khutbah jumat bahasa indonesia faedah shiyam syawal dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Faedah Shiyam Syawal

Terakhir diperbarui pada · 1,631 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Faedah Shiyam Syawal

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعالَمِيْنَ حَمْدًا كَثِيْرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيْهِ كُلَّ حَالٍ. وَأشْهَدُ أنْ لا اِلهَ اِلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيْكَ لَهُ وَأشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى النَّبِىِّ الْكَرِيْمِ وَالرَّسُوْلِ الْعَظِيْمِ سيدنا وَّحَبِيْبِنَا مُحَمَّدٍ وَّعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ أَحْيى سُنَّتَهُ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sepisan mangga kita sesarengan tansah ningkataken saha nambahi syukur dumateng Allah subhanahu wata’ala ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan sahingga kita sedaya saget rawuh makempal wonten ing baitullah siang punika.

Shalawat lan salam katunjuk katur dumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para pendherekipun dumugi dinten kiamat. Amin.

Mangga sami tansah budidaya lan ningkataken iman lan takwa dumateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Allah subhanahu wata’ala. Kanthi mekaten, kita insyaallah badhe pikantuk kabegjan wiwit dunya dumugining akherat samangke. Amin.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.(QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Wekdal menika kula panjenengan sami sampun mapan ing wulan Syawal. Wonten wulan menika kita sami disunnahaken shiyam kathahipun 6 dinten kang nami shiyam Syawal. Saget katindakaken langsung wiwite dinten kaping kalih Syawal kanthi urut saben dinten kayadene menika pendapate madzhab Syafi’I lan Hanafi.

Punapa saget diundur dumugi tengah-tengah wulan utawi akhir wulan kayadene pendapat mazhab Hanbali. Ingkang baken dereng medal saking wulan Syawal lan cacahe 6 dinten. Ananging khatib saranaken ampun kedangon anggone ngundur ibadah menika jalaran menungsa menika kathah luput lan supine.

Mangga shiyam Syawal enggal-enggal dipun laksanakaken, supados kita kagolong tiyang ingkang tansah ijabah napa-napa kemawon perintah kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَجِيْبُوْا لِلّٰهِ وَلِلرَّسُوْلِ اِذَا دَعَاكُمْ لِمَا يُحْيِيْكُمْۚ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَحُوْلُ بَيْنَ الْمَرْءِ وَقَلْبِهٖ وَاَنَّهٗٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ

He para wong Mukmin! Manawa sira padha didhawuhi supaya nindakake Agama kang nguripi sira kabeh nuli padha nyandikanana marang Allah lan UtusaNe. Lan padha mangertia sanyata Allah iku ngelet-eleti ana ing antarane manungsa lan atine, lang marang PanjenengaNe sira kabeh bakal dilumpukake!” (QS. Al-Anfāl: 24)

Lajeng babagan amalan utama wonten ing wulan Syawal yaiku shiyam sunnah menika dipun sabdakaken Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam wonten ing hadits Muslim nomor 1164 saking riwayat sahabat Abu Ayyub Al-Anshari,

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ ثُمَّ أَتْبَعَهُ سِتًّا مِنْ شَوَّالٍ كَانَ كَصِيَامِ الدَّهْرِ

Sapa wonge kang pasa Ramadhan sakbanjut dilanjutake pasa enem dina ana ing wulan Syawal bakal diwenehi ganjaran pasa setahun.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Menika wau amalan kang agung ganjarane wonten ing wulan Syawal, lajeng sejatose napa kemawon faedah kita sedaya dipun hasung nindakaken shiyam Syawal, kamangka kita sampun rampungan nglaksanakaken dhawuh agung saking Allah subhanahu wata’ala nggih punika shiyam Ramadhan. Wonten pinten-pinten faedah ingkang saget kita gayuh, inggih punika:

Setunggal: Nambal Kurange Shiyam Wajib Ramadhan

Manungsa menika pancene makhluk kang tebih saking kasempurnan wonten perkawis napa mawon, semanten ugi ing dalem ibadah menika nggih kathah kirange. Shalat kurang khusyuk, sedekah kurang ikhlas, shiyam kurang sabar lan sanese kekurangan ing dalem ibadah.

Ananging Allah Dzat kang Maha Sempurna sampun paring solusi kagem nambali kekirangan menika. Kanthi kita sedaya negakaken ibadah sunnah menika pinangka nutup kiranganipun ibadah wajib.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda wonten hadits riwayat Imam Ahmad hadits nomer 16614,

أَوَّلُ مَا يُحَاسَبُ بِهِ الْعَبْدُ صَلَاتُهُ فَإِنْ كَانَ أَتَمَّهَا كُتِبَتْ لَهُ تَامَّةً وَإِنْ لَمْ يَكُنْ أَتَمَّهَا قَالَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ انْظُرُوا هَلْ تَجِدُونَ لِعَبْدِي مِنْ تَطَوُّعٍ فَتُكَمِّلُوا بِهَا فَرِيضَتَهُ ثُمَّ الزَّكَاةُ كَذَلِكَ ثُمَّ تُؤْخَذُ الْأَعْمَالُ عَلَى حَسَبِ ذَلِكَ

Amalan kang mulane badhe dihisap saking hamba yaiku shalat. Menawa disempurnakake bakal dicatet sumpurna (kalih Malaikat). Ananging menawa kurang sempurna Allah paring dhawuh: Deloken! apa hambaKu kui nduwe amalan shalat sunnah sakbanjur sumpurnakno amal wajibe (kang kurang) sarana amal sunnahe. Amal zakat ya semana uga lan amal liane ya padha diukumi kanthi kaya kui.

Kaleh: Pinangka Syukur

Shiyam Syawal menika kita tindakaken pinangka nyukuri nikmat Allah kang wujude saget nglaksanakaken ibadah Ramadhan sewulan muput. Menika nikmat Allah kang kedah dipun syukuri.

Syukur kang bener menika syukur kang mboten nabrak awisanipun Allah subhanahu wata’ala. Contone syukur kerana nikmat Allah diparing hasil sawah ladang kang sae ananging tiyang kala wau ngginakaken sebagian hasil kangge omben-omben kang haram, judi, zina, lan sak piturute. Sejatose syukur kang utama menika syukur kanthi ibadah dhumateng Allah.

Allah paring pangandikan,

وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ

Lan supaya sira padha nyampurnakake wilangae puwasa mau lan padha ngegungna Allah dene anggone wus paring Pituduh ing sira kabeh lan supaya sira padha syukur.(QS. Al-Baqarah: 185)

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam nglaksanakaken shalat kanthi dangu-dangu ngantos sukunipun bengkak, lan ibadah-ibadah sanes ingkang kathah. Nalika dipun tangleti punapa kedah mekaten Rasulullah? Piyambakipun ngendika,

أَفَلاَ أَكُونُ عَبْدًا شَكُورًا

Apa aku ora diparengke dadi hambane Gusti Allah kang syukur?”(HR. Al-Bukhari No. 2819)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Tiga: Mbiasakaken Taat

Saktemene ganjaran amal saleh niku mboten saklamine arupi hadiah-hadiah duniawi, utawi kang sifate materi. Kalebet balesan taat menika sanggup lan kuat nindakaken ketaatan sakbare kanthi istiqamah menika ugi ganjarane. Lan ing antawise tanda amal hamba menika dipun tampi Allah, tiyang kalawau tansah njaga ketaatan dhumateng ngarsane Allah subhanahu wata’ala.

Imam Hasan Al-Bashri paring nasehat,

إنَّ مِنْ جَزَاءِ الْحسَنَةِ الْحَسَنَةُ بَعْدَهَا، وَمِنْ عُقُوْبَةِ السَّيِّئَةِ السَّيِّئَةُ بَعْدَهَا، فَإِذَا قَبِلَ اللهُ الْعَبْدَ فَإِنَّهُ يُوفِّقُهُ إِلَى الطَّاعَةِ، وَيَصْرِفُهُ عَنِ الْمَعْصِيَّةِ

Saktemene ganjaran saka amal kang bejik yaiku bisa nglakoni kabecikan sakbare, semana uga ganjaran saka dosa yaiku nglakoni dosa sakbanjure. Menawa Allah nampa amalan hamba saktemene Allah bakal paring Taufiq marang hamba menika wau supaya bisa tansah taat lan dipalingake saka maksiat.

Sekawan: Pikantuk Tresane Allah lan Rasul

Tresna Allah lan Rasul menika anugerah kang agung kanggo hamba Allah. Menawa hamba menika sampun dipun tresnani Allah, tiyang menika inggih badhe ditresnani sedaya makhluk wonten ing bumi.

Kayadene hadits Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

إِنَّ اللَّهَ إِذَا أَحَبَّ عَبْدًا دَعَا جِبْرِيلَ فَقَالَ: إِنِّي أُحِبُّ فُلَانًا فَأَحِبَّهُ، قَالَ: فَيُحِبُّهُ جِبْرِيلُ ثُمَّ يُنَادِي فِي السَّمَاءِ فَيَقُولُ: إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ فُلَانًا فَأَحِبُّوهُ فَيُحِبُّهُ أَهْلُ السَّمَاءِ، قَالَ: ثُمَّ يُوضَعُ لَهُ الْقَبُوْلُ فِي الْأَرْضِ

Saktemene menawi Allah tresna dateng hambaNe, Allah nyeru malaikat Jibril, Sakteme Aku (Allah) seneng karo hambaKu fulan, mula padha tresno sira kabeh malaikat! Rasulullah ngendika, Jibril banjur tresna marang hamba mau lan banjur nyeru penduduk langit: Saktemene Allah tresna marang hambane sing neng bumi mula padha tresnoo sira kabeh marang dheweke. Lajeng sedaya penduduk langit tresna marang hamba Allah kalawau.”(HR. Muslim No. 2637)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten materi khutbah Jumat babagan faedah shiyam Syawal ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Faedah Shiyam Syawal ing mriki:

Mugi Manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

2 Tanggapan

Subhanallah….smg ilmunya bermanfaat

Alhamdulillaah…
Subhaanallooh….
Semoga Alloh mencatat ini sebagai amal Sholih.
Sangat bermanfaat…

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *