Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tiga Amal Kang Utama dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tiga Amal Kang Utama

Terakhir diperbarui pada · 3,931 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Tiga Amal Kang Utama

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّورَ ثُمَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sumangga kula ajak sesarengan sami ningkataken lan nambahi syukur kita dhumateng sadaya peparingipun Allah subhanahu wata’ala, Allah ingkang Maha Welas lan Maha Asih.

Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah subhanahu wata’ala. dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang mituhu ndherek dhawuhipun. Amin

Sumangga kita tansah numbuh suburaken iman saha takwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala wonten ing margi tansah njumenengaken sadaya dhawuhipun lan nebihi sedaya pepacuhipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Sedaya tiyang Islam yakin bilih piyambakipun sak wekdal-wekdal badhe wangsul sowan dhateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala. Jalaran mejahi lan gesangaken menika dados wewenangipun Gusti Allah subhanahu wata’ala. Antiwisipun bukti bilih kita bakal sowan wangsul dhateng ngarsanipun Allah inggih punika nalikaning kita kinging musibah utawi mirengaken sederek kita kinging musibah, lisan kita spontas ngucap Inna lillahi wa Inna Ilaihi Raji’un.

Jumbuh kaliyan pangandikan Allah subhanahu wata’ala wonten ing al-Quran,

اَلَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ مُّصِيْبَةٌ ۗ قَالُوْٓا اِنَّا لِلّٰهِ وَاِنَّآ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَۗ

“Yaiku wong-wong kang Manawa kataman pancabaya padha ngucap munjuk atur dhedhepe marang Allah: Sanyata aku kabeh iki kagunganing Allah, lan aku kabeh bakal padha sowan katimbalan panjenenga-Ne.” (QS. Al-Baqarah: 156)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Wangsul kita wonten ngarsanipun Allah menika mboten mung wangsul kemawon, ananging kita sedaya samangkeh badhe disuwuni tanggung jawab amal lan lelaku kita ten alam donya. Mboten saget selak utawi endho saking menika kalawau.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam nggadhahi pangandikan,

لاَ تَزُولُ قَدَمَا عَبْدٍ يَوْمَ الْقِيَامَةِ حَتَّى يُسْأَلَ عَنْ عُمْرِهِ فِيمَا أَفْنَاهُ وَعَنْ عِلْمِهِ فِيمَا فَعَلَ وَعَنْ مَالِهِ مِنْ أَيْنَ اكْتَسَبَهُ وَفِيمَا أَنْفَقَهُ وَعَنْ جِسْمِهِ فِيمَا أَبْلاَهُ

Ora bakal wani hambaning Allah hanggeserake sukune kang loro sakdurunge ditakoni siji babagan umure digunakake kanggo apa, babagan ilmune kanggo apa diamalake, babagan bandha saka ngendhi olehe lan kanggo sapa diblanjakake, lan babagan jasad kanggo apa dimanfaatake.” (HR. At-Tirmidzi No. 2417)

Pramila mangga ngempalaken amal kagem bekal sangu sowan wangsul dhateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala kanthi bekal kang cukup lan ndayani. 

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Wonten tiga amal kang utama kangge bekal sangu sowan wangsul dhateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala,

Sepisan: Tilawah al-Quran Surat Al-Mulk

Amal kang utama ingkang sepindah nggih punika tilawah utawi ngaji surat al-mulk.

Al-Quran Al-Karim menika sedayanipun hanggadhahi keutamaan. Ananging wonten pinten-pinten surat kang wonten fadhilah khusus menawi kita waos tentunipun badhe pinaringan ganjaran agung lan fadhilah utami. Ing antawisipun inggih punika surat Al-Mulk utawi surat Tabarak.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh wonten sabdanipun,

إِنَّ سُورَةً فِي الْقُرْآنِ ثَلَاثُونَ آيَةً ‌شَفَعَتْ ‌لِصَاحِبِهَا ‌حَتَّى ‌غُفِرَ ‌لَهُ: تَبَارَكَ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ

Saktemenipun wonten ing al-Quran satunggal surat kang cacah ayatipun telungpuluh ayat; menika sakmangkeh badhe paring syafaat tiyang kang tansah tilawah, inggih punika; Tabarakalladzi biyadihilmulku.”(HR. Ibnu Majah No. 3786)

Kaping kalih : Ngudi Ilmu Agami

Amal kang utama kaping kalih nggih punika ngudi ilmu agami. Saktemenipun amal ibadah ngudi ilmu agami utawi istilahipun thalabul ilmi menika kalebet amalan utami ingkang nggadhahi fadhilah agung lan minulya.

Wonten ulama kang naminipun Ibnu Rajab al-Hambali njelasaken bilih amal thalabul ilmi menika satunggaling amalan ingkang saget mbeto tiyang cepet mlebet suarganipun Allah subhanahu wata’ala.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh saking hadits Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu,

وَمَنْ سَلَكَ طَرِيقًا يَلْتَمِسُ فِيهِ عِلْمًا سَهَّلَ اللَّهُ لَهُ بِهِ طَرِيقًا إِلَى الْجَنَّةِ

“Sinten kemawon kang niti margi kanti niat thalabul ilmu, maka Allah bakal paring gampang anggone niti margi dhateng surgane.”(HR. Muslim No. 2699)

Kaping tiga: Sedekah

Amal kang utama kaping tiga nggih punika sedekah. Enten setunggal amalan ingkang digetuni tiyang benjang ing dinten kiyamat,

وَاَنْفِقُوْا مِنْ مَّا رَزَقْنٰكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ فَيَقُوْلَ رَبِّ لَوْلَآ اَخَّرْتَنِيْٓ اِلٰٓى اَجَلٍ قَرِيْبٍۚ فَاَصَّدَّقَ وَاَكُنْ مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ

“Lan sira padha ananjakna dedana saka rezeki kang wus Ingsun paringake marang sira kabeh, sadurunge salah sijinira katekan ing pati, temahan banjur matur: Dhuh Allah pangeran kula! mugi paduka paring inah sakedhap kemawon, kulo badhe sedhekah, lan kula badhe dados golonganipun tiyang ingkang sami shaleh.”(QS. Al-Munāfiqūn: 10)

Jalaran amal menika digetuni wonten ing akhirat samangkeh, menika nedhahaken keutamaanipun.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten materi khutbah Jumat babagan tiga amal kang utama ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Tiga Amal Kang Utama ing mriki:

Mugi Manfaat!

Materi Khutbah Terbaru:

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *