khutbah jumat bahasa jawa 5 anugrah ramadhan dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: 5 Anugrah Ramadhan

Terakhir diperbarui pada · 5,578 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
5 Anugrah Ramadhan

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir seratan

الْحَمْدُ لِلّهِ الَذِى جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ شَهْرَ الْخَيْرَاتِ وَالْبَرَكَةِ وشَهْرَ الطَّاعَاتِ وشَهْرَ الصّيَامِ وَالْقِيَامِ. وَأشْهَدُ أنْ لا اِلهَ اِلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيْكَ لَهُ الّذِى فَضَّلَ بَعْضَ الشُّهُوْرِ وَالاَيَّامِ عَلَى بَعْضٍ وَجَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ مِنَ الشُّهُوْرِ الْعِظَامِ وَأيَّامَهُ مِنَ الايَّامِ الْكِرَامِ وَأشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِى أرْسَلَهُ اللهُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ.

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

Sepindah mangga kita sesarengan raosaken puji syukur dumateng Allah subhanahu wata’ala ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan sahingga kita sedaya saget rawuh makempal wonten ing baitullah siang punika.

Shalawat lan salam katunjuk katur dumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin

Mangga, kita tansah netepi takwa lan ngabekti dumateng Allah subhanahu wata’ala kanti tenanan lan nebihi awisanipun, minonggo dados sarana kita ngerungkepi Iman lan Islam saklebete gesang wonten ing dunya menika.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah,

Dumugi dinten menika kita sampun ngelampahi shiyam 25 dinten langkung, artosipun kita saya cedak kaliyan pungkasane ibadah shiyam ramadhan.

Mangga kita sami tansah ningkatake ibadah supados saget manggihi kamulyan lan anugerah agung saking ngarsane Allah subhanahu wata’ala.

Sak mbotene enten 5 anugrah kaggone tiyang kang tenanan nindakke shiyam sahingga shiyamipun menika ditampi dening Allah subhanahu wata’ala. Mangga para jamaah kita papak sareng-sareng.

Anugrah Kaping Sepindah: Sifat Takwa

Anugrah Ramadhan ingkang kaping sepindah inggih punika sifat takwa. Salah satunggaling cara kangge ngindhaaken takwa inggih menika nglampahi shiyam ramadhan. Jumbuh kaliyan dhawuhipun Allah subhanahu wata’ala wonten surat al-Baqarah ayat 183.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ

He wong-wong kang padha Iman, diwajibake tumrap sira pasa (ramadhan) kayadene kang wus diwajibake marang wong-wong sadurungira, supaya sira kalebu dadi wong kang Takwa.

Ayat menika cetho lan jelas nerangaken bilih sinten kang nglaksanakaken shiyam kanthi sae kayadena kang wus dipun tuladhani Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam inggih punika mboten naming nilar dahar lan ngunjuk, ananging sedaya perkawis kang saget mbatalaken hukum wajibe shiyam lan ganjarane.

Utawi kawestanan shiyam jiwa lan raga, shiyam lahiriyah lan bathiniyah, yekti tiyang menika dados tiyang kang takwa dumateng Allah subhanahu wata’ala tiyang menawi sampun takwa mboten wonten balesan kejawi dilebetake jannah Allah subhanahu wata’ala.

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah,

Anugrah Kaping Kalih: Pangapura Dosa

Anugrah Ramadhan ingkang kaping kalih inggih punika pangapura dosa. Salah setunggale kekhususan ibadah shiyam nggih punika Allah badhe paring pangapura dhumateng tiyang ingkang nindakake ibadah menika kanthi ikhlas lillahi ta’ala. Allah njanjekaken badhe ngumbah sedaya dosa kula lan panjenengan kanthi maghfirahipun.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh,

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

Sing sapa nindakake shiyam ing sasi Ramadhan amarga iman lan ngarep-arep ganjaran, mula deweke bakal diparingi pangapura dosa-dosane kang wis klakon.” (HR. Al-Bukhari No. 38; HR. Muslim No. 760)

Wonten dawuh sanes, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh,

مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا، غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

Sing sapa nindakake qiyamu lail ing sasi Ramadhan amarga iman lan ngarep-arep ganjaran, mula deweke bakal diparingi pangapura dosa-dosane kang wis klakon.” (HR. Al-Bukhari No. 2009; HR. Muslim No. 759)

Pangapurane Allah subhanahu wata’ala menika anugrah kang tansah diluru tiyang ingkang beriman, jalaran tiyang iman kalawau saget resik saka dosa-dosa sahingga gampil anggene mlebet jannah Allah subhanahu wata’ala.

Anugrah Kaping Tiga: Ganjaran Gedhe

Anugrah Raamadhan ingkang kaping tiga inggih punika ganjaran gedhe. Perlu dingertosi bilih ibadah pasa menika gadahi keistimewaan ingkang agung lan mboten enten dateng ibadah-ibadah lintunipun. Kados ingkang dipun dawuhaken kalian Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam,

كُلُّ عَمَلِ ابْنِ اٰدَمَ يُضَاعَفُ، الْحَسَنَةُ عَشْرُ أَمْثَالِهَا إِلَى سَبْعمِائَة ضِعْفٍ، قَالَ اللهُ عَزَّ وَجَلَّ: إِلَّا الصَّوْمَ، فَإِنَّهُ لِي وَأَنَا أَجْزِي بِهِ، يَدَعُ شَهْوَتَهُ وَطَعَامَهُ مِنْ أَجْلِي

saben amal becik anak adam bakal ditikelaken ganjarane. Siji kebecikan dibales sepuluh tikel ngantos pitungatus (700) tikel. Allah Ta’ala dawuh wonten ing hadits qudsi: Kejaba pasa, mergo sak temene pasa iku kanggo-Ku lan Aku langsung sing bakal bales, wong sing pasa ninggalna syahwat lan dhahar kerana Aku.” (HR. Muslim No. 1151)

Punapa sebab ibadah shiyam menika ganjarane gedhe tun dipun tikel, sebab Imam Nawawi njelasaken wonten kitabipun Syarh Shahih Muslim, “Keranten ibadah pasa menika tebih saking penyakit riya’ (pamer) utawi ngarep pujian menungsa.”

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah,

Anugrah Kaping Sekawan: Dislametake saka geni Neraka

Anugrah Ramadhan ingkang kaping sekawan inggih punika dislametake saka geni neraka.

Menawi wonten tiyang ingkang dipun bebasaken saking tanggungan utang dateng tiyang sanes, tentunipun ndadosno piyambake kalawau bungah sanget. Tentunipun kita sedaya ingkang dipun bebasaken saking ancaman geni nerakane Allah subhanahu wata’ala saya tambah remen lan bungah.

Maknane tiyang menika dibebaske saka neraka nggih menika ditebihake saking kasengsaran, bebendu, lan kahanan kang mboten ngremenake.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring pangandikan,

إِنَّ لِلّهِ فِى كُلِّ يَوْمٍ عِتْقَاءَ مِنَ النَّارِ فِى شَهْرِ رَمَضَانَ، وَإِنَّ لِكُلِّ مُسْلِمٍ دَعْوَةً يَدْعُوْ بِهَا فَيَسْتَجِيْبُ لَهُ

Saktemene Allah hanggadahi saben dina anaing ramadhan tiyang kang dibebasake saka geni neraka, lan kanggone wong islam setunggal donga kang mustajab.” (HR. Al-Bazzar, Majma’ az-Zawa-id, 10/149)

Anugrah Kaping Gangsal: Lailatul Qadar

Anigrah Ramadhan ingkang kaping gangsal inggih punika Lailatul Qadar. Wengi kang diwastani Lailatul Qadar sanes wengi damel perayaan, seneng-seneng utawi pepestan nasib, ananging wengi ingkang kebak kemulyan.

Antawisipun mandape para Malaikat utamine malaikat Jibril kelawan izin saking Ngarsane Allah subhanahu wata’ala lan wonten wengi niku paring tambah keslametan ngantos metune fajar.

اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ لَيْلَةُ الْقَدْرِ ەۙ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ تَنَزَّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْۚ مِنْ كُلِّ اَمْرٍۛ سَلٰمٌ ۛهِيَ حَتّٰى مَطْلَعِ الْفَجْرِ

Saktemene Ingsun wus nurunake Al-Quran ing jerone lailatul Qodar. Opotoh sira kabeh ngerti apa iku lailatul qodar?. Yaiku wengi kamulyan ingkang luwih becik tinimbang sewu wulan. Wonten dalu niku para malaikat lan malaikat Jibril sami mandap kelawan izine Gusti Allah kagen nata sedaya urusan. Tambahe keslametan ngantos metune fajar.(QS. Al-Qadr: 1-5)

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah,

Mekaten materi khutbah Jumat ing akhir wulan Ramadhan babagan anugrah Ramadhan ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
5 Anugrah Ramadhan ing mriki:

Mugi Manfaat!

Kumpulan Materi Khutbah Idul Fitri ada di link ini:

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *