Khutbah Jumat Bahasa Jawa Hakekat Lan Faedah Qanaah dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Hakekat Lan Faedah Qanaah

Terakhir diperbarui pada · 2,260 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Hakekat Lan Faedah Qanaah

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّورَ ثُمَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sampun sakmesthinipun kadados kawula kang alit lan ringkih kita sadaya kedah mbudhidhaya lan ningkataken raos puji dalasan syukur dhumateng ngarso dalem Allah subhanahu wata’ala kalawan samudayanipun nikmat, peparing lan anugerahipun.

Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah subhanahu wata’ala. dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, para kulawarga, sahabat, lan sadaya tiyang ingkang mituhu ndherek dhawuhipun. Amin.

Mangga, kita ningkataken raos taqwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala kanthi netepi perintah-perintahipun lan nebihi sedaya awisan-awisanipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Qanaah menika sebutanipun tiyang jawi inggih punika “narimo ing pandum,” tegese narimo ing panduming Allah subhanahu wata’ala tumrap piyambakipun sepinteno kemawon wujud lan rupanipun. Sok sintena kaparingan sifat meniko, estu piyambakipun piyantun kang begjo kemayangan.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda saking riwayat sahabat Fudhalah bin Ubaid Al-Anshari,

طُوبَى لِمَنْ هُدِيَ إِلَى الْإِسْلَامِ وَكَانَ عَيْشُهُ كَفَافًا وَقَنَعَ

Begjo kemayangan wong kang dituduhaken marang Islam, lan panguripane sederhana lan deweke nrimo.”(HR. At-Tirmidzi No. 2349)

Punapa saget mekaten? amargi raos qanaah punika saged nuwuhaken katentreman utawi karaharjaning gesang. Kanthi qanaah manungsa lajeng tansah emut dhumateng Allah subhanahu wata’ala lan piyambakipun badhe ngrumaosi bilih punapa perkawis engkang dipun hasilaken menika peparing saking ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala lan dados jatahipun.

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Ing antawise faedah qanaah nggih punika saget ngiyati iman lan ngiyati tsiqah (pracaya) dhumateng kuaosipun Allah Ta’ala. Sakbanjur manahipun tiyang iman saya ridha dhumateng katemtuanipun lan panduming Allah.

Sok sintena qanaah marang jatah rezekine, mula tiyang niku naminipun mukmin qani’ (mukmin kang qanaah). Dhewekipun yakin bilih Allah sampun anjamin rezeki sadaya hamba lan Allah hambagi miturut hikmahipun ngantos tiyang qani’ menika mboten gadhah punapa-punapa.

Imam Ahmad bin Hambal paring nasehat, “Dina kang paling mbungahake awakku nalikane ana ing wektu esuk ora ndhuweni punapa-punapa.

Imam Hasan ugi paring nasehat, “Sing diarani wong kayak ciyut yakine yaiku wong kang luwih percaya marang apa wae sing ana ing manungsa liyan tinimbang apa sing digadhahi Allah Ta’ala.

Nalika kasebut firmanipun Allah,

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهٗ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ

Sing sapa nindakake laku becik, padha uga priya utawa wanita, lan dheweke iku iman, mesthi Ingsun bakal maringi panguripan kang kapenak ana ing donya, sarta Ingsun bakal nyampurnakake ganjarane kalawan kang luwih becik, tinimbang karo barang kang wus tau ditindakake.” (QS. An-Nahl: 97)

Para alim ahli tafsir, sahabat Ali bin Abi Thalib, Ibnu Abbas lan Imam Hasan paring penjelasan bilih maksudipun panggesangan kang sae nggih punika antawisipun Qanaah.

Kanthi menika Ibnu Jauzi paring nasehat, “Sapa kang ndhuweni qanaah bakal sae panguripane lan sapa kang rakus bakal dawa cilakane.

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Qanaah ugi hanggadhahi faedah nggih punika kagolong syukur dhumateng Dzat kang paringi nikmat, Allah Ta’ala. Pramila Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh,

كُنْ وَرِعًا تَكُنْ أَعْبَدَ النَّاسِ، وَكُنْ قَنِعًا تَكُنْ أَشْكَرَ النَّاسِ

Dadio wong kang wara’ (ngati-ati) mula bakal dadi ahli ibadah, dadio wong kang qanaah mula bakal dadi ahli syukur.”(HR. Ibnu Majah No. 4217)

Tiyang qanaah menika maringi faedah pikantuk kemenangan lan kabingahan. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dawuh,

قَدْ أَفْلَحَ مَنْ أَسْلَمَ، وَرُزِقَ كَفَافًا، وَقَنَّعَهُ اللَّهُ بِمَا آتَاهُ

Saktemene begja wong kang pasrah marang Allah (mlebu Islam), banjur diparingi rezeki kang nyukupi lan narimo ing pandum marang panduming Allah Ta’ala.”(HR. Muslim No. 1054)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Hakekat Lan Faedah Qanaah ing mriki:

Mugi Manfaat!

Khutbah Jumat Terbaru:

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *