Materi khutbah Jumat Bahasa Jawa Faedah Shiyam Ramadhan dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Faedah Shiyam Ramadhan

Terakhir diperbarui pada · 2,804 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Faedah Shiyam Ramadhan

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

الْحَمْدُ لِلّهِ الَذِى جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ شَهْرَ الْخَيْرَاتِ وَالْبَرَكَةِ وشَهْرَ الطَّاعَاتِ وشَهْرَ الصّيَامِ وَالْقِيَامِ. وَأشْهَدُ أنْ لا اِلهَ اِلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيْكَ لَهُ الّذِى فَضَّلَ بَعْضَ الشُّهُوْرِ وَالاَيَّامِ عَلَى بَعْضٍ وَجَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ مِنَ الشُّهُوْرِ الْعِظَامِ وَأيَّامَهُ مِنَ الايَّامِ الْكِرَامِ وَأشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِى أرْسَلَهُ اللهُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ.

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Alhamdulilah sakmenika kita saget pepanggihan malih kaliyan wulan minulyo lan wulan barakah nggih punika wulan Ramadhan. Sedaya kerana takdir lan ma’unahipun Allah subhanahu wata’ala dhumateng kita sedaya mila kita tansah nyukuri.

Shalawat lan salam mugi tansah katetepono dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, ingkang sampun paring margi pitedah nun inggih margi Islam ingkang sempurna. Amin.

Mangga, kita sami tansah usaha ningkataken raos takwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala kanthi netepi perintah-perintahipun lan nebihi sedaya awisan-awisanipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Alhamdulillah kita sedaya saget nindakaken ibadah shiyam kemaleh wonten ing tahun menika kanthi kahanan iman lan sehat wal afiat. Kedah sami dipun mangertosi bilih saben-saben tiyang Islam kang dipanggihake kaliyan wulan Ramadhan menika wonten kaleh kemungkinan.

Setunggal, tiyang niku taksih kathah dosane sahingga kanthi ibadah Ramadhan Allah subhanahu wata’ala pingin ngapus lan nyuda dosane.

 Saking sahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu,

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

Sapa wonge kang pasa krana dasar iman lan ngarep ganjaran saka Allah, bakal dipangapura saka dosane kang wis lewat.”  (HR. Al-Bukhari no. 38; HR. Muslim no. 760)

Nomor kalih, tiyang niku sampun sahe ananging Allah pinggin ngundaki kesaenane sahingga dheweke nggadahi iman lan takwa ingkang inggil. ‘

Saking sahabat Abu Hurairah, bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,

كُلُّ عَمَلِ ابْنِ آدَمَ لَهُ إِلَّا الصِّيَامَ، فَإِنَّهُ لِيْ وَأَنَا أَجْزِيْ بِهِ

Saben amalane anak turune nabi Adam bakal bali ganjaran marang dheweke kajaba pada, saktemene kuei duwek-Ku, lan aku sing bakal wenehi balesane.”(HR. Al-Bukhari No. 1805)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Shiyam Ramadhan satunggaling fardhu saking Allah subhanahu wata’ala menika nggadahi hakekat ageng yaiku supados tiyang Muslim kulinten ngempet utawi nahan saka perkawis-perkawis ingkang diawisi Allah subhanahu wata’ala.

Kranten tiyang Muslim sampun kulinten ngempet saking perkawis ingkang asalipun halal ananging wonten ing wulan Ramadhan dipun awisi kayadene dahar lan ngunjuk.

Para ulama njelasaken babagan maknanipun shiyam: nahan utawi ngempet saka mangan lan ngombe, jima’ sarta kabeh perkara kang bisa mbatalake wiwite saka terbit fajar dumugi angslupe srengenge karana niyat ibadah dhateng ngarsane Allah subhanahu wata’ala.

Sedaya ulama paring defenisi inti shiyam nggih punika imsak, nahan lan ngempet. Sahingga menika sejatose hakekat syariat shiyam wonten wulan Ramadhan.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Sanese shiyam Ramadhan nggadahi hakekat, semanten ugi shiyam nggadahi faedah ingkang minulya. Menika pinangka bukti bilih syariatipun Allah menika mesti ngandung faedah kangge panggesangan menungso.

Syekh Abu Bakar Jabir Al-Jazairi wonten kitabipun Minhajul Muslim njelasaken bilih shiyam menika wonten 3 faedah: faedah ruhiyah, faedah ijtima’iyah, lan faedah badaniyah. Penjelasanipun sakmenika para rawuh.

Setunggal: Faedah Ruhiyah

Faedah ruhiyah shiyam wonten pinten-pinten perkawis ananging setunggal mawong ingkang paling penting, nggih punika ndidik sifat sabar. Dados shiyam menika pinangka tarbiyah Allah dhateng kawulane supados saya kuat lan kokoh sabare.

Gesang wonten alam donya menika mbetahaken sangu sabar, kranten kathah ujian sing kedah dilampahi. Sabar menika wonten tiga renane; Sabar nindakke perintah Allah, sabar ninggalake kemaksiyatan lan sabar ngadhepu ujian saking Allah subhanahu wata’ala. Tiyang kang sabar dijamin ganjaran ingkang ageng sanget saking ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala,

قُلْ يٰعِبَادِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوْا رَبَّكُمْ ۗلِلَّذِيْنَ اَحْسَنُوْا فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةٌ ۗوَاَرْضُ اللّٰهِ وَاسِعَةٌ ۗاِنَّمَا يُوَفَّى الصّٰبِرُوْنَ اَجْرَهُمْ بِغَيْرِ حِسَابٍ

Muhammad sira dhawuha! He para kawulaningsun kang padha iman, sira padha wedia marang Allah Pangeranira, wong kang padha becik tindake ana ing donya ini bakal padha oleh ganjaran becik. Bumine Allah iku jembar, wus samesthine wong-wong kang padha sabar iku tetep bakal kaparingan ganjarane kang tanpa wilangan cacahe!” (QS. Az-Zumar: 10)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Faedah Ijtima’iyah

Faedah Ijtima’iyah utawi sosial saking shiyam Ramadhan nggih punika mbangun prinsip persamaan antawise sesami tiyang Islam. Sae tiyang sugih utawi mlarat lan sae rakyat biasa utawi pejabat.

Sedayane ngraosaken ngeleh jalaran nindakake ibadah shiyam punika. Sahingga menawi sampun nggadahi raos kang sami samangkeh sager nggadahi empati lan simpati.

Tiyang sugih kudu gelem nggatekake tiyang mlarat, faqir lan miskin. Kedah nyisihake sebagian saka bandhane kangge mbyantu tiyang faqir menika. Pejabat nggih mboten wantun sakpenake dhewe ngedalke kebijakan kang ngrekasakke rakyat kranten sampun sami-sami ngraosake ngeleh jalaran shiyam.

Pramila bakal kacipta panggesangan ingkang rukun lan makmur wonten masyarakat lan negari. Langkung-langkung wonten ing akhire pasa kita wonten kewajiban zakat fitri.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring nasehat dhateng sahabat Mu’adz radhiyallahu ‘anhu nalika ngutus wonten Yaman,

فَأَعْلِمْهُمْ أَنَّ اللَّهَ ‌افْتَرَضَ ‌عَلَيْهِمْ ‌صَدَقَةً فِي أَمْوَالِهِمْ، تُؤْخَذُ مِنْ أَغْنِيَائِهِمْ وَتُرَدُّ عَلَى فُقَرَائِهِمْ

“Ajarana wong-wong kui kabeh bilih Allah wus majibake mbayar zakat saka bandhane wong-wong sugihe sak banjur bakal dibalekake marang wong-wong mlarate.” (HR. Al-Bukhari no. 1331)

Faedah Badaniyah

Terakhir faedah badaniyahshiyam Ramadhan nggih punika ndamel badan sehat. Kranten sumber penyakit menika ana ing lambung kamangka shiyam menika saget netralaken kahanan lambung.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah,

Mekaten materi khutbah Jumat ingkang saget kawula sampekaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
Faedah Shiyam Ramadhan ing mriki:

Mugi Manfaat!

Materi Khutbah Jumat lainnya:

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *