khutbah jumat bahasa jawa ciri tiyang ingkang ditresnani allah dakwah.id

[PDF] Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ciri Tiyang Ingkang Ditresnani Allah

Terakhir diperbarui pada · 10,824 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Ciri Tiyang Ingkang Ditresnani Allah

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sumangga sesarengan kita tansah maringaken puja lan puji syukur ing ngarsa dalem Allah subhanahu wata’ala, Dzat kang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dhumateng kita sedaya sahingga wonten kesempatan punika kita saget nindakaken pangibadahan dhumateng Allah subhanahu wata’ala.

Shalawat saha salam mugi katetepna dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Mugi kita sedaya pikantuk syafa’atipun dhumateng Allah subhanahu wata’ala.

Saking inggil mimbar punika, khatib paring wasiat dhateng kita sami, utaminipun pribadi khatib piyambak supados tansah usaha ningkataken iman lan takwa dhateng Allah subhanahu wata’ala kanthi cara nindakaken sedaya kewajiban lan nebihi saking sedaya ingkang dipun haramaken.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Tema khutbah ing siang dinten kang minulya inggih menika ciri tiyang ingkang ditresnani Allah subhanahu wata’ala.

Mangga kita sami tansah ikhtiyar kanthi maksimal dados tiyang ingkang ditresnani Allah.

Jalaran menawi kita ditresnani tiyang sepuh, pejabat, tiyang sugih, tiyang kondang kemawon saestu-estu remen sanget. Punapa malih menawi ditresnani Dzat kang nyipto sedaya kalawau. Saklajeng napa kemawon ciri-ciri tiyang ingkang ditrenani Allah?

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Sepisan: Manungsa dipun bukakaken amal shalih sakdereng sedane

Tiyang ingkang pinaringan katresnan saking ngarsanipun Allah inggi punika tiyang ingkang tansah ibadah dhumateng ngarsanipun Allah Ta’ala ngantos dumugining pathi.

Tegesipun tiyang kalawau tansah njumenengaken ibadah sahingga tiyang kalawanu senadyan wus mboten wonten tetep kesaenanipun saget dipun kenang sak laminipun.

Rasulullh shallallahu ‘alaihi wasallam ngendika wonten ing sabdanipun,

‌إِذَا ‌أَرَادَ ‌اللهُ ‌بِعَبْدٍ ‌خَيْرًا ‌اسْتَعْمَلَهُ ” قِيلَ: وَمَا اسْتَعْمَلَهُ؟ قَالَ: ” يُفْتَحُ لَهُ عَمَلٌ صَالِحٌ بَيْنَ يَدَيْ مَوْتِهِ حَتَّى يَرْضَى عَنْهُ مَنْ حَوْلَهُ

Menawa Allah pingin ndamel sae hamba-hambane mila hamba wau bakal diperkejajen. Para sahabat sami tanglet: Kepripun ingkang dimaksud hamba dipekerjakaken?. Nabi dhawuh, dibukakke kangge tiyang amal kesaenan sakdereng sedane sahingga tiyang sak kiwa tengene ridho.” (HR. Ahmad No. 21949)

Kalih: Menawi nindakake dosa, Allah langsung maringaken hukuman duniawi

Wonten ing mriki Allah nedahaken tresnanipun dhateng hamba ingkang ageng. Inggih punika Allah mboten ngeparengaken hamba kalawau dipun siksa wonten ing akhirat. Pramila nalikane hamba nglampahi dosa langsung dipun hukum dening Allah wonten alam donya menika.

Khutbah Jumat bahasa Jawa: Dampak Rezeki Halal Lan Haram

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh,

إِذَا أَرَادَ اللَّهُ بِعَبْدِهِ الْخَيْرَ عَجَّلَ لَهُ الْعُقُوبَةَ فِى الدُّنْيَا وَإِذَا أَرَادَ اللَّهُ بِعَبْدِهِ الشَّرَّ أَمْسَكَ عَنْهُ بِذَنْبِهِ حَتَّى يُوَفَّى بِهِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ

Menawa Allah ngersakaken sae dhateng hambanipun Allah badhe nggagekaken ukumane wonten ini dunya. Lan menawa Allah ngersakake dhateng hambane keawonan, Insun  badhe tahan ukumanipun ngantos dipun timpakaken kanthi sempurna ing dina kiyamat.”(HR. At-Tirmidzi No. 2396)

Tiga: Allah badhe maringi ujian marang piyambakipun

Hamba kang diuji dening Allah menika sejatose mboten tiyang kang dipun inakaken Allah. Ananging ujian menika pinangkata Allah pingin ningkataken kuwalitas iman hambanipun.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring pangandikan,

‌مَنْ ‌يُرِدِ ‌اللَّهُ ‌بِهِ ‌خَيْراً ‌يُصِبْ مِنْهُ

Sinten kang dikersakaken Allah kesaenan Allah bakal paring musibah marang piyambakipun.” (HR. Al-Bukhari No. 5321)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Sekawan: Tiyang ingkang purun bersabar

Sabar menika mboten wonten batesanipun. Sinten mawon kang hanggadhahi pemanggih bilih sabar menika wonten batesipun, estu tiyang menika kelentu. Kranten sabar menika ibadah lan ngibadah dhumateng Allah menika ngantos temuning pati.

Rasulullah ngendika,

وَاللّٰهُ يُحِبُّ الصّٰبِرِيْنَ

Lan Ingsun Allah ngremeni tiyang-tiyang sabar.”(QS. Ali Imran: 146)

Gangsal: Allah badhe maringi ilmu tiyang ingkang sabar

Kanggenipun ulama, guru, ustadz bilih  ilmu menika perkawis ingkang penting sanget. Kanthi ilmu kita saged pinaringan keutamaan ingkang kathah lan kesainen ingkang kathah.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: 4 Sifat Tiyang Ingkang Khusyuk

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam dhawuh,

مَنْ يُرِدِ اللَّهُ بِهِ خَيْرًا يُفَقِّهْهُ فِي الدِّيْنِ

Sinten ingkang dipun kersakaken Allah sae badhe dipun fahamaken urusan agamane. (HR. Al-Bukhari No. 71)

Jamaah shalat Jumat Ingkang Berbahagia

Mekaten materi khutbah Jumat babakan ciri tiyang ingkang ditersnani Allah subhanahu wata’ala ingkang saget kawulo sampekaken, mugio saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Ciri Tiyang Ingkang Ditresnani Allah ing mriki:

Mugi Manfaat!

Materi Khutbah Jumat Terbaru:

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

1 Tanggapan

bagus snagat membantu untuk materi kutbat jumat terima kadi

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *