngegungna Allah dene anggone wus paring Pituduh ing sira kabeh lan supaya sira padha syukur.”

Shalawat lan salam mugi tansah Allah subhanahu wata’ala curah limpahaken dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang tansah mituhu ndherek dhawuhipun. Mugi kemawon kita pikantuk syafa’atipun benjang ing dinten akhirat, amin.

Wonten ing sabda Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ingkang diriwayataken Imam al-Bukhari,

مَنْ قَالَ حِينَ يَسْمَعُ النِّدَاءَ: اللَّهُمَّ رَبَّ هَذِهِ الدَّعْوَةِ التَّامَّةِ وَالصَّلاَةِ الْقَائِمَةِ آتِ مُحَمَّدًا الْوَسِيلَةَ وَالْفَضِيلَةَ وَابْعَثْهُ مَقَامًا مَحْمُودًا الَّذِي وَعَدْتَهُ، حَلَّتْ لَهُ شَفَاعَتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ

Sapa wonge kang donga sakwise krungu Adzan, Allohumma robba hadzihi da’wati taammah wa sholatil qoimah ati muhammadan al-washilata wal fadhilah wab‘ats hu maqoman mahmudan alladzi wa’adztahu. Mula dheweke bakal oleh syafa’atku ing dia kiamat.

Mangga wonten ing wekdal ingkang bahagia menika kita sami tansah ningkataken anggen taqwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala kanthi nebihi sedaya awisan-awisanipun sinadyanto sak menika kita mboten wonten lebet wulan Ramadhan.

Allah Ta’ala paring pangandikan ing surat Ali Imran ayat 102,

  يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah shalat Idul Fitri hadâkumullâh Ajma’in

Taqwa menika dados tujuan sedaya ibadah lebet agami islam. Pramila totalitas gesang menggahing agami Islam inggih punika ibadah, mila tujuan gesang ingkang leres inggih punika taqwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala. Ananging kedah dipun sadari sedaya bilih taqwa menika gampil dipun ucapaken ananging sisah dipun amalaken.

Sedaya Khatib wonten ing alam donya wajib maringi pesen taqwa lebet khutbahipun. Saged dipun bayangaken kepripun tembung taqwa kathah sanget dipunaturaken.

Dereng malih menawi pesen taqwa wonten ceramah-ceramah agami lan majlis-majlis pepanggihan. Saget milyaran punapa trilyunan tembung taqwa diucapaken. Pitakenan agenge, punapa inti pesen taqwa puniku dados kasunyatan sadinten-dinten lebet gesange tiyang Islam?

Wonten ing kitab tafsir Al-Quran Al-‘Adzim dipun sebataken dening Imam Ibnu Katsir, bilih artos dhasar taqwa inggih punika taat dhumateng Allah Ta’ala lan mboten maksiat kalih Panjenenganipun. Tansah ngemut-emut Allah Ta’ala saha syukur dhumateng panjenenganipun tanpa wonten sekedik punapa pengingkaran.

Thalaq bin Habib rahimahullah njelasaken taqwa,

التَّقْوَى: أَنْ تَعْمَلَ بِطَاعَةِ اللَّهِ عَلَى نُورٍ مِنْ اللَّهِ تَرْجُو رَحْمَةَ اللَّهِ وَأَنْ تَتْرُكَ مَعْصِيَةَ اللَّهِ عَلَى نُورٍ مِنْ اللَّهِ تَخَافَ عَذَابَ اللَّهِ

Taqwa yaiku sampeyan nglakoni ketaatan ing Allah jalaran pituduh saka Allah lan ngudi rahmate Allah. Uga taqwa yaiku sampeyan ninggalake maksiat kang Allah haramake jalaran pituduh Allah lan dasar wedi marang nerakane Allah.

Imam Ibnu Rajab al-Hanbali ugi njelasaken,

وَأَصْلُ التَّقْوَى: أَنْ يَعْلَمَ الْعَبْدُ مَا يُتَّقَى ثُمَّ يَتَّقِي

Taqwa asale yaiku wong kang mangerteni apa kang mesti piyambake ngendhani lan piyambake tinggalake.

Imam an-Nawawi jelasaken bilih taqwa menika, Taat dhumateng sedaya dhawuhipun Allah lan nebihi awisanipun.

Utawi lebeting basa Imam Al-Jurjani, Taqwa inggih punika njagi awak saking amalan ingkang ndamel siksa jalaran nglampahi amalan utawa nilaraken.

Kanggene tiyang Islam, ketaqwaan menika dados perkawis ingkang wigatos sanget, amargi taqwa menika dados ukuran kehormatan salah setunggaling tiyang wonten ngarsane Allah Ta’ala.

Allah subhanahu wata’ala wus ngendikakaken wong ing al-Quran surat al-Hujurat ayat 13,

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْا ۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ

He para manungsa! sayekti Ingsun wus anitahake sira kabeh saka wong lanang lan wadon. Ingsun banjur andadekake sira kabeh dadi pirang-pirang bangsa lan turunan, supaya sira padha wewanuhan weruh wineruhan, sanyata wong kang inganggep mulya mungguhinng Allah iku wong kang luwih taqwa ing PanjenengaNe sayekti Allah iku Maha Uninga tur kang Waspada.”

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah shalat Idul Fitri hadâkumullâh Ajma’in

Ramadhan nggih dipun sebat dening para Ulama kanthi wulan taqwa. Sifat taqwa menika ingkang mangke badhe dipun gayuh saking amalan shiyam.

Allah subhanahu wata’ala wus ngendikakaken wong ing al-Quran surat al-Baqarah ayat 183,

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ

He para wong Mu’min, sira padha diwajibake ibadah shiyam, kaya kang wus diwajebake tumrap wong-wong biyen sadurugira, supaya sira tambah-tambah anggone taqwa.

Syekh Abdurrahman bin Nashir As-Sa’di njelasaken bab ayat menika, bilih Allah Ta’ala nyebat ayat wonte inggil ngengingi hikmah disyare’ataken shiyam inggih punika supados kita dados tiyang taqwa. Amargi lebeting shiyam, kita ngerjakaken dhawuh Allah lan nebihi awisanipun.

Ingkang ngliputi taqwa lebeting shiyam inggih punika setunggaling tiyang Islam nilaraken punapa ingkang Allah haramaken kados dhahar, unjuk, hubungan biologis suami istri.

Mangka jiwa manungso menika sedaya nggadhahi hasrat kangge menikmati. Nanging sedaya punika dipun tilaraken amargi badhe nyaketaken piyambak dhumateng Allah lan ngudi ganjaran saking panjenenganipun. Pramila menika dipunsebat taqwa.

Kadospunika ugi tiyang ingkang shiyam nglatih piyambakipun kangge saya celak dhumateng Allah. Piyambakipun lila ngekang hawa nafsunipun kamangka dheweke menika saged nikmati pinten-pinten rena kenikmatan. Nanging piyambakipun tilaraken amargi piyambakipun ngertos menawi Allah tansah mersani.

Semanten ugi shiyam menika saya ngekang margine setan kangge mlebet lewat saluran rah. Jalaran setan menika ngrasuki manungsa ing saluran rahipun. Rikala shiyam, saluran setan kasebat dados ciyut lan sempit lan akhiripun tumindak maksiyat saya kirang. Tiyang ingkang shiyam inggih saya giat nglampahi ketaatan dhumateng ngarsane Allah Ta’ala.

 اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah shalat Idul Fitri hadâkumullâh Ajma’in

Sasampunipun kita sumerep tujuan shiyam inggih punika kangge nggayuh ketaqwaan, mila saestunipun taqwa dhumateng Allah Ta’ala punika nggadhahi manfaat ageng sae wonten ndonya punapa wonten akhirat. Saget nginggilaken derajat kesaenan donya lan akhirat lan saget nebihaken saking keawonan donya lan akhirat.

Punapa mawon sejatose buah-buah saking ketaqwaan dhumateng Allah ingkang badhe diparingaken dhateng setunggaling tiyang ingkang saget nyandang sifat menika?

Menika buah taqwa lan faedah-faedah ingkang dipun angsali dening tiyang ingkang taqwa kados kang sampun dijelasaken dening Syaikh Muhammad Shalih Al-Munajjid.

Setunggal: Taqwa punika sebab keparingan Rahmat Allah Ta’ala

Kebetahan kaliyan rahmat Allah Ta’ala menika kalebet kebetahan primer setunggaling tiyang kangge gesang donya punika. Cakupan rahmat Allah Ta’ala menika wiyar sanget, amargi Allah Ta’ala nggadhahi nami Ar-Rahman lan Ar-Rahim.

Rahmatipun Allah wiyar, ngliputi sedaya makhluk. Tanpa rahmat Allah Ta’ala menungsa saget binasa lan tuni. Mangga sami midhangetaken firman Allah Ta’ala wonten ing Al-Quran surat Hud ayat 47,

قَالَ رَبِّ اِنِّيْٓ اَعُوْذُ بِكَ اَنْ اَسْـَٔلَكَ مَا لَيْسَ لِيْ بِهٖ عِلْمٌ ۗوَاِلَّا تَغْفِرْ لِيْ وَتَرْحَمْنِيْٓ اَكُنْ مِّنَ الْخٰسِرِيْنَ

Nuh matur: ‘Dhuh Pangeran kulo! Saestu kulo nyuwun reksa dhateng Paduka, saking kalepatan kula, dene kula sampun kami purun melehaken nyuwun ing ngarsa Paduka, perkawis ingkang kulo mboten kersa paring ngapunten, tuwin welas dhumateng kula, estu kula kalebet golonganipun tetiyang ingkang kapitunan.’”

Wonten ing setunggaling riwayat hadits bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda kados dene dipun riwayataken Imam Muslim,

إنَّ لِلَّهِ مِئَةَ رَحْمَةٍ أَنْزَلَ منها رَحْمَةً وَاحِدَةً بيْنَ الجِنِّ وَالإِنْسِ وَالْبَهَائِمِ وَالْهَوَامِّ، فَبِهَا يَتَعَاطَفُونَ، وَبِهَا يَتَرَاحَمُونَ، وَبِهَا تَعْطِفُ الوَحْشُ علَى وَلَدِهَا، وَأَخَّرَ اللَّهُ تِسْعًا وَتِسْعِينَ رَحْمَةً، يَرْحَمُ بِهَا عِبَادَهُ يَومَ القِيَامَةِ

Saktemene Allah ngagungani 100 rahmat. Allah ngandhapaken setunggal rahmat saking 100 rahmat kasebat ing antawis jin, manungsa, kewan, lan serangga. Kanthi rahmat puniku piyambakipun sedaya sami-sami mengasihi lan menyayangi. Kanthi rahmat puniku ugi kewan buas saget sayang anakipun. Lan Allah nunda 99 rahmat kang sisane kangge hambanipun ingkang bertaqwa benjang ing dinten kiamat.

Lan sepisan-pisan ingkang saget nglebetaken tiyang dhateng Jannahipun Allah Ta’ala menika sanes saking amalan sholih hamba menika kemawon. Ananging kathahe jalaran pinaringan rahmat Allah Ta’ala.

Saking Sahabat Abu Hurairah bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda kados dene wonten ing riwayat Imam al-Bukhari lan Muslim,

لَنْ يُدْخِلَ أحَدًا عَمَلُهُ الجَنَّةَ. قَالُوْا: وَلَا أَنْتَ يَا رَسُوْلَ اللَّهِ؟ قَالَ: لَا، وَلَا أَنَا، إلَّا أَنْ يَتَغَمَّدَنِيَ اللَّهُ بفَضْلٍ وَرَحْمَةٍ

Amal salah setunggaling tiyang babar pisan mboten ajeng saged mlebetaken piyambakipun dhateng jannah. Para sahabat sami taken, Mboten ugi panjenengan Rasulullah ?. Rasulullah mangsuli, Ora uga aku, namung Allah wus ngliputi marang aku kanthi fadhilah lan rahmate.

Rahmat Allah Ta’ala menika wonten kalih maceme:

Setunggal: Rahmat ‘Ammah (umum) ingkang nyakup sedaya makhlipun, kelebet tiyang-tiyang kafir, zalim, fasiq.

Rahmat menika sifatipun naming jasadiyah badaniyah dunyawiyah (rahmat fisik duniawi), kados peparing dhaharan, unjukan, ageman, papan la sanes-sanes.

Kalih: Rahmat Khashshah (khusus) ingkang kagungan sifat Imaniyah Diniyah (rahmat agama lan iman)nggih wonten donya utawi akherat.

Kados taufik kangge nindakaken ketaatan dhateng Allah, dipun teguhaken iman, dipun sukani hidayah tumuju margi ingkang lurus, lan dimulyakaken mlebet dhateng jannahipun Allah saha wilujeng saking Neraka.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah shalat Idul Fitri hadâkumullâh Ajma’in

Kalih: Milujengake tiyang wonten donya lan akhirat

Buah taqwa ingkang nomor kalih, bilih taqwa punika milujengake tiyang wonten donya lan akhirat.

Salah setunggal saking semanten kathah ingkang keparing milujengaken pribadi manungsa wonten donya utawi akhirat inggih punika taqwa lan taat ibadah dhateng Allah Ta’ala. Kados punapa ingkang sampung Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam dhawuhaken kados dene dipun riwayataken Imam al-Baihaqi,

ثَلاثٌ مُنَجِّيَاتٌ، وثَلاثٌ مُهْلِكَاتٌ، فَأَمَّا الْمُنَجِّيَاتُ: فَتَقْوَى اللهِ فِي السِّرِّ وَالْعَلانِيَةِ، وَالْقول بالحق فِي الرِّضَا والسخط، وَالْقَصْدُ فِي الْغِنَى وَالْفَقْرِ. وأَمَّا الْمُهْلِكَاتُ: فَشُحٌّ مُطَاعٌ، وَهَوًى مُتَّبَعٌ، وَإِعْجَابُ الْمَرْءِ بِنَفْسِهِ

Ana telu bab kag bisa nylametake lan telu bab kang bisa ngrusak. Kang nylametake watara liya; Taqwa marang Allah ing njero sepi utawa rame, ngomong bener (adil) ing njero kahanan ridha utawa nesu, lan sikap prasaja ing njero kahanan sugih utawa mlarat. Dene kang ngrusak watara liya; Bakhil kang kliwatan, nafsu kang ditumuti, lan ujub karo awake dhewe.

Hadits wonten inggil kanthi teges njlentrehaken sikap-sikap ingkang sami-sami bertentangan. Tigang penyakit ingkang saget ngrisak kamulyan manungsa dados hamba Allah, nebihaken salah setunggaling tiyag saking kebahagiaan akhirat, lan medal saking kalimrahan sugeng dados makhluk wonten donya. Saklajeng tigang bab wangsulanipun menika ingkang milujengaken hamba saking kerisakan-kerisakan penika sedaya.

Wonten ing ngalam donya, Allah sampun njanjekaken dhateng tiyang ingkang taqwa badhe dislametaken saking siksa donya sakderenge mangkeh dislametaken saking siksa neraka.

Allah Ta’ala paring pangandikan wonten ing surat Fushilat ayat 18,

وَنَجَّيْنَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَ

Lan Ingsun nylametake marang wong-wong kang padha iman, lan pada wedhi (bekti) marang Allah.

Ayat menika nyriyosaken kaum nabi Sholeh nalika diajak supados manembah dhumateng Allah Ta’ala. Bilih tiyang ingkang iman lan taqwa utawi ngijabahi dakwah nabi Nuh dipun slametaken saking adzapipun  wonten alam donya.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah shalat Idul Fitri hadâkumullâh Ajma’in

Tiga: Taqwa nglebur Kesalahan lan Milujengaken saking Neraka

Buah taqwa ingkang nomor tiga, bilih taqwa punika nglebur kesalahan lan milujengaken saking neraka.

Saklamine tiyang gesang wonten alam donya menika mestinipun mboten bakal slamet saking naminupun kesalahan utawa dosa-dosa. Menika kalebet ketentuan Allah ingkang sampun dipun takdiraken dhateng pribadi manungsa. Menika pertanda bilih menungsa saestu sanes makhulipun Allah kang sempurna.

Ananging Allah sampun paring solusi dhateng manungsa supados saged lebur sedaya dosa lan salahipun kanthi nindakaken amal sholih kang menika lahir saking sifat taqwa.

Wonten kitab Hadits Arbain karanganipun Imam an-Nawawi disebutaken setunggal hadits Nabi saking Abu Dzar Jundub bin Junadah, Abu Abdurrahman lan Mu’adz bin Jabbal  bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda kados dene dipun riwayataken Imam at-Tirmidzi,

اِتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ

Taqwao marang Allah Ta’ala ing ndi wae sampeyan ana. Iringilah kejelekan iku karo kabecikan niscaya kabecikan iku arep mbuseke (kejelekan). Lan pergaulilah manungso karo pergaulan kang apik.”

Ing antawise keutamaan tiyang kang sampun dilebur dosa-dosane kaliyan Allah Ta’ala inggih menika tiyang kalawau badhe diparingi ganjaran kang kathah lan matikel-tikel. Kados firmanipun Allah wonten ing Al-Quran surat al-‘Ankabut ayat 7,

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَنُكَفِّرَنَّ عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَحْسَنَ الَّذِيْ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ

Dene wong kang iman sarta nindakake laku becik, yekti Ingsun bakal nglebur laku-lakune kang ala, lan temen Ingsun bakal angganjar kalawan kang luwih becik tinimbang amale kang wus padha ditindakake.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah shalat Idul Fitri hadâkumullâh Ajma’in

Sekawan: Keparingan Ma’unah (Pitulungan) Allah

Buah taqwa ingkang nomor sekawan, bilih tiyang ingkang taqwa bakal keparingan ma’unah utawi pitulungan saking Allah subhanahu wata’ala.

Sinten tiyang ingkang gesangipun mboten butuh pitulunganipun Allah Ta’ala? Sedaya menungsa lan makhluk wonten alam donya menika butuh pitulunganipun Allah. Kita saben dinten ikrar wonten ing sholat minimal kaping 17 cacahe. Nggih menika kita ngucap,

اِيَّاكَ نَعْبُدُ وَاِيَّاكَ نَسْتَعِيْنُۗ

Namung dhumateng Paduka piyambak kita sami manembah ibadah, saha namung dhumateng Paduka piyambak kita sami anyenyadhong pitulungan.”(QS. Al-Fātihah: 5)

Ayat ing inggil menika negasaken bilih kita menika tansah butuh pitulunganipun Allah. Jalaran tiyang ingkang saged negakaken ibadah menika kerana angsal pitulunganipun Allah. Pramila menawi kita menika tansah taqwa dhumateng Allah, mila Allah badhe ngandapaken pitulunganipun nalika kita mbetahaken.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ugi tansah maringi pepenget wonten sabdanipun dhateng ponakanipun nggih punika Abdullah bin Abbas ingkang diriwayataken Imam at-Tirmidzi,

يَا غُلاَمُ إِنّي أُعَلِّمُكَ كَلِمَاتٍ: احْفَظِ اللهَ يَحفَظْكَ، احْفَظِ اللهَ تَجِدْهُ تُجَاهَكَ، إِذَاَ سَأَلْتَ فَاسْأَلِ اللهَ، وَإِذَاَ اسْتَعَنتَ فَاسْتَعِن بِاللهِ

He bocah cilik, tenane aku arep ngajari awakmu pirang-pirang perkara: ‘Jaganen Allah, tenane dheweke bakal njaga awakmu, jaganen Allah tenane awakmu bakal menangi Allah ing ngajenge awakmu. Menawa kowe njaluk rupa-rupa penjalukan njaluko marang Allah, menawa sampeyan njaluk pitulungan mula njaluko marang Allah.”

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَهْلِكِ اْلكَفَرَةَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَكَ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِيْ هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِيْ فِيْهَا مَعَاشُنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اللَّتِى إِلَيْهَا مَعَادُنَا، وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِيْ كُلِّ خَيْرٍ، وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَٰجِنَا وَذُرِّيَّـٰتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَٱجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحْمَةً ۚ إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ

 رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِاْلإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ ءَامَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ، وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Idul Fitri 1444 H dakwah.id
Buah Taqwa Saking Ibadah Shiyam ing mriki:

Mugi manfaat!

Ingin beli buku Islam dengan jaminan produk 100% original bukan bajakan?

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *