Khutbah Jumat Bahasa Jawa 4 Cara Nggayuh Kebahagiaan dakwah.id

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 4 Cara Nggayuh Kebahagiaan

Terakhir diperbarui pada · 2,843 views

Khutbah Jumat Bahasa Jawa
4 Cara Nggayuh Kebahagiaan

Pemateri: Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

*) Tautan unduh PDF wonten ing akhir postingan

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّورَ ثُمَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

 

Sumangga kula ajak sesarengan sami ningkataken lan nambahi syukur kita dhumateng sadaya peparingipun Allah subhanahu wataala, Allah ingkang Maha Welas lan Maha Asih.

Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah subhanahu wata’ala. dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu alaihi wasallam, para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang mituhu ndherek dhawuhipun. Amin.

Sumangga kita tansah numbuh suburaken iman saha takwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala wonten ing margi tansah njumenengaken sadaya dhawuhipun lan nebihi sedaya pepacuhipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

 

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Sedaya tiyang ingkang gesang wonten alam donya menika sami ngersakaken kebahagiaan. Amargi, kebahagiaan menika dados tujuan paling ageng kagem tiyang wontenipun nglampahi gesang.

Kathah tiyang sami berlomba-lomba nggayuh kebahagiaan wonten werni-werni upakara; enten lumantar bandha kang kathah, pangkat kang dhuwur, keturunan kang sukses, sandang pangan papan kang linuwih lan sak panunggalanipun.

Wonten ing agami Islam, kebahagiaan menika istilahipun saadah, dimensinipun wonten ing kalih panggenan inggih menika donya lan akhirat. Sinten mawon ingkang saget nggayuh kesuksesan perkawis donya kemawon mboten saget kawestanan tiyang ingkang bahagia. Islam ngaitaken kebahagiaan gesang wonten ing agami Islam kaliyan keimanan.

Kados dene pangandikanipun Allah subhanahu wata’ala,

ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّٰلِحَٰتِ طُوبَىٰ لَهُمۡ وَحُسۡنُ مَـَٔابٖ

Dene wong-wong kang Iman, lan nindakake amal saleh yekti dheweke padha oleh kabegjan, lan panggonan bali kang becik.” (QS. Ar-Ra’du: 29)

Wonten ing panggenan sanes, Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

قُلۡ أَؤُنَبِّئُكُم بِخَيۡرٖ مِّن ذَٰلِكُمۡۖ لِلَّذِينَ ٱتَّقَوۡاْ عِندَ رَبِّهِمۡ جَنَّٰتٞ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ خَٰلِدِينَ فِيهَا وَأَزۡوَٰجٞ مُّطَهَّرَةٞ وَرِضۡوَٰنٞ مِّنَ ٱللَّهِۗ وَٱللَّهُ بَصِيرُۢ بِٱلۡعِبَادِ

Dhawuha sira Muhammad; Apa sira padha gelem ndak wenehi weruh barang kang luwih becik tinimbang kang mangkono mau? Yaiku tumrap wong kang padha wedi ing Allah iku besuk ana ing ngarsaning Allah Pangerane, bakal padha anduweni Suwarga kang endah, kali-kaline mili ana ing sangisore. Ana ing kono padh langgeng lan padha anduweni jodho kang suci serta oleh karidhaning Allah, lan Allah iku Maha Mirsani marang para kawulaNe.” (QS. Ali Imran: 15)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Kaping Setunggal: Ndherek Pitedhah Allah subhanahu wata’ala

Hidayah menika maknanipun bimbingan utawi arahan saking ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala tumrap kawulanipun. Saget kemawon menika arupi manah ingkang sarujuk hanampi al-Haq, kerso ngamalaken dhawuhipun Allah subhanahu wata’ala, mekatin ugi purun berjuang kangge kamulyanipun agami Allah nggih menika Islam.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Jaganen Shalatmu

Nalikaning tiyang kerso mekaten niku, temen badhe dipun paringi kebahagiaan gesang donya dumugining akhirat.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,

فَمَنِ ٱتَّبَعَ هُدَايَ فَلَا يَضِلُّ وَلَا يَشۡقَىٰ

Sing sapa ndherek pituduh ingsun mangka dheweke ora kasasar lan ora nandhang papa cintraka.” (QS. Thaha: 123)

Imam Ibnu Katsir njelasaken ayat menika, bilih tiyang ingkang ndherek pitedhahipun Allah mboten badhe kasasar wonten pagesangan alam donya lan mboten bakal sengsara wonten ing akhirat. Kanthi menika jelas tiyang badhe manggihi kebahagiaan gesang.

Wonten ing panggenan sanes, Allah paring pangandikan bilih tiyang ingkang ndherek pitedahipun Allah, mboten bakal kuwatir lan susah.

Allah paring dhawuh,

فَمَن تَبِعَ هُدَايَ فَلَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ

Mangka sapa wonge kang manut marang pitudhuhing sun, wong mau ora bakal kuwatir sarta ora bakal susah.” (QS. Al-Baqarah: 38)

Kaping Kalih: Kanthi Iman lan Amal Saleh

Al-Quran paring pitedhah bilih standar ingkang adamel tiyang menika diarani sae inggih menika kerana iman lan amal shalihipun. Menawi wonten tiyang ingkang ngakunipun Islam ananging ndamel standar kasaenan saking sanesipun perkawis wonten ing inggil menika mesti cetha salah lan luputipun.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngreksa Kalimat Tauhid Ing Warsa Inggal 1443 H

Kados dene ingkang paring standar kesahenan saking bandha donya, jabatan, popularitas lan sak panunggalanipun.

Menawi manusia sampun hanggadahi iman saklajengipun dipun wujudaken kanthi amak shalih, mangka insun Allah subhanahu wata’ala badhe paring piwales kang ageng lan minulya sae wonten donya punapa wonten akhirat.

Dhawuhipun Allah wonteng ing al-Quran,

مَنۡ عَمِلَ صَٰلِحٗا مِّن ذَكَرٍ أَوۡ أُنثَىٰ وَهُوَ مُؤۡمِنٞ فَلَنُحۡيِيَنَّهُۥ حَيَوٰةٗ طَيِّبَةٗۖ وَلَنَجۡزِيَنَّهُمۡ أَجۡرَهُم بِأَحۡسَنِ مَا كَانُواْ يَعۡمَلُونَ

Sing sapa nindakake laku becik, padha uga priya utawa wanita, lan dheweke iku iman, mesthi ingsun bakal maringi panguripan kang kapenak ana ing donya, sarta ingsun bakal nyampurnakake ganjarane kalawan kang luwih becik, tinimbang karo barang kang wus tau ditindakake.” (QS. An-Nahl: 97)

Imam Al-Qurthubi nejelasaken ayat menika, bilih balasan arupi panguripan kang kepenak menika wonten ing alam donya kados rezeki kang halal, sifat qana’ah lan taufik saking ngarsanipun Allah dhumateng amal ketaatan. Lan ganjaran kang luwih becik menika wonten ing alam akhirat nggih menika dilebetaken jannahipun Allah subhanahu wata’ala.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Kaping Tiga: Kanthi Nyuceni Jiwa

Menyucikan jiwa kawestanan wonten ing syariat Islam kanthi Tazkiyatun Nafs. Pancen jiwa manungsa menika hanggadahi kalih sisi; Sae lan Awon. Supados jiwa menika saget ajeg wonten ing kahanan sahe mila saestu dipun betahaken satunggaling amalan inggih menika tazkiyatun nafs.

Pramila mersani pentingipun amalan menika, saben pribadi muslim kedah kersa memperbaiki diri lan kedah mujahadah mujukaken jiwa kang sahe sehingga samangkeh saget pikantuk kabegjan wonten ing donya lan akhirat.

Allah paring pangandikan,

وَنَفۡسٖ وَمَا سَوَّىٰهَا ٧ فَأَلۡهَمَهَا فُجُورَهَا وَتَقۡوَىٰهَا ٨ قَدۡ أَفۡلَحَ مَن زَكَّىٰهَا ٩ وَقَدۡ خَابَ مَن دَسَّىٰهَا

Allah banjur paring wisik marang jiwa mau, marang dalan kang fasik (duraka) lan dalang kang taqwa (ngesti ing agama). Yekti begja temen wong kang ngresiki jiwane. Lan temen kapitunan wong kang ngregedi jiwane.” (QS. Asy-Syams: 8-10)

Kaping Sekawan: Negakake Kewajiban lan Ninggalake Kang Haram

Allah subhanahu wata’ala wonten ing al-Quran nate mbikak pangandikanipun kanthi pujian dateng tiyang ingkang beriman. Tiyang kala wau dipun puji badhe manggihi kebahagiaan hakiki wonten sisinipun Allah subhanahu wata’ala. tiyang menika ugi kawestanan ingkang menang, sukses dan bahagia.

قَدۡ أَفۡلَحَ ٱلۡمُؤۡمِنُونَ

Sanyata para wong mukmin bakal begja.”

Inggih menika tiyang ingkang njumenengaken enam perkawis kados dene ingkang dijelasaken wonten ing al-Quran,

Materi Khutbah Jumat: Karakter Hamba Allah yang Terbaik

Yaiku wong mukmin kang padha khusyu’ (konjem) ing dalem shalate. Lan kang padha nindakake (mbayar) zakat. Lan kang padha rumeksa marang farji-farjine (aurat). Saliyane marang bojo-bojone utawa wadon kang dadi melike (jariyahe). Temen dheweke ora padha cinacat. Dene wong kang ngupaya (nindakake) saliyane bojo lan jariyahe, sanyata dheweke mau wong kang padha nerak ing angger (duraka). Lan kang padha anjaga marang kang dipercayakake (barang titipan) lan sasang gemane. Lan wong-wong kang padha rumeksa marang shalat-shalate.” (QS. Al-Mu’minun: 1-11)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Mekaten khutbah engkang saget kawulo sampekaken, mugio saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

KHUTBAH KEDUA

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 

 

Download PDF Materi Khutbah Jumat dakwah.id
4 Cara Nggayuh Kebahagiaan ing mriki:

DOWNLOAD PDF

Mugi manfaat!

Topik Terkait

Abdul Halim Tri Hantoro, S.Pd.I

Mahasiswa pascasarjana Manajemen Pendidikan Islam di IAIN Surakarta. Konsentrasi di bidang Tafsir, Hadits dan Tazkiyah. Penikmat kitab Taisirul Karimirrahman fi Tafsiri Kalamil Mannan karya Syaikh Abdurrahman bin Nashir as-Sa'di, Kitab hadits Shahih Fadhailul A'mal karya Syaikh Ali Bin Nayif Asy-Syahud, kitab Madarijus Salikin Manazil Iyyaka Na'budu wa Iyyaka Nasta'in karya Ibnu Qayyim al-Jauziyah. Aktif mengajar di beberapa kajian tafsir, hadits, dan kajian umum.

0 Tanggapan

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *