Khutbah Jumat Bahasa Jawa Pengaruh Al-Quran Tumrap Panggesangan dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa Pengaruh Al-Quran Tumrap Panggesangan

Terakhir diperbarui pada · 1,416 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Pengaruh Al-Quran Tumrap Panggesangan

Oleh: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

 

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir postingan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala

Sumangga, kula dherekaken sesarengan mbudidaya lan nambahi syukur dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala kanthi kita sedaya tansah njumenengaken dhawuh ibadah ingkang sampun dipun fardhu’aken punapa ingkang dipun sunnahaken.

Shalawat ugi salam tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan sedaya tiyang ingkang manut lan mituhu dhumateng tuladhanipun. Amin ya rabbal alamin.

Mboten katalumpen kula dherekaken sesarengan mbudidaya lan ningkataken taqwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala ing pangajab mugi-mugi gesang kita tansah wilujeng, ayem, tentrem kalis saking rubeda wiwit ing alam donya punika ngantos benjang wonten ing alam akhirat.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”  (QS. Ali Imran: 102)

 

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala

Al-Quran menika mukjizat agung lan langgeng kanggenipun agami Islam, dipun wahyukaken dhumateng kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam lan banjur Nabi ngajaraken marang umatipun.

Para Nabi sakderengipun Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam diparingi mukjizat ingkang ndadosaken para umatipun purun beriman, lajeng mukjizat menika wau dipun angkat kanthi sedanipun Nabi lan telasipun generasi saking umat Nabi ingkang diutus.

Allah subhanahu wata’ala ngendika wonten ing al-Quran,

Saktemene Ingsun pribadi kang wus nurunake al-Quran, lan Ingsun pribadi kang anjaga ing Quran iku.(QS. Al-Hijr: 9)

Allah subhanahu wata’ala ngendika malih wonten ing al-Quran,

Barang kang batal itu ora bisa nekani marang Quran saka ing ngarep utawa buri, Quran iku tinurunake, terang saka ngarsa dalem Dzat kang Maha Wicaksana tur Maha Pinuji.(QS. Fushshilat: 42)

Imam Qatadah njelasaken ayat menika, bilih Allah subhanahu wata’ala ngreksa al-Quran saking setan kang pingin nambahi kebatilan lan ngurangi keleresanipun.

Rasulullah paring pangandikan,

مَا مِنَ الأَنْبِيَاءِ نَبِيٌّ إِلَّا أُعْطِيَ مَا مِثْلهُ آمَنَ عَلَيْهِ البَشَرُ، وَإِنَّمَا كَانَ الَّذِي أُوتِيتُ وَحْيًا أَوْحَاهُ اللَّهُ إِلَيَّ، فَأَرْجُو أَنْ أَكُونَ أَكْثَرَهُمْ تَابِعًا يَوْمَ القِيَامَةِ

Mboten wonten setunggal punapa Nabi kejawi dipun paringi pirang-pirang mukjizat kang ora bisa dipadani menungsa sahingga menungsa padha gelem iman. Ananging kang diparingake Allah marang dhewekku (Muhammad) kuwi wahyu saka ngarsane Allah subhanahu wata’ala. Mulane aku (Muhammad) njaluk supaya didadekake Nabi kang paling akeh umate.” (HR. Al-Bukhari)

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala

Ing antawise mukjizat al-Quran nggih menika hanggadahi atsar utawi pengaruh wonten ing panggesangan menungsa.

Mbok bilih pengaruh al-Quran tumrap jiwa menungsa menika perkawis ingkang mboten saget dipun bantah, sae menika pengaruh lafadz-lafadzi pun punapa ugi kandungan maknanipun, utawi cocokipun isi al-Quran kalian ilmu sains lan sak piturutipun.

Allah ngendika wonten ing al-Quran,

Apa dheweke iku ora padha nalar-nalar isining al-Quran, apa atine wus digembok?(QS. Muhammad: 24)

Tegesipun bilih tiyang ingkang mboten saget ngraosaken pengaruh al-Quran menika namung tiyang ingkang atinipun kenging gembok lan ingkang mboten purun nalar.

Wonten ing mriki kita sampekaken sokmbotene 3 poin kemawon pengaruh al-Quran ing panggesangan menungsa:

Sepisan: Al-Quran Ngluluhaken Ati kang Kufur lan Sesat

Menika mukjizat al-Quran, inggih punika saget ngluluhaken ati menungsa kang sakderengipun atos kebak kekufuran dados ati kang lembut kerso nampi lan ngakeni kesaenanipun al-Quran.

Wonten ing lembaran sejarah Nabi dijelasaken bilih setunggal tokoh musyrik. Naminipun Utbah bin Rabi’ah. Utbah dipun printah penggedhe tokoh musyrik supados manggihi Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Sak sampune Utbah dumugi wonten ngarso Nabi Muhammad lajeng kanjeng Nabi maosaken firmanipun Allah,

الۤمّۤ ۗ تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ لَا رَيْبَ فِيْهِ مِنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَۗ

Aliif Laam Miim (Hamung Allah Pribadi Kang Nupiksa Maksude). Kitab Quran iki diturunake ora kemamangan maneh terang saka ngarsa Dalem Allah Pangeraning ‘Alam Jagad pramudita.(QS. As-Sajdah: 1)

Lan ayat-ayat sak piturutipun dipun waosaken kanjeng Nabi dhumateng Utbah bin Rabi’ah. Mireng menika Utbah banjur wangsung dhumateng kaumipun lan saking tebihan ketingal rai utawi wajahipun Utbah, sahingga sami kandha: Utbah teko kanthi wajah sing mbedani tinimbang wajah nalikaning mangkat ngadep kanjeng Nabi Muhammad.

Jebule kang ndadekake wajahe Utbah maleh yaiku wacanan ayat-ayat al-Quran kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Menika bukti bilih al-Quran menika pancen maringi pengaruh ingkang ageng tumrap kahanan psikologis menungsa.

Kalih: Al-Quran Nglembutaken Ati kang Abot

Menika keluwihanipun al-Quran, saget nglembutaken ati ingkat abot utawi atos. Ngantos tiyang menika saget sujud lan nangis jalaran mirengaken waosan al-Quran.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan wonten ing al-Quran,

قُلْ اٰمِنُوْا بِهٖٓ اَوْ لَا تُؤْمِنُوْاۗ اِنَّ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ مِنْ قَبْلِهٖٓ اِذَا يُتْلٰى عَلَيْهِمْ يَخِرُّوْنَ لِلْاَذْقَانِ سُجَّدًاۙ

Dhawuha sira Muhammad: ‘Imana sira kabeh kelawan al-Quran utawa saja iman sira kabeh. Setuhune wong-wong kang den paringi ilmu sangking sedurunge, tetkalane diwaca ing atase, mangka pada jungkel ing atase pira-pira rahi hale pada sujud!” (QS. Al-Isra’: 107)

Kayadene kisahipun Umar bin Khattab ingkang dingertosi satunggaling tokoh quraisy kang garang lan galak musuhi Quran, lan remenipun ngalangi dakwahipun Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam dipun criosaken bilih Umar nate medal griyo saperlu badhe mejahi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam kranten Rasulullah sampun dianggep dados tiyang ingkang ngrisak pesedulurane umat menungsa.

Wonten margi Umar kepanggih kalih sahabat sanes lanjeng tiyang kalawau matu, “Orasah ngurusi Muhammad, mergo adimu (Fatimah) wis dadi wong Islam!”

Mirengaken berita menika, Umar lajeng wangsul manggihi Fatimah, adikipun, ingkang sampun mlebet Islam. Lajeng Umar kalap banjur nggebuk adikipun wekdal semanten nembe maos al-Quran,

طه (١) مَا أَنزلْنَا عَلَيْكَ الْقُرْآنَ لِتَشْقَى (٢) إِلا تَذْكِرَةً لِمَنْ يَخْشَى (٣) تَنزيلا مِمَّنْ خَلَقَ الأرْضَ وَالسَّمَاوَاتِ الْعُلا (٤) الرَّحْمَنُ عَلَى الْعَرْشِ اسْتَوَى (٥)

Tha Ha. Anggon Ingsun nurunake Quran marang sira Muhammad, ora murih nandang cilaka. Ananging Ingsun nurunake al-Quran iku, ora liya supaya dadi pepeling tumrap wong kang taqwa. Quran iku tumurunsaka ngarsaning Allah, Pangeran kang wus karya Bumi lan langit-langit kang dhuwur.  (QS. Thaha: 1-4)

Sakbanjuripun Umar bin Khattab dados sahabat Nabi ingkang gampil nangis nalikaning maca utawi mirengaken wacanan al-Quran. Abdullah bin Umar putranipun saktunggaling wekdal shalat wonten sak wingkine bapakipun; Umar.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: 4 Sifat Tiyang Ingkang Khusyuk

Dimirengaken suara kang seru saking tangisanipun Umar, kamongko Ibnu Umar piyambak sholat wonten ing shaf kaping tiga, ananging cetho ngrungokaken suara tangisipun Umar. Wekdal menika Umar maos ayatipun Allah subhanahu wata’ala,

قَالَ اِنَّمَآ اَشْكُوْا بَثِّيْ وَحُزْنِيْٓ اِلَى اللّٰهِ وَاَعْلَمُ مِنَ اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ

Ya’qub ngendika: Satemene ora ana liya aku ngunjukake bangeting prihatin, lan kasusahanku kajaba mung marang Allah pribadi, lan aku sumurup saka ngarsane Allah perkara kang sira ora padha sumurup.(QS. Yusuf: 86)

Semanten ugi nalikaning Umar maca ayat 7 saking surat at-Thur kang uninipun,

اِنَّ عَذَابَ رَبِّكَ لَوَاقِعٌۙ

Sanyata siksane Pangeranira mesthi bakal kelalon.(QS. Ath-Thur: 7)

Piyambakipun banjur nangis kanthi banter karana ajrih dhumateng Allah subhanahu wata’ala.

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala

Tiga: Al-Quran Nrenyuhaken Ati Wong kang Tumindak Dosa

Sak estu bilih al-Quran menika saget ndamel manah tiyang saget trenyuh, sinadyan menika tiyang ingkang kathah maksiyatipun. Kados punapa ingkang dialami Alim generasi Tabi’in naminipun Fudhail bin Iyyadh.

Fudhail menika sakderengipun pinaringan hidayah inggih tiyang awon kang gaweanipun maling. Satunggaleng wekdal Fudhil manggi kafilah dagang ingkang maosaken firman Allah subhanahu wata’ala,

اَلَمْ يَأْنِ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْ تَخْشَعَ قُلُوْبُهُمْ لِذِكْرِ اللّٰهِ وَمَا نَزَلَ مِنَ الْحَقِّۙ وَلَا يَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلُ فَطَالَ عَلَيْهِمُ الْاَمَدُ فَقَسَتْ قُلُوْبُهُمْۗ وَكَثِيْرٌ مِّنْهُمْ فٰسِقُوْنَ

“Apa durung mangsane para wong Mu’min konjem atine marang Allah, sarta wong-wong iku aja kaya kahanane wong wong ahli kitab sakdurunge, jalaran wus kasuwen mangsane (ana ing kelalen), nganti atos atine, sarta akeh-akeh wong mau padha fasik (duraka).(QS. Al-Hadid: 16)

Fudhail akhiripun taubat dhumateng Allah kanthi saktenane taubat sehingga ndadosaken piyambakipun saget dados ulama ingkang dipun hormati lan dados rujukanipun umat.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: 4 Cara Nggayuh Kebahagiaan

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala

Mekaten khutbah Jumat babagan pengaruh al-Quran tumrap panggesangan menungsa kang saget khatib sampekaken wonten siang punika. Mugi saget kita pendhet faidahipun lan mampu kita amalaken ilmunipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 

 

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Pengaruh Al-Quran Tumrap Panggesangan ing mriki:

DOWNLOAD PDF

Mugi manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

2 Tanggapan

matur swuuun mugi manfaat

Matur nuwun sangat bermanfaat

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *