Khutbah Jumat Bahasa Jawa supados Nikmat Mboten Dados Laknat dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa Supados Nikmat Mboten Dados Laknat

Terakhir diperbarui pada · 1,744 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Supados Nikmat Mboten Dados Laknat

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir postingan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Hangawali khutbah Jumat dinten punika, kula ngajak dhumateng kula piyambak lan ugi dhumateng sedaya jamaah, sumangga kula dherekaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmatipun Allah subhanahu wata’ala ingkang sampun lan taksih diparingaken dhumateng kita. Mugio nikmat menika wau saget nambahi ketaqwaan kita dhumateng Allah subhanahu wata’ala.

Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah subhanahu wata’ala. dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang mituhu ndherek dhawuhipun. Amin

Sumangga kita tansah ikhtiyar ningkataken iman saha takwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala wonten ing margi tansah njumenengaken sadaya dhawuhipun lan nebihi sedaya pepacuhipun.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”(QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Allah subhanahu wata’ala punika sejatosipun sampun paring satunggaling rupa nikmat agung dhumateng menungsa, ingkang tujuwanipun kirang langkung kangge kelajengan gesang lan nyukupi kebetahanipun. Nikmat menika wau naminipun toya ingkang mandap saking langitipun Allah subhanahu wata’ala utawi jawah.

Allah subhanahu wata’ala ngendika wonten ing al-Quran,

Lan panjenengane Allah kang wus ngutus angina dadi bebungah kang ana ing sangarepe sihe (udan). Lan ingsung wus nurunake banyu kang suci saka langit. Perlu Sun nggo nguripake Negara (palemahan) kang mati, lan Sun nggo ngombeni barang kang wus Sun titahake, yaiku raja-kaya sapirang-pirang lan manungsa kang akeh banget. (QS. Al-Furqan: 48-49)

Allah subhanahu wata’ala paring nikmat ingkang ageng sanget. Hananging kathah ing antawisipun kita manungsa boten purun syukur. Malah kita tansah tumindak kufur, nuruti hawa nafsu, handherek panggodanipun setan laknatullah alaih.

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Amargi sebab menika, Allah subhanahu wata’ala ngewahi nikmat dados laknat utawi bencana ingkang nyusahaken. Allah ndawahaken sandhangan keluwen (libasul Ju’), lan sandangan ajrih (libasul khauf).

Allah subhanahu wata’ala ngendika wonten ing al-Quran,

Lan Allah andamel sanepa ing sawijining Negara, kang kahanane biyen aman lan tata tentrem, ahline tetep, rezekine jembar maprah-maprah tekane marang Negara iku saka ngendi-endi panggonan, nanging para warganing Negara mau banjur nyelaki kanikmataning Allah, Allah nuli ngicipake marang wong-wong mau: rasa ngelih (paceklik) lan rasa wedi, jalara perkara kang wus padha ditindakke.(QS. An-Nahl: 112)

Bencana sing diraosaken menika mujudaken undhuh-undhuhan saking tumindak kita ingkang boten purun bektos lan taat dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala. Jumbuh kaliyan menapa ingkang dipun dhawuhaken Allah wonten ing al-Quran,

Wus nyata lahir karusakan ana ing dharatan la nana ing lautan kagawa saka barang (kahanan) kang padha ditindakake dening tangan-tanganing manungsa, jalaran Allah karsa ngicipake marang wong-wong mau sawenehe siksa sabab dosa kang wus padha ditindakake, muga-muga wong-wong mau padha bali menyang dalan kang bener.(QS. Ar-Rum: 41)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Pramila, agami Islam paring ajaran dhumateng kita sedaya supados usaha nindakaken perkawis ingkang maringi manfaat nebihaken saking azabipun Allah.

Ajaran punika naminipun Istighfar (nyuwun pangapuraning gusti Allah). Amalan menika yaiku istighfar saged mujudaken kekiyatan wonten batos kita.

Istighfar punika salah satunggaling cara utawi solusi Allah subhanahu wata’ala nebihaken kita sadaya saking azab. Ugi Istighfar punika dados sarana tolak balak.

Allah subhanahu wata’ala ngendika wonten ing al-Quran,

Nanging Allah ora bakal nyiksa marang wong-wong mau, yen sira pinuju ana ing kono, lan PanjenengaNe uga ora karsa anyiksa marang wong-wong mau. Kang pinuju wong-wong mau padha nyuwun ngapura.(QS. Al-Anfal: 33)

Semanten ugi, bilih istighfar dhumateng Allah subhanahu wata’ala, kita ngakeni kathah-kathah dosa ing di tindakaken, lan mboten handuweni sifat sombong lan sarwa gumbedhe wonten ing panggesangan menika yektos saget ndadosaken nikmat linangkung dipun tambah Allah lan mboten di dadosaken azab.

Allah subhanahu wata’ala ngendika wonten ing al-Quran,

Lan maneh he kaumku, nyuwuna pangapura marang Pangeranira, banjur tobato marang PanjenengaNe, yekti ing mengko PanjenengaNe nurunake udan kang ora leren-leren, lan PanjenegaNe nambahi kekuwatan marang kekuwatanira kang wus ana, lan sira aja nulak marang nasehatku, kalawan tumindak dosa.(QS. Hud: 52)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Mekaten khutbah Jumat babagan ngusahani nikmat mboten dados azab kang saget khotib sampekaken. Mugi saget kita pendhet faidahipun lan mampu kita amalaken.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Supados Nikmat Mboten Dados Laknat ing mriki:

DOWNLOAD PDF

Mugi manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *