Khutbah Jumat Bahasa Jawa Ngudi Amal Jariyah Rikala Gesang dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngudi Amal Jariyah Rikala Gesang

Terakhir diperbarui pada · 3,740 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Ngudi Amal Jariyah Rikala Gesang

Oleh: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّورَ ثُمَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Mangga kita sami tansah ngathah-ngathahi raos puji dalasan syukur dhumateng ngarsa dalem Allah subhanahu wata’ala kalawan samudayanipun nikmat, peparing lan anugerah ingkang sampun dipun paringaken dhumateng kita sedaya. Sae menika nikmat Iman sarta Islam punapa ugi nikmat kesehatan lan kesempatan.

Shalawat lan salam mugi tansah Allah subhanahu wata’ala curahaken dhumateng junjungan kita Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam, mugi sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang tansah mituhu ndherek dhawuhipun. Amin.

Mangga, kita sami tansah usaha ningkataken raos taqwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala kanthi netepi perintah-perintahipun lan nebihi sedaya awisan-awisanipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Salah sawijining kesaenan wonten ing ndalem agami Islam inggih punika wonten amal shalih kang ganjarane tansah mili lan ora bakal pedhot sinadyan tiyang kang nindakake wus sedho. Menika ingkang kasebat amal jariyah. Menika perkawis ingkang ndadekake tiyang mukmin dados tiyang kang nggadhahi kamulyan kang inggil lan gedhe.

Sakyektine amal jariyah niku kathah renone, mboten dibatesi amal-amal kang sampun kita ngertosi sing cacahe tiga menika. Kados ingkang dipun sebataken wonten ing hadits riwayat Imam muslim saking sahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, bilih kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam dhawuh,

إِذَا مَاتَ الإنْسَانُ انْقَطَعَ عنْه عَمَلُهُ إِلَّا مِن ثَلَاثَةٍ: إِلَّا مِن صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ، أَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ، أَوْ وَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو له

Bakal pedhot kabeh perkara amal manungsa nalika wus teko patine kejaba telu; sedekah jariyah, ilmu kang manfaat (diamalake) utawa anak shalih sing tansah ndongakake wong tuwane.” (HR. Muslim No. 1631)

Pramila wonten ing mriki, khotib sampekaken seperangan amal kang klebet ing istilahipun amal jariyah:

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Amal Jariyah Nomer Setunggal: Sedekah Jariyah

Maksud sedekah jariyah inggih punika wakaf kesaenan. Sak lamine wakaf menika taksih dimanfaatake tiyang, ganjarane tansah mili dhateng tiyang ingkang wakaf menika.

Amal jenis menika renone kathah sanget, antawisipun nyetak mushaf al-Quran banjur dipun bagekaken kanthi gratis, semanten ugi kitab-kitab hadits, lan kitab-kitab agami kang manfaat.

Mbangun masjid kanthi niat padhos ridhanipun Allah Ta’ala. Numbasaken kendaraan kangge sarana dakwah khususipun wonten daerah-daerah pelosok. Kalebet amal jariyah inggih punika renovasi margi-margi kang sampun risak.

Saking Sahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh,

إِنَّ مِمَّا يَلْحَقُ الْمُؤْمِنَ مِنْ عَمَلِهِ وَحَسَنَاتِهِ ‌بَعْدَ ‌مَوْتِهِ ‌عِلْمًا ‌عَلَّمَهُ ‌وَنَشَرَهُ، وَوَلَدًا صَالِحًا تَرَكَهُ، وَمُصْحَفًا وَرَّثَهُ، أَوْ مَسْجِدًا بَنَاهُ، أَوْ بَيْتًا لِابْنِ السَّبِيلِ بَنَاهُ، أَوْ نَهْرًا أَجْرَاهُ، أَوْ صَدَقَةً أَخْرَجَهَا مِنْ مَالِهِ فِي صِحَّتِهِ وَحَيَاتِهِ، يَلْحَقُهُ مِنْ بَعْدِ مَوْتِهِ

Saktemene amalan lan kesaenan tiyang iman sing bakal tekan marang piyambake sak barsedone yaiku ilmu kang diajarake, anak shalih sing ditinggalke lan mushaf al-quran kang diwarisake. Utawa masjid kang dibangun, omah kanggone ibnu sabil kang dibangun utawa banyu kang dialirake utawa sedekah kang didermakake rikala gesange.” (HR. Ibnu Majah No: 242)

Amal Jariyah Nomer Kalih: Ilmu kang Manfaat

Ilmu ingkang saget manfaat inggih punika ilmu kang dimanfaataken tiyang sanes kerana pentingipun ilmu menika wau. Sing dimaksud inggih punika ilmu syar’i utawi ilmu akhirat. Ilmu babagan halal lan haram, ilmu babagan ibadah, akidah, lan sanesipun.

Pertanyaanipun menawi ilmu menika naming jenise ilmu duniawi dos pundi, punapa saget manfaati? Syekh Muhammad bin Shalih al-Utsaimin njelasaken bilih ilmu menika sifate umum, nopo mawon ilmu kang manfaat lan saget diamalaken tiyang sanes. Ananging tetep kang paling utama nggih punika ilmu syar’i.

Amal Jariyah Nomer Tiga: Anak kang shalih

Para alim ulama njelasaken kang diarani anak shalih nggih menika anak mukmin. Anak kang saestu iman dhumateng Allah, Rasul lan sedaya rukun iman sarta syariat-syariat agami.

Sahingga penjelasana wonten ing hadits babagan amal jariyah anak shalih ingkang ndongakke tiyang sepuh menika umum. Maknanipun sak lamine anak menika shalih, ndongakne punapa mboten tetep tiyang sepuh pikantuk ganjaranipun.

Amal Jariyah Nomer Sekawan: Nandur wit kang Ana Buahe

Perkawis menika jumbuh kaliyan hadits Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam,

مَا مِنْ ‌مُسْلِمٍ ‌يَغْرِسُ ‌غَرْسًا أَوْ يَزْرَعُ زَرْعًا، فَيَأْكُلَ مِنْهُ طَيْرٌ، أَوْ إِنْسَانٌ، أَوْ بَهِيمَةٌ، إِلَّا كَانَ لَهُ بِهِ صَدَقَةٌ

Ora ana tiyang Islam kang nandur bibit utawi tanduran ing bumi, sakbanjur ana manuk utawa manungsa utawa kewan mangan saka menika kajaba bakal dadi sedekah kanggo dhewe’e.” (HR. Al-Bukhari No: 2320)

Amal Jariyah Nomer Gangsal: Dakwah Islam

Dakwah dhumateng Allah subhanahu wata’ala menika kagolong amal jariyah, kados dene hadits Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu,

‌مَنْ ‌دَعَا ‌إِلَى ‌هُدًى كَانَ لَهُ مِنَ الْأَجْرِ مِثْلُ أُجُورِ مَنْ تَبِعَهُ، لَا يَنْقُصُ ذَلِكَ مِنْ أُجُورِهِمْ شَيْئًا، وَمَنْ دَعَا إِلَى ضَلَالَةٍ كَانَ عَلَيْهِ مِنَ الْإِثْمِ مِثْلُ آثَامِ مَنْ تَبِعَهُ، لَا يَنْقُصُ ذَلِكَ مِنْ آثَامِهِمْ شَيْئًا

Sapa wonge kang ngajak marang hidayah, bakal pikantuk ganjaran kaya dene ganjarane tiyang sing ngamalake. Ora bakal dikurangi sepiro wae saka ganjarane. Lan sopo wae kang ngajak marang kesesatan bakal pikantuk dosa kaya dene dosane wong kang ngamalake. Ora bakal dikurangi sepiro wae saka dosane.”(HR. Muslim No. 2674)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Ngudi Amal Jariyah Rikala Gesang ing mriki:

Mugi Manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *